DIENG WONOSOBO
Watara taun 1950 - an kepungkur sapa
sing ora kepencut mriksani sesawangan ing plato Dieng. Hawane adfhem jejet
nganti kaca jendhela penginepan ketempelan es, pedhut nggembuleng sedina-dina,
sadawane pendelengan kebak gumuk kerungkudanb alas ketel, tlaga - tlagane
bening kebak iwak,, guwa alame wingit, akeh papan wisata alam sing gawe eram,
lan bisa mriksani komplek percandhian Hindhu sing katon sakral lan merbawani.
Dieng wektu iki beda kahanan lan swasanane. Gumuk sing ketel wus ilang metha
pereng gundhul kanggo nandur kenthang, tlagane warna sing kinclong banyune saya
ciyut lan cethek banyune, dene omah pendhudhuk sing maune isih
klendhang-klendhang saiki malih uyeg-uyegan. Nanging crita Dieng ora bakal
leren. Gunung geni sing nyipta pegunungan lemah dhuwur (plato) kanthi sebaran
kawah cacah 12 (Sibantheng, Candradimuka, Sinila, Pagerkandhang, Siglagah,
Bitingan, Sikidang, Pakuwaja, Dringo, Padhangsari, Sileri, lan Timbang) iki
metha crita anyar krana kurdane Kawah Timbang wiwit Minggu bengi, 22 Mei 2011.
Senajan sebaran gas racun karbon monoksida (CO) lan karbon dioksida (CO2) adohe
mung nyandhak 1 km lan jembare 3 km arah ngidul ngulon, nanging wisatawan
gojag-gajeg arep wisata menyang papan iki. Kamangka miturut Kepala Pusat
Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi, Surono, (Setu, 04 Juni 2011) let
Kawah Timbang karo papan wisata adohe watara 15 km.
Wisata menyang Dieng (2.093 m saka
lumahe banyu segara) sing panas- adhem hawane (suhu udara) 10- 13 derajat
Celsius iki pancen jenaki. Jalaran kejaba rekreasi, wisatawan bisa sinambi
sinau babagan ilmu jerone bumi (geologi). Wisatawan bisa mriksani sakehe kawah
sing ora bebayani kaya Sikidang sing olah-alihan papane lan banyune umob
mumpal-mumpal, bisa nyambangi Guwa Semar, Tlaga Warna lan Tlaga Merdada, Sumur
Jalatundha, apadene kawah geni Candradimuka. Kejaba iku, Dieng uga nyimpen
peninggalan kabudayan HIndhu wujud candhi (Puntadewa, Bima, Arjuna, Sembadra,
Gathutkaca, Dwarawati, Semar ) sing nambahi semuwane papan wisata iki.
Wisatawan uga bisa mriksani Museum Kailasa, nikmati jagung bakar, apadene
mancing ana Tlaga Merdada, Pegunungan Dieng kawengku 2 kabupaten yaiku Wonosobo
lan Banjarnegara. Sebageyan papan wisata mlebu kukuban Kabupaten Wonosobo.
Kepara dalan Baku tumuju Dieng diwiwiti saka kutha Wonosobo. Ing Pegunungan
Dieng uga dumunung Bimalukar, tuke Bengawan Serayu sing banyune sebageyan
ditampung ing Wadhuk Mrica utawa Wadhuk Jenderal Sudirman ing Banjarnegara.
Sabanjure Serayu nyigar kutha Banyumas tumuju Segara Kiduil. Dieng sing asale
saka tembung “dahyang” , papane para hyang (dewa) pancen papan wisata sing
duweni keluwihan mirunggan (eksotik). Emane, papan iki uga asring tuwuh bencana
krana Dieng sejatine gunung geni sing isih aktif. Bencana ing Dieng sing
kecathet diwiwiti taun 1786 wis rambah kaping 16. Taun 1786 Kawah Dringo
jeblug, taun 1825-1826 Kawah Pakuwojo uga jeblug, banjur taun 1847 Dieng udan
awu tanpa dingerteni kawah kang jeblug. Taun 1928 Kawah Timbang jeblug lan
ngetokake gas racun ingga 39 wong tiwas lan dibaleni 13 Oktober 1939 ngeleg
korban pati 10 uwong. Tanggal 4 Desember 1944 Sileri jeblug nyebar lendhut lan
gas nuwuhake 114 korban pati. Taun 1979 Sinila ngetokake blegedapa (erupsi) lan
gas racun niwasake 149 wong. Taun 1986 Sileri nyemburake lumpur lan 18 Maret
1992 dumadi lindhu sarta semburan gas ing Kawah Sikidang niwasake wong siji.
Sajerone 3 taun (1993 lan 1996) Kawah Padhangsari nyemburake lumpur, taun 2003
Sileri erupsi maneh, 16 Januari 2009 Kawah Sibantheng jeblug lan nuwuhake
lindhu, dene tanggal 26-27 September 2009 Kawah Sileri nyemburake lumpur adohe
140 meter. Semburan gas Kawah Timbang ing dhusun Simbar dina Minggu, 22 Juni
2011 dadi jalaran 1.179 warga dhusun Simbar, Serang, Kaliputih, lan Simbung, ing
desa Sumberejo, Kecamatan Batur, Banjarnegoro, diungsekake jalaran konsentrasi
CO2 wis nyandhak 1,5-1,8 persen volume sing ateges “mematikan”. Mubale gas
racun ing Kawah timbang uga dayani Dieng malih sepi krana akeh wisatawan
batalake rencana tindak Dieng. Kamangka wisatawan sejatine isih bisa nikmati
adheme hawa lan endahe sesawangan sinambi nikmate jagung bakar Dieng.*
Tidak ada komentar:
Posting Komentar