Lilakna
Lilakna
aku lunga, lilakna!
Nyeret
sakehing panandhang titipanmu
Embuh
menyang endi sikil bakal tumuju
Sagagang
kembang mlathi
Uga
racikan ukaar peni sing rinonce dadi gupitasari
Bakal
dadi piyandel tuwuhing rasa kangen ing ati
Lilakna
aku bali, lilakna!
Salembar
kitir isi gorehing rasa
Aja
disuwek najan ora pengaji, najan ora pengaji
Nyatane
aku durung kober methik kembang tanduranmu
Apa
maneh ngrasakake manise madu
Mula
lilakna aku bali. O, lilakna aku bali
Senajan
sarana nglangi sadawane kali
Prau
sing lelayaran kae pancen nyurung tekadku
Nrajang
sela-selane ombak nlusup sangisore dahuru
Kapethik saka
“Bledeg Segara Kidul”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar