CANDHI
IJO LAN SOJIWAN
Muwuhi Cacahe Papan Wisata Candhi
Kompleks Prambanan
Tekan dalan jurusan Prambanan –
Piyungan ( ngalor - ngidul) banjur menggok ngetan ngunggahi dalanm nracak
aspalan bodhol ing sikile Pegunungan Sewu iring elor. Jarum jam ing Pos Jaga Candhi Ijo nuduihake
wektu 12.30 WB nalika DL ketug papan sing dituju. Hawa panas krana sumube hawa saka pegunungan gamping saya gawe gerahe awak sing gemrobyos ing
tengahe srengenge panjer rina.
Iku swasana ing candhi kepapat sing disambangi dina iku. Sadurunge Candhi
Ijo, DL wis nyambangi Candhi Sambisari, Candhi Sari, lan Candhi Kalasan kang dumunung ing sakiwa tengen dalan gedhe Yogyakarta – Solo. Candhi Sari
lan Candhi Kalasan duweni sambung rapet kang cedhak. Miturut Prasasti Kalasan
taun 700 Saka utawa taun 778 Masehi , asrama para biara (biksu) Budhis dumunung
ing Candhi Sari kang adohe watara 500 meter saelor wetan Candhi Kalasan. Wutuhe, Candhi Kalasan kedaden saka candhi
babon (induk) sing dikupengi 52 stupa. Ananging, Candhi
Kalasan klebu candhi kang durung nate diwutuhake maneh (dipugar,
direkonstruksi) kaya Candhi Prambanan,
Candhi Sewu, Candhi Plaosan Lor – Kidul,
Candi Ratu Baka, Candhi Barong, Candhi Ijo, Candhi Banyuniba, apadene Candhi Sajiwan. Apa alasane Candhi Kalasan durung nate dipugar, tekan
wektu iki durung ana alasan kang gumathok.
Saka Kalasan, DL banjur mengetan tumuju Candhi Prambanan, Candhi
Sewu, Candhi Bubrah, Candhi Plaosan Lor lan Candhi Plaoasan Kidul, Candhi utawa
Kraton Ratu Baka, Candhi Barong, Candhi Ijo, Candhi Banyunibo, lan Candhi
Sojiwan. Antarane candhi cacah 13 iki kang paling mranani Candhi Ijo lan Candhi
Sojiwan. Jalaran candhi leloro iki ana kang isih dipugar (Candhi Ijo) lan ana
sing wis purna pugar (Candhi Sojiwan).
Saka Candhi Prambanan, tumuju Candhi Ijo bisa ngliwati
dalan arah mengidul Prambanan –Piyungan. Tekan sakidul dhusun Jobohan
ana dalan mengetan ngunggahi sikile Pegunungan Sewu iring elor ing desa
Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Sleman, Yogyakarta. Dalane nracak dhuwur tur rusak krana kanggo lalu lintas ngusung watu
saka papan-papan penambangan watu putih. Sawise ngunggahi dalan nracak adohe watara
3 km iku ketug Komplek Candhi Ijo
sing dumunung ing dhusun Groyokan, Desa Sambirejo, Kecamatan Prambanan,
Kabupaten Sleman. Candhi ing papan dhuwure 375 meter saka lumahe banyu segara iki ditemokake
taun 1886 dening H.E. Doorepaal,
sawenehe Administratur Pabrik Gula Saragedhug sing madik papan kanggo kebon
tebu. Sabanjure C.A. Rosemeler nemokake
reca cacah telu. Taun 1887 Dr. J.
Groneman ngedhuk papan iku (ekskavasi) ingga nemokake lembaran emas sing ana
tulisane (prasasti, ali-ali emas, lan wiji-wijian.
Komplek
Candhi Ijo dumunung ing 3 undhak-undhakan (teras), saka kulon (ngisor dhewe)
mengetan (paling dhuwur). Beda karo Candhi
Prambanan utawa Candhi Sewu sing punjere candhi babon (induk) ana tengah, Candhi Ijo punjere ana teras
dhuwur dhewe kaya pecandhen ing Jawa Timur. Sumber keterangan baku
Candhi Ijo saka Prasasti Poh (806
Masehi) sing nyebutake sawenehe dhayoh sing ngestreni upacara kang asale saka
desa Ijo ( Sansekerta: “anak wanua I wuang
hijo”).
Landhesan isi Prasati Poh, sabanjure candhi IJo sing
kedaden saka 17 candhi lan mapan ing 11 teras
saka kulon (ngisor) mengetan (dhuwur), dipugar. Bangunan induk dumunung
ing teras paling dhuwur sing kedaden saka candhi induk lan 3 candhi pengamping
(perwara), wektu iki wis madeg becik. Dene bangunan ing teras sangisore isih
sajerone rekonstruksi. Sojiwan nyuguhake candhi kang endah ing tengahe plataran
jembar sineling wit-wit pule umure atusan taun.Candhi
Sojiwan sing ora adih saka Candhi Prambanan
dumunung watara 500 m sakidul dalan
Yogyakarta – Solo mapan ing desa Kebondalem, Prambanan, Klaten, Jawa Tengah.
*
Miturut satpam Candhi Sojiwan , Sumardi, wektu iki candhi Sojiwan wis purnapugar lan
kari nunggu peresmiane sasi Oktober 20011. Menawa Candhi Ijo nyuguhake
sesawangan krana wisatawan bisa mriksani menyang papan adoh ing sangisore pegunungan, Candhi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar