PAGUPON KANGGO MBAH PON
”Ya
wis aku lila yen omah iki arep mbok rebut, aku lila yen awakku sing wis tuwa
iku mbok singkang-singkang, mbok ambrukke! Mbok singkirke…”
Ora
ngira swara sing gawe geter dhadha mau ngreyot saka tutuke Mbah Poniman utawa
Mbah Pon sing wis kisut. Blas ora keprungu klepas-klepuse rokok diimbuhi pega
kaya biyasane. Aku gage-gage nemplekake kuping ana sela-selane papan kayu
sengon.
Papan
sing misahake aku karo keluwargane Mbah Pon sing wis kepetung patang puluh
tahun. Yen ora kleru ngetung, kawit umurku sepuluh tahun lan Mbah Pon patang
puluh tahunan.
Aku
dadi gojag-gajeg ing antarane duwe karep misah regejegane Mbah Pon karo anak
kuwalone utawa ngenengake wae. Nanging, mikirake dhadhane Mbah Pon sing sansaya
keprungu seseg, aku ora tegel. Gage-gage lawang tak jebleske kepara banter
banjur njenggirat nemoni Mbah Pon.
”Wonten
prekawis menapa, Mbah Pon,” tembungku alus.
”Ya
ngene iki nasibe wong, yen lagi duwe uwuh diundhuh, yen lagi gothang
ditendhang,” ukarane ngelingake jaman dadi tentara.
Salah
sijine anak kuwalon nyingkir saka kamar tamu. Jumangkah mlebu omah. Sajak
rikuh, wong atase anak kok ora nate nyenengake wong tuwa nanging malah
ngrusohi. Sanadyan iku kepetung anak kuwalon.
Sak
dhet! Aku magrok ana kamar tengah. Ndeleng cagak gunggung papat sing nyangga
omahe Mbah Pon ketangkep ora jejeg. Kusen-kusen pating plengkung. Lawange padha
njerit inepe nalika dibukak utawa ditutup. Pyan saka kepang yang padha jamuren.
Durung reng usuk sing ana ndhuwure, mbok menawa wis kanggo rebutan rayap.
Mbah
Pon banjur mapanake bokongku ana kursi gapuk. Tak sawang mripate katon suthup.
Sajake nyimpen rentengan sejarah sing amoh nggembol gumoh.
”Nak
Buwah pirsa dhewe… Aku nikahan karo ibune bocah-bocah meh seprapat abad.
Statusku dudha merga ditinggal mati bojo. Anakku loro-lorone wis mentas. Kango
nyambung urip tak rewangi dodolan pitik. Bathine ora sepira, nanging kena
kanggo tuku bubur bocah-bocah,” ukarane runtut. Isih ngemu rasa nelangsa.
”Eee,
bareng bocah-bocah wis gedhe kok nasibku kaya mangkene, percuma olehku gawe
eyub-eyuban kanggo bocah-bocah,” rasa nelangsa kaulur dawa.
Omah
sing ora kerumat mau pancen duweke Mbah Pon kanthi wutuh. Bojone saiki karo anak
kuwalon gunggunge loro–siji dadi tukang parkir siji calo omah–durung nduweni
pametu sing lumintu. Loro-lorone malah kejiret utang. Manak-kumanak sisan.
Pungkasane karep, omahe Mbah Pon dicoba ditawakake menyang Pak RT.
Mbah
Pon mung bisa muntab. Yen omah sida payu, terus arep ngeyup menyang ngendi?
Sedulur-sedulur ndesa ora bisa diarep-arep. Tali paseduluran kaya-kaya wis
pedhot nalika Mbah Pon ora duwe ragat bali ndesa. Sanadyan setaun pisan. Sak
hebat-hebate bakul pitik sak ukuran Mbah Pon, isih kalah karo bakul bakmi jawa,
bakso lan jamu gendhong. Kanggo mangan wae Senin-Kemis. Tuku obat herbal
asam-urat ya ora kuwat.
Swara
gludhug sing nyamber-nyamber ana ndhuwur wuwungan kaya-kaya menehi ganepe
pratandha yen keluwargane Mbah Pon pancen lagi gonjang-ganjing. Saben dina
sansaya tambah dawa wong-wong sing padha takon omahe Mbah Pon. Yen Akad wingi
ana sing wani mbayar seket yuta rupiyah, saiki ana sing ngundhaki seket siji
yuta rupiyah. Biyasa, iki strategine bara bakul liwat para entul.
”Mboten
pun culaken Mbah, kangge nyaur utang pun meh sepuluh yuta hle. Mangka manak
malih dados welasan yuta. Saking pundi badhe mbayar?” Prawiro Punjul sing
kedhapuk dadi Ketua RW kaya-kaya nyegati pikirane Mbah Pon.
Siji
loro tangga sing nyawang polatane Mbah Pon padha ora tegel. Mesakake mantan
pejuwang sing nate ngrasakake nganggo kathok bagor mau dhik jaman Jepang. Urip
pancen kewaca cetha kaya rodha kereta. Mbiyen, sakdurunge Mbok Pon dadi bojone
Pak Pon nate duwe bojo asmane Pak Mantri.
Sanadyan
kerep nyunati bocah, jebule melu keserang diabetes. Bola-bali golek tamba ora
mari-mari. Mbuh piye mula bukane, hla kok bojone Pak Mantri banjur kecanthol
Mbah Pon. Ana sing duwe praduga Mbah Pon nalika isih timur pancen pinter narik
kawigatene wanodya. Malah ana sing nudhuh Mbah Pon duwe ilmu aji pengasihan.
Nanging
gandheng rasa tresnane Mbah Pon katon sekonyong kodher, ora wurung nambah
seseke urip Pak Mantri, krasa diklewung. Pak Mantri ora kuwat nampa
pacoban mau lan bacute ora bisa diopeni maneh.
Omahe
Mbah Pon saiki wis payu. Dhuwit sing cupet dirajang-rajang lan Mbah Pon mung
entuk sangu sepuluh yuta rupiyah. Serik ora serik Mbah Pon nampa dhuwit
mau. Arep dienggo usaha apa maneh dhuwit sing gunggunge mepet iki? Mangkono
pitakon sing sajak tumancep kenceng ana bathuke Mbah Pon.
Wong
sak kampung banjur padha nyawang mendah abote sanggane Mbah Pon. Kabeh iki bisa
kadeleng saka tindak-tanduke Mbah Pon sing beda kaya adat saben. Bola-bali
tangga teparo padha diajak rembugan karo ngrasani polah tingkahe anake kuwalon
mau.
”Panjenengan
kantun mutuske Mbah Pon, badhe setunggal omah malih kaliyan Bu Pon lan
putra-putra, napa piyambakan,” Pak Giman, sing isih mambu sedulur karo Mbah
Pon, aweh dalan. Mbah Pon klisikan. Ora ana wektu kanggo udut. Ukara mau dadi
bahan rembugan ana sawijining regol tengah kampung.
”Kepengine
ngono karo Bu Pon, ora karo bocah-bocah..,”semaure blaka suta.
”Hla
putrane dereng mentas, taksih perlu gulawentah,” selane Giman.
”Nggih
Mbah, kedah setunggal paket,” guyone Rochani.
”Wadhuh,
mbok padhakke paket hemat, iki paket mahal, Ni,” imbuhe Tris dadi tambah
gayeng. Mbah Pon kaya tambah kesodhok. Para tangga banjur menehi wektu supaya
Mbah Pon diaturi mikir sewengi. Idhep-idhep mikir luwih lantip. Para tangga
yakin yen mikir keluwarga ora sakruwet mikir regejegane partai politik ing
negara iki.
***
Esuk
uthuk-uthuk Mbah Pon wis katon nggasrit. Rambute klimis merga pomidan. Guyune
plengah-plengeh. Kabeh tangga padha ngebyukke sawangan marang praupan riya sing
kudune leren mikir bab donya mau.
”Pripun
Mbah, keputusanipun kados pundi?” pitakone Lik Karyo, mantan kades, mancing.
”Aku
tak balik ndesa wae,” semaure tanpa irama.
”Hlo,
panggenanipun sinten?” Lik Marjo melu kepengin ngerti.
”Ndesane
adhiku, ana Wonogiri. Kebeneran ing kana isih ana sak cuwil sawah, aku bisa
angon bebek uga, ya idhep-idhep gawe pagupon,” ukarane mantep.
Hla
Mbah Pon putri pripun?” Sarijo, dhalang karbitan, melu nylethuk.
”Ya
tetep melu aku. Kebeneran bocah-bocah padha ora gelem mbalik ndesa,”
”Sampun
kulina gesang wonten kitha, Mbah,” Lik Mardigu melu ngomentari. Mbah Poniman
manthuk-manthuk sarujuk. Sajake wis keconggah kabeh karepe. Mula telung dina
bacute, pas dina Setu, sebagian tangga sak-RT banjur nyewa kendharaan sing
regane patang atus ewu rupiyah. Wong wolu nyangga bareng-bareng.
Mantene
tuwa (Mbah Pon lanang lan wadon) dipanggonake ana ngarep. Satus telung puluh
kilometer adohe lurung bakal katempuh kanthi rasa kesel. Paling ora awak
ngethopyok wong sing melu rata-rata wis umur sak ndhuwure seket. Nanging piye
maneh wong jenenge tangga?
Apa
maneh Mbah Pon kepetung minangka warga sing asring gawe guyon nalika ana
arisan. Kabeh mengko padha ngrasakake kangen marang Mbah Pon, utamane nalika
pas arisan piyambake mesthi mbengok ”Kopyoook! Kopyooook!” Banjur kabeh nuruti
usulan ngopyok merga padha-padha ngantuk.
Durung
menawa malem tirakatan sing tumiba ing malem 17 Agustus, sakwise gendurenan,
Mbah Pon ditanggap kon dongeng jaman melu perang. Mesthi gayenge ora karuwan.
Critane durung mandheg yen pirang-pirang bungkus rokok sengaja dicepakake ana
sak ngarepe.
”Mbah Pon, kula dereng nate ngrekam dongeng heroik pengalaman
perang panjenengan hlo,” ujug-ujug Tikno nggodha Mbah Pon.
”Hahaha…
Wani pira?” gayane melu-melu iklan. Kabeh padha nyekekeh.
Kendharaan
sing ditumpangi mlaku terus ana aspal alus. Ora krasa bokong tuwa dipres ana
lungguhan luwih saka petungan telung jam.
”Taksih
tebih, Mbah?” Suradi ora kuwat nahan gringgingen.
”Kari
sithik, munggah gunung, mburi gunung kuwi hlo, sawahe subur. Panjenengan nginep
kene kabeh paling ora seminggu,” ramahe pol. Kendharaan banjur tumuju plataran
alon-alon nlesih dalan aspal sing rada bodhol. Limang menit bacute menggok ana
latar amba.
”Hla
kuwi lho, paguponku wis dadi!” drijine Mbah Pon nuding sawijining bangunan.
”Lumayan
Mbah, kok diarani pagupon. Pagupon ki lak ya kandhang dara,” Pak RT nyemoni.
Ora ana petungan limang menit banjur jumedhul wong wadon sing umure seketan.
Praupane sumringah. Isih ana sisa-sisa rupa ayu katon lamat-lamat tumempel ana
praupane wanita mau.
Darjo
gage-gage ora sabar anggone nyedhak. Mbisiki pitakon ana kupinge Mbah Pon sing
kisut kaya pring apus tegoran telung dina.
”Niku
sinten malih, Mbah Pon?”
Kanthi
rasa mongkog Mbah Pon mangsuli.
”Kuwi
tilas sindhen kondhang. Telung pulung tahun kepungkur tahu tak sir. Ora
kelakon. Bareng tahun wingi dadi randha… ya wis klepek-klepek. Tak tandangi
wae!” senenge kaya entuk lotre.
Kabeh
sing krungu padha gedheg-gedheg.
”Hla
yen makaten, istrine Mbah Pon kalih?” Pak RT ndheseg.
Pak
Pon mung njegeges. Ora nyebut…! Mangkono batine kanca-kanca sing adoh-adoh
ngeterake…
Budi Wahyono, Guru SMK N 7 Semarang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar