Sabtu, 03 Januari 2015

Sejarahipun Tradisi Bulusan ing Dukuh Sumber Dhusun Hadipolo Kecamatan Jekulo Kabupaten Kudus



Sejarahipun Tradisi Bulusan ing Dukuh Sumber Dhusun Hadipolo Kecamatan Jekulo Kabupaten Kudus

Tradisi Bulusan menika sampun wonten nalikanipun abad 18 M utawi jamnipun para Wali Sanga. Bulusan meniksa saking tembung “Bulus” kang tegesipun inggih menika kewan bulus utawi kura. Mekaten sejarahipun tradisi Bulusan.
Rikala semanten wonten tiyang sepuh asmanipun mbah Dado. Mbah Dado menika kagungan murid asmanipun Umara kaliyan Umari. Nalika mbah Dado nyebaraken agama islam, piyambakipun kagungan Pesantren wonten ing kaki gunung Muria. Nalika wulan Ramadhan mliginipun malem Nuzulul Qur’an sunan Muria badhe silaturahmi maos Qur’an sareng-sareng kaliyan kerabatipun inggih menika mbah Dado. Nalika wonten margi, sunan midhanget wonten swanten krepyek-krepyek kaliyan sumerep tiyang daut wonten ing saben lajeng ngendhika “hla, malem Nuzulul Qur’an ora padha ngaji malah padha blusukan ndhekem ning banyunan wis kaya bulus wae.”  Banjur tiyang ingkang wonten ing saben menika  malih dados bulus.
Mangertosmenawi kados menika Umara kaliyan Umari ningali bulus menika, lajeng mbah Dado mangertos menawi bulus menika tiyang ingkang daut dalu-dalu wonten ing saben. Lajeng Mbah Dado ngaturaken luput dumateng sunan Muria kangge tiyang menika supados tiyang menika dipun balikaken dados manungsa malih. Ananging kados ibarat, ‘sega wis dadi bubur’ dados pangandhikanipun boten saged dipun cabut malih.
Amergi saking menika, sunan Muria nyublesaken tongkatipun wonten ing sawah menika. saking cublesan mena medhal sumber toyanipun banjur daerah menika kasebat dukuh Sumber. Lajeng tongkatipun dipun-sebat wit ‘Tamba Ati’. Nalika sunan Muria badhe ninggalaken panggenan menika lajeng ngendhika, “ mbesuk anak lan putu-putumu bakal kurmati awakmu ing saben seminggu sarampunge dina riyaya Idul Fitri’. Menika dipun laksanakaken saben seminggu sawise riyaya Idhul Fitri wulan syawal asring dipun-sebat Bada Kupat (lebaran kupat).
Dados saben Bada Adha kathah tiyang ingkang ningali uga ningali bulus ingkang wonten ing mriku,   warga masyakat menika kanthi nyebat Tradisi Bulusan.

Dening : Fifi Lia Rumita


Tidak ada komentar:

Posting Komentar