Sabtu, 03 Januari 2015

ING PINGGIRING BENGAWAN Trontonge Laire Manungsa Jawa Sepisanan


Ing tekukan Bengawan Solo sing  banyune lerab-lerab saka elor banjur menggok mengetan iki dumunung Dhusun Pilang, Desa Kawu, Kecamatan Kedunggalar, Kabupaten Ngawi, Jawa Timur. Ing kene, sajerone Museum Trinil, panjenengan bisa ngangen-angen trontonge laire manungsa Jawa sepisanan liwat sakehe seserepan wigati kasil panalitene sawenehe ahli purbakala Walanda, Dr Eugene Dubois.

Ditepus saka Jalan Raya Surabaya-Solo adohe watara 13 km mengalor. Ing kene watara 1 yuta taun kepungkur yaiku ing Jaman Pleistozen urip secorak makhluk setengah manungsa – setengah munyuk aran Pithecantropus Erectus (pithec = munyuk, antrhropus = manungsa, erectus -> ereksi = setengah jejeg) utawa manungsa munyuk sing mlakune setengah jejeg. Tilas panguripane manungsa sing wujud fosil (balung dadi watu) mau ditemokake Dubois sajerone ekskavasi (penggalian) ing tengahe kedhung Bengawan Sala  antarane taun 1891-1893.
Dubois sing lair tanggal 28 Januari 1858 ing Eijsden,Gimburg, Negeri Walanda, ketarik marang teorine Charles Darwin ing bukune ”The Origin of Species” sing mratelakae lamun manungsa iku asale saka primata (jenis munyuk manungsa). Primata iki ngalami owah-owahan rindhik krana dayane lingkungan (evolusi) suwene mayuta-yuta taun ingga  nurunake jalma manungsa jaman  saiki. Merga urut-urutane evolusi  ana sing pedhot (missing link = rantai terputus) mula perlu digoleki lan dilacak.
Nalika Dubois ngrungu sakehe penemuan fosil-fosil purba dening ahli-ahli  arkeologi Walanda ing Indonesia, tuwuh niyat gedhe nedya nglacak pedhote “rante evolusi” iku. Supaya bisa cepet tekan Indonesia Dubois banjur dhaftar dadi tentara kolonial Walanda ing Indonesia (KNIL). Sawise tekan Indonesia dheweke ngadani panaliten ing Payakumbuh, Sumatera Barat (taun 1887). Dubois banjur pindhah menyang Jawa krana krungu kabar anane penemuan fosil ing Wajak, Tulungagung, Jawa Timur, dening Rietschoten.
Sawise nemokake fosil ing Kedhungbrubus, Madiun, Dubois  banjur nglacak kabar tinemune balung-balung buta ing Bengawan Solo tlatah Ngawi. Dubois makuwon ing dhusun Pilang dikancani petani sing ngewangi ndhudhuk  papan sing nyimpen fosil ing sapinggire apadene ing tengahe bengawan. Pemerintah Walanda kang migatekake usahane Dubois banjur ngidini para narapidana ing Benteng Pendhem Ngawi ngewangi usahane. Kepara para petani lan narapidana iki padha bungah atine ngewangi Dubois sing gapyak lan menehi cathu mangan sing mirasa. Usahane Dubois wiwit ana kasile sasi Agustus 1891 krana nemokake sakehe fosil kewan kaya gajah, warak, gibbon (munyuk gedhe), apadene kudha nil. Taun 1892 Dubois nemokake fosil Pithecanthropus Erectus sing dianggep nyambung “rantai terputus” sing dipratelakake Darwin  ing The Origin of Species. 
Sadurunge bali menyang Walanda lan ora nate teka maneh menyang Indonesia, Dubois metha tugu dhuwure 80 cm ing sakidul bengawan. Tugu kanthi tulisan P.e 175 m ONO (anak panah) taun 1891/93 mau mawa teges: Pithenanthropus erectus ditemokake 175 meter arah lor wetan saka tugu nalika taun 1891-1893. Punjere papan kang disebutake Dubois iku ing kedhung tengahe Bengawan Solo. Merga kedhung bengawan iku dadi tapel wates dhusun Kawu ing iring kulon, dhusun Gemarang ing iring lor, lan dhusun Ngancar ing iring kidul wetan, mula papan tugu diedegake iku dijenengi Trinil.
Dubois pancal donya taun 1940 ing Walanda, nanging mahakaryane bisa slamet krana mecungule Wirobalung utawa Wirohardjo sing mati-matian nylametake sakehe fosil sing nate ditemokake Dubois apadene masarakat sakiwa tengene. Wirohardjo petani sing lair 18 Agustus 1918 lan asli saka Desa Gemarang, Kedhunggalar, Ngawi, pancen hebat. Senajan nate dadi Seinendan ing Jaman Jepang lan Bayan ing Desa Kawu, nanging luwih nresnani balung. Mula para mahasiswa lan peneliti sing teka menyang Trinil banjur nyebut Wirobalung. Krana semangat makantar-kantar ngabdi negara kanthi nylametake peninggalan purba ing Trinil temah ngadek Museum Trinil taun 1991. Wirobalung pancaldonya taun 1990,nanging jenenge tetep langgeng ing khasanah  sejarah Indonersia.
Kapethik saking majalah djaka lodang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar