BAWANG
ABANG LAN BAWANG PUTIH
Bawang Putih yaiku bocah wadon kang wis ora
duwe bapak lan ibu. Deweke urip karo ibu tirine sing duwe anak wadon kang umure
padha karo Bawang Putih. Saben dina Bawang Putih dikongkon nyambut gawe sing
abot-abot, umpamane ngangsu nyang sumber sing jarake adoh seko omah.
Kosok baline si Bawang Abang ora tau
dikongkon ngrewangi ibune. Gawean sing gampang, umpamane makani ayam, nyapu
latar, ngguwang resak, kabeh kudu ditindakne Bawang Putih, padahal Bawang Abang
ora nyambut gawe opo-opo.
Bawang Putih ugo dikongkon golek kayu bakar
kanggo masak. Nanging Bawang Putih ora tahu ngresula. Bawang Putih nglakoni
urip kanthi tabah, sanajan ibu tirine ora adil. Amargo saben dina nyambut gawe
mula awake Bawang Putih katon seger lan singset. Rupane ayu tur kulite resik.
Bawang Abang saben dina gaweane mung dandan
lan mangan. Bawang Abang ora trima yen kalah ayu lan kalah menarik tinimbang
Bawang Putih.
Sak wijining dina, Bawang Putih dikongkon
ngumbahi ana ing kali. Sak suwene umbah-umbah, Bawang Putih dibantu karo iwak
emas ajaib. Saben klambi sing reget dicelupne ana ing kali langsung resik.
Mulane Bawang Putih cepet rampung anggone umbah-umbah.
Ngerti yen olehe ngumbahi cepet rampung,
ibu tirine dadi curiga. Terus ngakon si Bawang Abang ngetutke Bawang Putih nek
umbah-umbah.
Liya dina Bawang Abang, kandha karo ibune
yen arep ngumbahi menyang kali. Nanging sak temene mung arep nyekel iwak mas
ajaib sing gawene ngewangi ngumbahi Bawang Putih. Bareng wis dicekel, iwak mas
kuwi banjur digawa mulih lan digoreng karo ibuke.
Sak banjure iwak mas goring mau dipangan
Bawang Abang lan ibune, nganti meh entek. Sing diturahke mung endas karo balung
erine. Nanging Bawang Putih ora gelem mangan, malah turahan kuwi dikubur ana
ing latar omahe. Ora suwe, papang sing dingo ngubur mau tuwuh tanduran sing
wujud kembang sing elok rupane.
Sak wijining dina ana Pangeran sing liwat
ing sak ngerepe omahe Bawang Putih. Banjur Pangeran mau mudun seko jarang lan
takon sapa sing nandur kembang kuwi. Bawang Abang ngaku yen deweke sing nandur.
Pangeran mau malah gedeg, nandakake yen dudu Bawang Abang sing nandur. Sejatine
Pageran wis ngerti sing nandur kuwi Bawang Putih. Mulane Bawang Putih diboyong
menyang kerajaan arep didadekne garwane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar