Mega
Dening Fifi Lia Rumita
Putih
ana ing antarane lumangit biru
Ngadeg
jumejer pateng ngrampyak bebaris
Lumaku
nututi panjer angin rina lan wengi
Putih
ana ing antarane lumangit biru
Dak
antu-antu tekamu nalikane surya wis lumaku
Kareben
adem hawa ing bumiku
Nanging
yen lingsirmu gegawa swasana ireng blureng
Kabeh
sansaya padha sesorak,
Kang
unine “lunga, lungaa”
Putih
kang mapan ana ing awang-awang
Jejalaran
pancen wis tinakdir saka gusti
Endah,
endah tenan yen sinawang ana ing ndhuwur palarapan
O,
mega…. Sliramu Bakal dak sawang bebarengan marang lumakune jaman
Tidak ada komentar:
Posting Komentar