RORO
JONGRANG
Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing
jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo
Prabu Baka.
Nanging kerajaan Prambanan diserang
karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane.
Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso.
Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu Bandung Bandowoso ing
kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro
Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
“Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi
permaisuriku?” Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane
Bandung Bandowoso “Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate.”
“Apa iku syarate?” Jare Bandung
Bandowoso.
“Gawekno aku 1000 candi tapi wektune
sakwengi!” Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno
anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso,
jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro
Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo
Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung
ngumpulno dayang-dayange.
Roro Jonggrang mau ngongkon dayange
mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau
wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine
iku wis ana 999, tapi kurang 1.
Bandung Bandowoso mangkel nang Roro
Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro
Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar