Rabu, 07 Januari 2015

GADHUNG




GADHUNG
Cadhangan Bahan Pangan sing Kurang Digatekake

                 Kejaba jagung,  pohung, tela rambat, uwi, gembili, suweg, kimpul, tales, sing  bisa dadi gantine bahan pangan beras,  gadhung  (Latin :  Dioscorea hipida) uga klebu cadhangan bahan pangan sing becik. Emane, merga gadhung ngandhut racun sing bisa gawe mabuk, akeh petani  sing kurang tlaten ngemunah. Kamangka tanduran sing klebu famili Dioscorea (tuwuhan mrambat) iki klebu bandel lan gampang pamiarane. Kejaba bisa digedhegake (ora dipanen nganti taunan) uga ora gampang gambos.
                Biasane winih gadhung dijupuk saka thikilan (cawangan saka babone) sing banjur didhewekake ana papan kang anyep. Petani jaman wingi asring nyeleh thikilan gadhung ana longan (kolong tempat tidur) utawa ana papan anyep kaya ngisor dhapuran wit gedhang, sandhing padasan (papan banyu wudu sing digawe saka lemah ngemperi genthong), cedhak peceren (comberan), cedhak belik utawa sumur.  Gadhung wiwit jalu (thukul katon “mata tunas”-e) ing mangsa Kapat utaa Kepapat (September –Oktober) lan mangsa Kelima lagi wiwit mrambat lan metu godhonge.
                Ing enteke mangsa Kelima sing biasane  wis tiba udan, winih gadhung didhedher cedhak karo wit-witan sing bakal kanggo rambatan. Sembarang uwit bisa kanggo rambatan kayata sengon, munggur, mandhing, senu, johar, klayu, pager pekarangan, lan bisa uga uwit gedhang. Kowakan utawa luwangan kanggo nandur ora perlu jero-jero (watara 20 cm jerone) merga menawa kejeron kurang akeh anakane. Ing kowakan mau prayoga diwenehi rabuk kompos utawa uwuh godhongan ingga lemahe bisa maruk (gembur). Winih dicemplungake kanthi thukulane ana iring ndhuwur (marep munggah) supaya cepet enggal mrambat menyang wit sing dienggo  rambatan.
                Miara gadhung ora perlu kawigaten mirunggan. Sawise nyulur  dawa biasane wit gadhung wis mrambat dhewe menyang uwit – witan sacedhake, ingga menawa ora gurnan  ngrambatake wus gelem mrambat dhewe.  Kejaba iku menawa arep dirabuk cukup mung sepisan sawise tanduran umur 4 wulan. Rabuk bisa migunakake kompos sing diseleh ing kowakan sacedhake. Kejaba iku menawa gadhung wiwit awoh, bisa kanthi ngripu bonggole supaya uwohe ora  mendhelis sajabane lemah.

Pemanenan
                Gadhung  dipanen sawise  umur 8 -10 wulan (Juni –Agustus) utawa sawise lesah (garing lan rontok) godhonge. Nanging miturut Bokimin Muhammad Samsuri (79 taun), manen  gadhung paling becik sawise tanduran umur rong ketiga utawa 18 wulan. Pratelane Bokimin dibenerake sisihane, Mbok Paiyem, sing mratelakake lamun kanthi umur kliwat setaun ateges gadhunge uwis tuwa lan enthike uwis gedhe-gedhe.
Tumrap Mbok Paiyem (75 taun) wektu panen gadhung mesthi banjur diolah dhewe. Carane, gadhung dionceki kulite, banjur diiris tipis – tipis, terus diekum banyu bening sing diwenehi injet (gamping sirih). Anggone ngekum watara  2 dina lan banyune digonta-ganti. Sawie kum-kuman gadhung dientas banjur diperes terus dipepe. Bubar dipepe terus diedang nganti mateng. Menawa ana sing ngersakake banjur didhahar, dang-dangan gadhung iki wis aman saka racun isng bisa gawe mabuk. Anggone dhahar bisa kanthi cara dikrawu kambil utawa dilawuhi jangan  (sayur).
 Nalika DL mratelakake akeh petani sing ngemunah gadhung kanthi cara sawise diiris-iris banjur diusar-usari awu saka luweng, Mbok Paiyem aweh keterangan lamun nggaringake nganggo awu mengkone ngasilake krupuk gadhung rupane coklat. Merga krupuk gadhung sing becik iku  rupane putih mula Mbok Paiyem trima ora migunakake awu kanggo nggaringake irisan gadhung. Istingarah, gadhung  sing dikasilake luwih resik lan rupane ora coklat.
Miturut Mbok Paiyem, anggone ngemunah  gadhung wis sawetara wektu yaiku wiwit taun 1971. Gadhung sing dikemunah kasil saka  kebonane dhewe sing pancen jembar.Tanduran gadhung ora ditandur mirunggan nanging mung diujarake urip kanthi cara anggone dhudhuk ora dientekake kabeh.Dadi bisa kelakon tanduran gadhung ing kebonane sing dumunung ing pinggir Kali Progo iki  wis cemeblok wiwit atusan taun kepungkur. “Pokoke wiwit mbah-mbah kula rumiyin,”  pratelane Bokimin sing asli mapan ing dhusun Ngepringan, Sendangrejo, Minggir, Sleman, Yogyakarta, iki marang DL. Lelandhesan kanyatan iki ateges tanduran gadhung umure bisa suwe banget krana mung saben ngedhuk nyisakake enthike.
Gadhung kang akeh ngandhut karbohidrat  yaiku zat sing dadi daya tenaga manungsa klebu salah sijine cadhangan pangan sing bisa diendelake. Emane, tanduran iki tansaya langka tinemu ing karang padesan. Kamangka, menawa dikemunah kanthi becik kasile lumayan. Kripik gadhung klebu panganan ing akeh disenengi pawongan (favorit). “Mentahe leh kula nyade teng peken Rp 11.000 per kilogram,” mangkono pratelane Paiyem marang DL karo nuduhake gadhung garing sing disimpen neng tenggok senik.
Panenane gadhung Mbok Paiyem pancen ora akeh, nanging  kanyatan iki menehi wewarah lamun produksi pangan lokal saka bahan prasaja kejaba beras isih diusahakake dening warga pedhusunan. Kearifan lokal mengkene sejatine salah sijine wujud ketahanan pangan sing patut dibopong pemerintah kanggo mujudake manekarupane (diversivikasi)  bahan pangan.
 Top of FormKapethik saking : Majalah Djaka Lodangkapethik

Tidak ada komentar:

Posting Komentar