Mbah Darmo Tuku Susu
Wayah wengi udan gerimis, Mbah Darmo kademen, pengen ngombe
susu supaya awake rada anget. Sarene kentekan susu, Mbah Darmo menyang pasar
golek susu bubuk. Tekan ngarep salah suwijining kios kelontong, Mbah Darmo mlebu karo clingak-clinguk nggoleki susu,
ngantek diparani sing jaga
Penjaga:
Badhe mundhut punapa Mbah?
Mbah Darmo kaget diundang simbah karo penjaga toko. Bocah kuwi
pantese dadi anake, dudu putune.
Mbah Darmo:
Menawi Susu Bubuk wonten mboten Mbokdhe?
Sing jaga kaget banget diundang Mbokdhe. Ngantek rambute
njengat kabeh!. Banjur protes keras marang Mbah Darmo
Penjaga:
http://duniashinichi.blogspot.com
Loh kok diundang Mbokdhe tho? Kulo niki taksih enom loh Mbah!
Kok sakpenake dhewe diundang Mbokdhe. Umurku lagi selikur Mbah! Isih
kinyis-kinyis! Selikuuuuuur!
Mbah Darmo:
Lha sampeyan ngapa kok ngundang kulo simbah? Umurku lagi seket
je, kok diundang simbah?
Penjaga:
Loh, Romo kulo umure inggih seket siji sampun kagungan putu.
Adhi kulo nikah umur pitulas, sakmenika anake sampun kaleh! Panjenengan sampun
pantes diundang simbah, dadi aja protes rumangsa enom terus!
Mbah Darmo:
Yaaaaaaaah.... sampeyan injih mboten pareng protes diundang
Mbokdhe! Wong rayi sampeyan sampun kagungan putra kaleh! Injih Mboten???
Kanca-kancane Penjaga Toko ngguyu kemekelen weruh bocah kuwi
ora iso njawab pitakone Mbah Darmo. Kepeksa Si Penjaga Toko ora sido
ngundang simbah marang Mbah Darmo. Diganti ngundang "Om" wae amarga
luwih enom setahun tinimbang Romone (Undil-2013)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar