Sabtu, 03 Januari 2015

Prosesi tradisi Bulusan ing Dukuh Sumber Hadipolo Kecamatan Jekulo Kabupaten Kudus



Prosesi tradisi Bulusan ing Dukuh Sumber Hadipolo Kecamatan Jekulo Kabupaten Kudus
Dening : Fifi Lia Rumita

Kecamatan Jekulo menika salah satunggaling kecamatan ingkang wonten ing Kabupaten Kudus Jawa Tengah. Ing Kecamatan Jekulo menika wonten tradisi ingkang taksih dipunlaksanakaken, salah satunggalipun inggih menika tradisi Bulusan ingkang dipunlampahi setauh sepisan inggih menika seminggu sarampungipun dinten riyaya. Tradisi menika dipunlaksanakaken kanthi tujuan dados rasa syukur masyarakat kaliyan Gusti lajeng ingkang kaping kalih menika kangge ngelastantunaken tradisi Bulusan Sumber kasebat.
Masyarakat percados kaliyan asal usulipun tradisi kasebat bilih kanjeng Sunan Muria nate ngendhika bilih papan panggenan menika wau benjang saben seminggu sarampungipun dinten riyaya kathah tyang-tiyang ingkang sami rawuh wonten ing mriku.
Prosesi ingkang wonten ing tradisi Bulusan Dukuh Sumber Dhusun Hadipolo Kecamatan Jekulo Kabupaten Kudus Jawa Tengah inggih menika arupi gunungan ingkang dipuntata kanthi sae. Gunungan menika wau isinipun lepet kaliyan kupat. Lepet kaliyan kupa menika simbol bilih dinten riyaya sampun pasti masyarakat ndamel kupat kaliyan lepet. Sarampungipun gunungan menika wau sampun dados, lajeng para warga sami ngarak gunungan menika wau keliling kampong kadosta kirab. Sarampungipun kirab dipunlajengaken kaliyan pembacaan do’a dening sesepuh utawi tokoh desa kaliyan Pak Kyai. Lajeng dipunpungkasi kaliyan maos donga sesarengan kaliyan masyarakat. Sesampunipun prosesi sampun kalampahan sedaya lajeng gunungan menika wau dipundamel rebutan kaliyan masyarakat ingkang ndherek tradisi Bulusan menika wau. Dalunipun dipunlajengaken kaliyan adicara wayang kulit.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar