Sabtu, 03 Januari 2015

Sinopsis Novel "Wedhus Gembel Gunung Merapi"






Sinopsis Novel "Wedhus Gembel Gunung Merapi"
Dening : Fifi Lia Rumita

Novel  "Wedhus Gembel Gunung Merapi" menika anggitanipun Ibu Suci Hadi Suwita. Panerbitipun inggih menika saking Elmatera Yogyakarta. Tahun terbit ingkang sepisan inggih menika wulan Oktober 2011, lajeng ingkang kaping kalih menika Januari 2014. Ing ngandhap menika sinopsisipun uatwi cariyosipun Novel "Wedhus Gembel Gunung Merapi"



Novel iki nyeritakake bab katresnan kang ora lumrah. Katresnan kang ora bisa dumadi amarga katresnan iku mau katresnan kang tunggal sagetih. Katresnan kang awujud ing antarane adhi lan kakang sing tunggal sak Bapak nanging beda Mbok.
Tokoh utamane yaiku Darmini kang duwe kekurangan yaiku sikile pincang sisih, sanadyan cacat nanging atine Darmini ora cacat. Darmini duweni sipat kang becik atine, ramah lan semanak. Semana uga Darmini duweni praupan kang ayu. Nalika ana ing swijining dina, sarampunge Darmini bali kerja dheweke arep di tabrak Honda. Jebul wong lanang sing bonceng Honda iku mau banjur duweni rasa tresna marang Darmini. Wong lanang iku mau jenenge Salim Martana, nanging biasane diundang Salim. Sawise kadadean iku mau, akhire Salim duweni niyat kanggo nyedaki Darmini. Salim karo Darmini duweni niat kanggo njaluk restu saka wong tuwa loro-lorone supaya bisa kanggo sangu urip bebrayan mengkone. Ora let suwe Salim lan Darmini banjur jejodhoan salaki-rabi. Sawise rabi, wong loro iku mau omah-omah ana ing Desa Dongkelan kang ora daoh saka omahe wong tuwane Salim ing Desa Bangi. Nanging, yen wong bangun bale wisma mesti ana wae persoalan utawa masalah kang werna-werna kang kudu didhepi.
Ana ing sawijining dina sarampunge Darmini blanja, ing ngarep lawang omahe Darmini katon ana wanita ngadeg. Wanita kang watara  umure 30 taun iku manganggo clana abang tuwa, dene bluse jambon komprang. Praupane ayu, nanging ayu polesan make-up. Darmini kaget, awake gemeteran kabeh amarga ora biasane ana tamu wanita kaya mangono iku mau. Wanita kang dadi tamu iku mau jenenge Warti. Warti  banjur takon yen dheweke kepengin katemu karo mas salim. Darmini nakoni arep ana perlu apa kok sajake goleki bojone. Warti banjur nyauri pitakonane Darmini yen dheweke butuh njaluk duwite sing jaman kae tau digunakake Salim. Sawise pesen mangkono wanita iku mau banjur lunga. Atine Darmini banjur trencem-trencem, akeh pitakonan sing nggrumbel ana ing sajroning atine Darmini. Darmini ora sabar ngenteni bojone bali kerja. Sawise Salim bali saka kerja iku mau, dheweke ditakoni bojone ana apa sing sakbenere. Salim banjur cerita ngenane masa lalune sing kelam. Nanging saiki dheweke iws ora kaya mbiyen maneh. Sadurunge salim nduweni hubungan karo Darmini dheweke tau mlebu ana ing donya pelanyahan. Nanging iku mbiyen, cerita kelam sing wis dilalikake Salim.
Sawise pacoban iku mau, akeh banget pacoban liyane kang teka ana ing uripe Darmini lan Salim. Nanging kabeh bisa diadhepi bebarengan.
Nalika Salim kerja dheweke nerima tamu, tamu kuwi wis ora asing maneh kanggone Salim. Ya tamu kuwi jenenge Pak Duryat. Pak Duryat yaiku wong lanang kang duweni sipat ora becik, dheweke seneng gonta-ganti wanita. Bojone ana ing ngendi-endi. Nalika wektu iku uga, Pak Duryat ketemu karo Mbok Nah tukang masak ana ing Losmen. Mbok Nah weruh yen Pak Duryat iku Hartono tilas pacare nalika isih enom. Wong lanang sing wis ngetengi Mbok Nah lan ninggalake Mbok Nah karo anake tanpa duweni rasa tanggung jawab. Ana ing kono uga, malah marai gawe swasana tambah panas. Saking lara atine Mbok Nah amarga olehe bar cekcok tanpa sadar Mbok Nah banjur nguncalake peso ing arahe Pak Duryat. Nanging peso iku mau malah ngenani tangane Salim, getihe banjur metu mancur sawise kena tangane Salim, peso iku mau nuncep ana ing awake Pak Duryat. Wong loro iku mau akhire di gawa ning Rumah Sakit Bethesda. Nalika ana ing Rumah Sakit, kabeh kadurjanan kabongkar. Jebul, Darmini iku anake Pak Duryat semono uga Salim anake Pak Duryat. Nanging sing ngerteni yen Salim iku anake Pak Duryat mung Salim karo simboke. Amarga dheweke keweden yen Darmini ngerti kahanan sing sakbenere. Salim ngrasa duweni luput akeh amarga wis tresna marang adhi kandunge dhewe sing padha Pak nanging beda Mbok. Anak sing di kandhut Darmini iku sinebut “Kala Srenggi”.
Nganti wis pirang-pirang wulan, Salim ora bisa tenang amarga awake isih kapikiran lakon urip sing saiki ngenani awake dhewe. Ana ing sawijining dina, nalika Pak Duryat karo Salim menyang desa Turgo saperlu nekani acara mantenan. Nanging ora let suwe ana wedhus gembel Gunung Merapi sing mlorot medhun nasak desa. Durung nganti olehe nylametke awake Salim lan Pak Duryat banjur katerak wedhu gembel. Loro-lorone padha gosong, Salim ngomong sajujure yen awake iku anake Pak Duryat. Pak Duryat kaget amarga anake dhewe si Salim nikahi adhine dhewe yaiku Darmini. Ngene iki walesan saka sing gawe urip. Ora suwe loro-lorone mlonyoh banjur tanpa kecap maneh. Ngono kuwi lakune urip wong kang ora tanggung jawab karo apa sing wis dilakoni, kabeh padha kena akibate.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar