Sabtu, 03 Januari 2015

Nilai-nilai Kaliyan Pranata Sosial ingkang Wonten ing Tradisi Bulusan

Nilai-nilai Kaliyan Pranata Sosial ingkang Wonten ing Tradisi Bulusan
Dening : Fifi Lia Rumita 
 
Tradisi Bulusan inggih menika salah satunggaling bentuk ritual tradisional masyarakat wonten ing dukuh Sumber Kecamatan Jekulo Kabupaten Kudus ingkang taksih dipunlaksanakaken.
Warga masyarakat nindhakaken tradisi/ritual menika kangge wujud kurmat marang sesepuh ingkang wonten ing desa menika kanthi arak-arakan ingkang migunakaken gunungan ingkang isinipun kupat kaliyan lepet.
Ubarampe ingkang dipun-ginakaken menika sanes boten kados migunakaken tumpeng menapa hasil bumi. Nanging ubarampenipun kadosta gunungan kang isinipun namung kupat kaliyan lepet. Kupat kaliyan lepet menikang nggadhahi makna simbolik ingkang wonten gegayutanipun kaliyan tradisi menika.  Kupat kaliyan lepet maknanipun dados simbol panyuwunan kalepatan. Ugi amerga tradisi menika panci bada kupat dados uba rampenipun inggih kados menika.
Ing tradisi Bulusan menika wonten Pranata Sosialipun. Pranata social menika antawisipun wonten pranata ekonomi, pranata agama, lan pranata keluarga.
Pranata ekonominipun kadosta menawi pengetan tradisi Bulusan menika sampun pasti papan panggenan ingkang dipun-ginakaken rame kaliyan para masyarakat ingkang sami rawuh. Ing  mriku sampun pasti wonten tiyang bakul ingkang sami sesadeyan kadosta sesadeyan jajanan, dolanan saking grabah, lan sapanunggalanipun. Ing mriki tradisi Bulusan ugi sampun pasti maringi kasempatan kangge pados rejeki khususipun kangge para bakul kang sami sesadeyan.
Pranata agamanipun inggih menika bilih rikala jaman rumiyin amanatipun saking Kanjeng Sunan Muria inggih menika bilih nalikanipun ing dalu ramadhan ampun wonten ingkang nyambut damel. Nanging saenipun inggih menika ngaos/ngaji wonten dalem kemawon. Amargi tiyang kerja menika sampun wonten wekdalipun piyambak, inggih menika nalika siyang.  Lajeng ingkang nomer kalih inggih menika Sarampungipun kirab dipunlajengaken kaliyan pembacaan do’a dening sesepuh utawi tokoh desa kaliyan Pak Kyai. Lajeng dipunpungkasi kaliyan maos donga sesarengan kaliyan masyarakat.
Menawi pranata keluarganipun inggih menika saben keluarga menawi bada kupat sampun pasti damel kupat kaliyan lepet. Menika tradisi ingkang taksih dipunlaksanakaken dumugi ing jaman moderen samenika. Lajeng sebagian keluarga nalika dinten pengetan tradisi Bulusan sami rawuh ing papan panggenan pengetan tradisi kasebat kaliyan bekta kupat lan lepet. Sebagian kupat kaliyan lepetipun dipundelehaken wonten ing ngandap wit ingkang dipunpercados bilih wit menika wau papan panggenan nalikanipun tiyang-tiyang sami malih dados bulus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar