Sinopsis Cerkak "Dudu Getih Pahlawan"
Panjebar
Semangat No. 46, 16 Nopember 2013 hal 23-24
Judul
Cerkak : Dudu Getih Pahlawan
Pengarang : Tiwiek SA
Ringkasan
Cerkak :
Cerkak
sing nduweni judul “Dudu Getih Putih” iku nyaritakake bab pengkianatan. Nalika
wektu iku Letnan Santosa lagi uring-uringan marang Kopral Ngadimin. Nyata-nyata
Kopral Ngadimin iku wong sing ora ngerti bab apa-apa, nanging Letnan Santosa
malah ndakwa sing ora bener. Awal masalahe yaiku nalika strategi sing wis
disimpen primpen lan werit, sanyatane wis kejodheran marang wong landa. Ora
aneh yen Letnan Santosa uring-uringan kaya mangkono iku mau amarga anggone
nggrumut markas landa ing omahe Dariyo mau bengi gagal total. Malah ana anggota
gerilya sing dadi kurban. Bareng pasukan Macan Loreng kalah, Letnan Santosa
banjur gawe putusan.
Ana
ing liya dina, ana salah sawijining prajurit kandha marang Letnan yen Dalimo
kuwi ngrokok. Letnan mung mangsuli yen kuwi mung panggaweyan sing lumrah utawa
wis biasa. Sepisan maneh prajurit iku mau njelaske yen rokok kuwi dudu
sembarang rokok, rokok iku mau wernane putih. Ora let suwe Letnan banjur marani
Dalimo, Letnan ndakwa yen Dalimo kuwi tukang mata-mata. Dalimo wis dijotosi
nganti tatu kabeh awake. Akhire Dalimo jujur yen kuwi rokok dudu nggone wong
landa, nanging saka bu Narmi. Awale Letnan Santosa ora percaya. Nanging
suwe-suwe nyimpen rasa curiga uga.
Ing
wektu esuke, Letnan Santosa bali menyang omahe. Dheweke langsung mlebu ana
kamar. Dheweke menangi bojone sing jeneng Bu Narmi iku mau lagi turu karo wong
lanang liya, wong lanang iku mau bule utawa wong landa. Tanpa mikir dawa,
Letnan Santosa banjur nglolos pistule. Peluru pistule iku mau ngenani wong
lanang bule iku mau. Letnan Santosa banjur ngendika kaya mangkene iki ing
sajerone atine “dudu getih pahlawan, nanging getih pengkianat! Lan ora kober
sambat, lesane tinjo akherat!”
Sarampunge
kadadean iku mau, Letnan Santosa banjur mlayu lan lunga ngadohi papan kadadean
iku mau.
Alur,tema,irah²an,watak,latar ,gaya basa,amanat,sudut pandang nya mana ka??
BalasHapusg tw
BalasHapusbiwdwqbdwqu unsur intrinsiknya apa yeahh
BalasHapus