MGMP Basa Jawa SMP Jepara, Sosialisasi Kurikulum
2013
Kanggo
ngadepi anane rencana kurikulum anyar 2013, MGMP Basa Jawa SMP Kabupaten Jepara
duweni ancas saha tujuan arep menehi sangu marang dwija Jawa kanthi nganakake
kegiyatan sosialisasi implementasi kurikulum basa Jawa 2013. MGMP basa Jawa SMP
Kabupaten Jepara nganakake seminar kanthi tema “Sosialisasi Kurikulum Basa Jawa
2013” kang mapan ana ing aula SMPN 1
Jepara.
Saben
taun minimal sepisan pancen nganakake acara sing ana kaitane karo basa Jawa,
taun wingi nganakake pelatihan tembang macapat, gamelan lan penulisan karya
ilmiah. Taun iki nganakake seminar kang mbahas mligine kurikulum 2013. Akeh
guru basa Jawa sing padha rawuh. Kuwi mbuktikake yen acara kasebut disengkuyung
dening para Kepala Sekolah SMP/MTs sekabupaten Jepara.
Ing
kabuptaen-kabupaten liya ing wewengkon Jawa Tengah khususipun ing Kabuptaen
Blora saben dina kemis kabeh instansi kudu nggunakake basa Jawa. Saperangan
wong Jawa pancen migunakake basa Jawa, nanging basa Jawa sing endi sing bakal
ditrepake ing jaman saprene. Kamangka akeh wong sing padha sambat Manawa para
mudha ora padha bisa nganggo basa karma. Mula kanthi iku para pemikir lan
sarjana basa Jawa njaluk marang pemerintah Manawa basa Jawa tetep diwulangake
ana ing donyaning pawiyatan. Basa Jawa kudu madeg dhewe, ora dadi mata
pelajaran sing digabung-gabung karo pelajaran liya.
Ringkesan
saking panjebar semangat No. 46 - 16 Nopember 2013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar