Sabtu, 10 Januari 2015

Cerkak Humor "Lomba Foto Selfie"



Lomba Foto Selfie

Awan iku Trinil lan Cipluk katon cekikikan ning buk semen wetan sekolahan. Kalorone asyik nontoni hape sajak ono sing wigati. Saka kadohan Lik Darmi sing biasane dodol lontong bingung weruh bocah loro ngguya-ngguyu tanpa sebab, wusanane Lik Darmi ngaruhi
“Trin, Pluk lagi pada ngapa kuwi, ngguya ngguyu ora jelas, kaya bocah kesambet”
“Hahaha..haduh Lik, ngganggu wae sih. iki aku karo Cipluk lagi milih foto arep tak elokne lomba” semaure Trinil
“Lomba opo to? Ono hadiahe ra?” Lik Darmi sing pancen kawentar minangka pemburu hadiah langsung melu nggabung
***
“Iki Lik, lombane foto selfie kudu pamer jentik sing wis dicelup tinta bukti melu coblosan” Cipluk nerangke
“Weh, lha kebeneran iki, aku lagi wae lock mulih nyoblos, ki jentikku isih ungu, tapi sik sedhela kowe-kowe kan isih SMP, apa ya wis oleh nyoblos kok isa melu lomba?” Lik Darmi katon gumun
“Hehehehe..yo durung oleh Lik” jawabe Trinil karo mesam mesem
“Lha kuwi buktine jentikmu wis malih warni dadi ungu?” Lik Darmi sansaya bingung
***
“Wah ngene lho, dadi bocah ki mesti cerdas Lik, mesti ya durung oleh nyoblos, tapi nek mung ndadekna jentik dadi ungu kan gampang, iki mau nganggo mangsi stempel tokone bapak,lha hadiahe marai kepincut sih.  Eh tapi aja ngomong sapa-sapa lho Lik” welinge Cipluk sing mbuka wadi
“Court..lha bocah pada urik kabeh, ya aku janji ora ngomong tapi aku mbok ya difoto ben isa melu lomba kaya awakmu” Lik darmi nyoba negosiasi
“Hmm..piye ya, ya wis lah take care of business, sopo ngerti ngko panitia lomba milih jentik sing paling lemu sing menang” ujare Trinil karo mesem jail
“wis sakarepmu Trin, sing penting aku mbok foto terus mbok daptarke lomba, eh tapi aku tak ning omahe Bude Karjo sik yo sedhela” saure Lik Darmi
***
“Lha..ngopo maneh to Lik, ki aku wis siap-siap njepret Je” Cipluk protes
“Lha kowe ki rak mudeng pa piye ta, lali apa? Jare mau lomba foto selfie, ya aku arep ning nggone Budhe Karjo methuk  Selfie anake kae ben isa foto bareng aku mengko”
“…..wooo..ooo.oooooo” Cipluk lan trinil ndlahom


Tidak ada komentar:

Posting Komentar