Katrêsnan iku pancèn naté ånå. Råså
iku pancèn naté dak rasakaké. Aku ora bisa sélak… Aku ora bisa ngapusi atiku…
Dhúh Gusti nyuwún pangapuntên déné raós punika taksíh njanggêt wóntên manah
kulå íngkang ringkíh.
“Dhík Santi, kapan têkamu…? Aku kók
ora dikabari yèn sliramu arêp têkå…?” pitakóné nalikå wêrúh aku nèng dalêmé
Budhé, yå Ibuné mas Pramónó.
“Lagi waé kók mas ….kirå-kirå sakjam kêpungkúr”.
“Åpå karo garwamu? Ndi aku péngín
kênalan. Pas sliramu dadi mantèn kaé aku ora biså jagóng, amargå tugas nyang
luwar Jawa”. Mas Pram gagéyan mlêbu omah nggolèki bojoku …. nangíng nganti
mubêng-mubêng ora kêtêmu.
“Lha êndi…?” takóné bali marang aku.
“Såpå tå mas síng panjênêngan
golèki? Lha wóng aku têkå ijên kók …!” kandhaku.
“Kók ngono? Åpå garwamu sibúk,
nganti ora bisa ngêtêraké sliramu réné…?!”
“Yå ora sibúk…. Nangíng ora ånå…!”
“Ora ånå … piyé?”
“Ora ånå wêktu kanggo aku…,” wangsulanku
rådå cuwå.
“Ah kók ånå-ånå waé… Gèk kåyå ngåpå
tå gawéyan iku… Nganti tégå nguciwakaké adhiku síng ayu dhéwé ngéné iki…!”
kandhané bantêr.
“Åpå aku ayu tênan tå mas…?” aku
mbédå mas Pram.
“Lha iyå tå…. mósók yèn ora, aku
nganti kayungyún… Nangíng trêsnaku ora naté éntúk ati…“
“Mak plêng rasaníng atiku, lårååå….
bangêt….. Oh …. mas Pram. Upåmå panjênêngan ngêrti sêjatiníng atiku…, sêjatiníng
rasaku… Alón lúhku tumètès…, nangíng énggal tak usap nganggo tangan…
“Mas ora usah nggodhå aku kåyå
ngono. Njênêngan kuwi yå ånå-ånå waé. Aku mundhak têrsanjúng lho mêng…!” aku
isíh mbudidåyå ngguyóni.
Tênan yå mas aku nyuwún kanthi
bangêt
Pancèn kabèh mau bênêr. Nangíng
kêrsaníng wóng tuwå síng ora bisa dak sélaki. Budhé ora kêrså yèn mas Pram jêjodhowan
karo aku mêrgå isíh misanan. Kamångkå sêjatiné mas Pram kuwi putrå angkaté
Budhé.
Lha Budhé tansah nutupi marang såpå
waé, ugå mas Pram, yèn mas Pram iku putrå pupón.
Dadi Budhé mati-matian mênggak iki
kabèh, sênajan aku ngêrti yèn pênggalihé sêjatiné ajúr amargå kudu maprasi thukulé
katrêsnan antarané aku lan mas Pram.
“Åjå yå… ndhúk…, tênan åjå yå… Émana
marang Budhé…. mêsaknå Budhé yå… Åjå nganti mbók tåmpå trêsnané masmu…. Iku ora
apík, amargå piyé-piyéå mas Pram iku kangmasmu dhéwé…“ Budhé tansah ngêndikå
mangkono. Sêríng bangêt, nganti suwé-suwé aku risíh dhéwé.
Sêjatiné Ibuku wís pirså sakabèhé
kuwi, nangíng yå amargå mêsakaké lan ngajèni pênggalihé Budhé, mulå aku yå
didhawuhi ngêdóh såkå mas Pram. ”Wístå åjå mbók turuti atimu. Énggal golèkå
pacar liyå bèn pênggalihé Budhému ayêm…“ mangkono ngêndikané Ibu
makapíng-kapíng.
Suwé-suwé aku yå pasrah, sênajan
sêjatiné atiku abót, abóót… bangêt. Aku ora biså ngapusi atiku, aku ora bisa
sélak yèn råså trêsna iku pancèn ånå. Bapak banjúr ngutús aku pindhah sêkolah
mênyang kuthå liyå kang adóh såkå mas Pram karêbèn critané tamat lan sêminé katrêsnan
ora tansåyå ngrêmbuyung.
Róng taún såkå kuwi, aku duwé kênalan
kang sajaké ngajak sériús.
Yå wís… sênajan ati iki isíh lårå,
nangíng aku kêpéngín nudúhaké marang såpå waé – utamané Budhé, yèn aku bocah
kang “tahu diri”… bocah kang bisa ngêrtèni pênggalihé wóng tuwå. Mula sênajan
lagi têlúng sasi nggónku kênalan, têrús diajak rabi, aku manút waé.
Pancèn tênan, ati iki ora biså
gampang ditåtå. Råså iki ora gampang diapusi. Barêng wís nêm sasi aku
omah-omah, atiku kåyå suwúng …, sêpi… pêríh. Såpå tå sêjatiné síng manggón
nèng njêro atiku? Mas Pram apa bojoku?
Ah… bingúng aku… Ladènanku kang
adhêm gawé cuwaníng bojoku. Aku ora maido yèn dhèwèké dadi sêríng plêsír karo
kanca-kancané. Arang mulíh, arang gunêman, yå… dadi arang sak kabèhé. Aku
pasrah, aku ora duwé dåyå. Aku pancèn salah.
“Mas, aku arêp tilík wóng tuwaku
yå…!” Aku pamít bojoku, aku kêpéngín golèk dalan kanggo mêtu såkå råså
bingúngku iki.
“Yåwís… Níng aku sibuk ora bisa ngêtêraké
…“ bojoku pancèn sabar síng sak tênané.
Bèn kuwi dadi rahasiaku dhéwé.
Sidané aku budhal dhéwé …, lan aku
sowan Budhé. Aku kêtêmu manèh karo Mas Pram.
“Mas Pram, piyé yèn mêngko bêngi aku
panjênêngan têraké mlaku-mlaku …? Wís kangên kutha iki…Wís suwé ora mulíh ….
Níng yèn ora ånå síng cêmburu lho…!”
“Åjå anèh-anèh dhík … Síng cêmburu
durúng laír, dadi tênang waé…“
“Kók iså durúng laír tå mas… ?”
“Lha iyå tå… wóng trêsna sêjati
ngono ora têkå bola-bali…“
Atiku mak tratab. Aku mênêng
éthók-éthók ora krungu waé, angèl anggónku arêp mangsuli.
Sidané bêngi iku aku lan mas Pram
mlaku-mlaku, kêmpút ngubêngi kuthå, nêkani panggónan síng biyèn naté dadi
panggónan dolan. Dhúh Gústi…, kawulå nyuwún pangapuntên. Punikå sanès mblénjani
janji…, punikå sanès lampah sèdhèng, kawulå namúng badhé padós margi, margi
íngkang padhang kanggé kawulå lan mas Pram.
“Mas…, sêjatiné aku arêp crita yèn
sêjatiné atiku iki yå lårå… lårååå bangêt lho mas…, nalikå lungguhan, aku
mbukak rêmbugan.
“Lårå piyé dhík…? Åpå garwamu nglarani
atimu…?” mas Pram takón sajak kagèt.
“Dudu … dudu kuwi mas, aku yå ngrasakaké
kåyå síng panjênêngan rasakaké. Nangíng kabèh kudu dak sélaki…, kudu dak buwang
adóh sênajan angèl… Amargå aku kêpéngín ngajèni pênggalihé Budhé… !”
“Åpå iyå dhík…? Åpå iyå ngono…? Dadi
saksuwéné iki kabèh dadi mistêri…, dadi sandiwårå …?”
“Tênan mas… Kabèh iki åjå nganti ånå
síng mangêrtèni. Aku lan panjênêngan wís diwåså, kudu bisa milah-milih êndi
síng pantês lan síng ora pantês. Cukúp awaké dhéwé waé síng ngêrti. Gústi Allah
ora saré kók, mugå-mugå tansah paríng pêpadhang marang awaké dhéwé. Aku lêgå
mêrgå panjênêngan wís ngêrti isiníng atiku síng sak tênané…. dadi åjå nganggêp
múng panjênêngan dhéwé síng lårå, nangíng ayo lårå iki kita dadèkaké pamêcút
kanggo ngadêg luwíh jêjêg, mlaku luwíh bantêr lan nglairaké katrêsnan anyar,
sênajan múng dilambari wêlas asíh marang liyan…“ tangísku ora kênå dak êmpêt.
Mas Pram mlongo, kêmbêng-kêmbêng
ora bisa wangsulan.
“Tênan ya mas… Aku nyuwún kanthi bangêt, ayo nyawang
ngarêp… Anggêpên aku adhikmu tênan sênajan gêtíh kita ora pådhå. Golèknå aku
mbakyu kang biså dak dadèkaké pêlabuhanku, aku arêp nitipaké panjênêngan….
kangmasku, supåyå ditrêsnani kåyå aku adhiné kang nrêsnani panjênêngan”.
Sêpi… ora ana manèh kang biså dak
ómóngaké, atiku wis plóng!
Yå iki síng dak péngini. Nutúp crita
lawas lan mbukak lakón anyar.
Sésuké aku bali…, bali marang bojoku
priyå kang kudu dak trêsnani, sênajan múng lêlambaran wêlas asíh. Amargå
katrêsnan sêjati pancèn ora têkå bola-bali.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar