Sesorah
Dinten Kamardikan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Ketua Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa ingkang satuhu kula bekteni, Bapak
saha Ibu Dosen Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa ingkang satuhu kinurmatan, saha
kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken
syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan
sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan
sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi
adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten
ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa
kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi
kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni
dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados
saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal
17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka
dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik
Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge
kamardikaning bangsa kita.
Awit saking menika kula panjenengan sami
kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur
menika antawisipun kawujudaken kanthi acara Lomba pentas seni budaya kanthi
tema “ya nJawa, ya mBudaya”, lomba duta sinjang saking perwakilan rombel, lomba
geguritan, nedha krupuk, balap karung, ngriyas tumpeng, ugi kerja bakti
lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih wonten ing ngajeng gedung B8
menika.
Adicara inti dipunwontenaken tirakatan
wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila
saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi
nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang
langkung sae.
Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah
anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten
klenta-klentunipun atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr.
Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar