JAKA
TINGKIR
Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra
saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber
ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng
Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora
sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng
Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru.
Mas Karebet nyinau ilmu agama. Dheweke
meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening
Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke karo putu-putune yaiku Ki
Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka Tingkir lunga menyang
Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing omahe Kyai
Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi
mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama.
Ing sawijining dina, Kesultanan Demak
nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang diutus mbiji. Ana salah
sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane
Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur nguji
kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku,
Tingkir banjur ditundung saka Demak
Jaka Tingkir banjur meguru marang
Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa ndadekake dheweke bisa
katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang
Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila,
lan Ki Wuragil.
Rombongane Jaka Tingkir ngliwati kali
Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing tengahing kali, rombongane
Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu kasekten, baya-baya padha
kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir nganti tekan
sebrange kali.
Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir
ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang
lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi polahe.
Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit
supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora angel anggone Jaka
Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir
dadi Lurah Tamtama maneh.
Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake
dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo
Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan Trenggana seda ing
taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu, ananging tiwas
ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur saka Jipang. Aryo
Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana kang
dadi bupati Jepara).
Arya Penangsang ngirim utusan kangggo
mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan Pajang utusane Arya Penangsang
malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu Kalinyamat njaluk
Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih ana gandheng
sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara terang-terangan.
Mula dheweke nganakake sayembara. Sapa
kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng
Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan kang bisa niwasake Arya
Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut,
Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang Hadiwijaya. Pusate dipindah ing
Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat
Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki
Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi.
Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati
kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga
Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti taun 1556, tanah
Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk
marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi.
Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was
sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang
bakale ngasorake Pajang.
Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya
netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib sumpah prasetya mring Pajang. Ki
Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib ngadep mring Pajang.
Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya,
kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing tangane Sutawijaya saya makmur.
Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan uga ora gelem bayar pajek mring
Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman
kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane
kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi
saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan
supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya
dianggep luput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau
dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng
Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen.
Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung
sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika
yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah
prajurit pratama.
Ing sawijine dina, Sultan Demak perlu
nambah 400 prajurit tamtama. Calo-calon lurah mau kudu wong sing kuwat, lan
sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango ndaftar prajurit tamtama.
Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke jejaka saka desa sacedhake
Kraton Demak. Praupane medeni, kumisi dawa, kurang tata krama, lan suba sita.
Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong kang kebal marang kabeh jenise
gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.
Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang
kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng. Terus Jaka Tingkir nantang
Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji nganggo sada kang ditujes karo
godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu kalah lan dadi patine.
Sultan Demak kang mireng kabar mau
nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni. Jaka Tingkir kang rumamgsa
salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran. Jaka Tingkir tekan ing
Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu kang diduweni karo Ki
Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir, dheweke didhawuhi supaya
bali ngabdi marang Demak.
Ing alun-alun Kraton Demak ana
kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi ngamuk ora ana prajurit apa
dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan kang mirsani yen Jaka
Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite supaya mrentah marang
Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni ilmu kang
akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke
gampang wae anggone ngalahake kebo mau.
Sultan Demak kang mirsani sekabehane,
langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana ing Kraton Demak, karo Sultan
Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka Tingkir dingapura, lan dheweke
diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo tandha pasrah marang Sultan Demak,
Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi lurah kang apik, tanggung
jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar