Sabtu, 03 Januari 2015

Cerkak "Katresnan ingkang Mboten Kawetu Ana Ing Lathi"




Katresnan ingkang Mboten Kawetu Ana Ing Lathi

Aku tresna marang sawijining wong. Aku tresna marang wong kang mung bisa tak ranggeh winates wonten ing bahu kemawon, wong kang mung bisa andulu angresepi wewayanganipun nanging ora bakal iso tak duweni. Wong kang teka laksana lintang tiba lan sirna tanpa sisa, sakdurunge tangan iki bisa ngranggeh. Mas Ridwan, mahasiswa kang lagi KKN ana ing sekolahku. Kawit pisanan aku weruh dheweke, atiku tansah ora karuan.
“Hayo ngematke sapa?” pitakone Ina marang aku kang gawe aku kaget.
“Ora ngematke sapa-sapa, ming ndelok uwit-uwit kui apik, hehe.”
“Halah, ngapusi, mesti mas-mas KKN kae, iyo ta? Ngaku wae rapapa, ora nek tak andhak-andhake.” kandhane Ina.
“Hehe, lha piya ta? Kowe cemburu po?” pitakonku.
“Sithik, hehehhehehe” wangsulane Ina.
“Eling, ming telung sasi lho.” Ina ngelingke.
“Iya, aku ya ora ngarepke apa-apa kok, hehe, nyawang kadi kadohan wis marake seneng.” kandhaku.
            Tung teng tung teng tung teng tung teng
            “Wis bel, ayo mlebu.” Ina ngelingke.
            “Woh, iya, ayo ayo.”
            Aku lan Ina banjur mlebu kelas. Dina iki ana pelajaran Sosiologi lan sing mulang ya Mas Ridwan mau. Atiku bungah tenan, iso nyawang mas Ridwan kadi cerak. Aku lan mas Ridwan lumayan raket, mas Ridwan kerep ngajak aku cerita-cerita. Yen ana tugas, aku kang dipasrahi ngumpulke tugase kanca-kanca banjur diterke menyang basecamp. Ning ya mung sewates kui aku bisa cerak marang mas Ridwan. Wis cukup kanggo aku bisa nyawang mas Ridwan kadi kadohan. Ora pengen duwe pengarep-arep kang dhuwur.
            Ora krasa telung sasi wis kalampah. Uwis wayahe mas Ridwan lan kanca-kancane KKN liyane pamitan. Rasane ora lila yen Mas Ridwan ora mulang nang kelasku maneh. Aku ora bakal bisa ketemu maneh marang wong kang gawe atiku goreh lan tansah ora jenjem. Nanging kepiye maneh, pancen mengkono aturane. Lila ora lila ya kudu lila. Mas Ridwan bakal dadi sawijining ceritaku ana ing SMA N 1 Jetis.
Aku merem nang kamarku sinambi ngrungokake tembang kang judhule “When You Love Someone” . Tembang kang bisa makili apa kang tak rasake saiki.
            I love you but it’s not so easy
            To make you here with me
            Wanna touch and hold you forever
            But you’re still in my dream
            And I can’t stand to wait
            Your love is coming to my life
            But I still have a time to break a silence
            When you love someone just be brave to say
            That you want him to be with you
            When you hold your love
            Don’t ever let him go
            Or you will lose your chance
            To make your dream come true
            I used to hide and watch you from a distance
            And I knew you realized
            I was looking for a time to get closer
            At least to say hello
            And I can’t stand to wait
            Your love is coming to my life
            I never thought that I’m so strong
            I stuck on you and wait so long
            But when love comes it can’t be wrong
            Don’t ever give up
            Just try and try to get what you want
            Cause love will find the way
           
Ora krasa eluh tumetes ana ing pipi, mas Ridwan wis lunga, aku ora bakal bisa nyawang dheweke meneh. Rasa kang tak simpen ana ing manah, mung dadi katresnan kang ora kawetu ana ing lathi.
Enem warsa kepungkur, aku ora mara nang sekolahan iki. Sakjroning telung tahun aku biyen ngudi ilmu ing sekolahan iki. Sekolah iki wis bedo karo biyen, kahanane wis luwih apik lan maju. Aku ora nyana yen aku bisa nang sekolah iki maneh, udu dadi murid nanging dadi guru.
            Lagi wae mlebu ing plataran SMA N 1 Jetis, aku weruh ana wong kang ora asing maneh kanggo aku. Wong kang jenenge wis tumancep jroning manah kanthi 5 tahun. Wong kang ming bisa tak tresnani kanthi meneng-meneng. Aku ora ngerti arep bungah apa susah, rasane seneng ning ya lara nang ati. Sajake sia-sia anggonku nyapih atiku dewe kanthi 5 tahun, atiku tetep goreh lan ora jenjem.
            “Assalamualaikum” kandhaku marang Guru kang lagi jaga nang ruang piket.
            “Waalaikumsalam” wangsulane Guru kui mau.
            Guru kui mau banjur mendel wae lan nyawang aku sajak kaget.
            “Dhek Putri ta?” pitakone Guru kui mau marang aku.
            “Inggih Pak, tasih kemutan kaliyan kula ta Pak? Hehe” wangsulanku.
            “Isih no, hehe” kandhane Mas Ridwan.
            Aku ra nyana yen Mas Ridwan isih kelingan dening aku. Atiku bungah tenan, kawit patemonku maneh karo Mas Ridwan, aku dadi luwih raket karo dheweke. Mas Ridwan isih podho karo Mas Ridwan kang rikala semana aku nate tetepangan.
Ing sawijining dina, Mas Ridwan menehi aku booklet kang ra nyana yen isine gambar-gambarku. Jebul gambar-gambar iku digambar dening Mas Ridwan kawit biyen lagi KKN nang SMA N 1 Jetis, SMAku. Atiku rasane tansah ora karuan. Mas Ridwan nduweni rasa kaya kang tak duweni kawit SMA, nanging ya ming dipendhem ana ing manah. Saiki Mas Ridwan wis dadi pepacanganku. Pancen yen jodho ki wis ana kang ngatur, adohe kaya ngapa, sekedhap utawa dangu anggone tepang, yen wis jodho yo mesti bakal ketemu maneh.

Cerkak dening : Dwi Putri

Tidak ada komentar:

Posting Komentar