ING PESISIR WAYAH SORE
Alun
segara kidul pancen ngedap-edapi. Jumlegure banget rinasa saengga ngremukake
swasana ati. Wiwitane kabar saka sabrang nalika kadang-kadang kita
sing pating jlerit memelas ilang kesapu ombak tsunami. Ya amarga saka kabar
tsunami kuwi pikirane saiki tansaya kaco, ora jenjem.
Pikiran
nglambrang sansaya mbabra nalika wong-wong saomah ndadekake dheweke minangka
paran pitakonan. Dudu jawaban sing kudu dipikir nanging kepriye carane
nakyinake jawaban sing pancen angel tenan. Malah dheweke kerep muring-muring
marang jawabane dhewe.
Kabeh
jawaban iku satemene ya mung kanggo nyenengake wong-wong kuwi, geneya aku kudu
ngomong jujur yen wong-wong kuwi ora nate gelem percaya lan marem marang
jawabanku?
Ngono
atine kandha kaya-kaya nyalahake awake dhewe. Mula kanggo sumingkir saka
pitakonan-pitakonan konyol kuwi dheweke kerep ngesok rasa sumpeke marang
pesisir ing wayah sore. Manuk-manuk camar dolanan ombak sandhuwure segara kang
sedhela-sedhela mabur mudhuk-mandhuwur ora bisa nglipur dheweke saka rasa
goreh.
Malah
dheweke nggusah manuk-manuk mau kanthi disawat nganggo gesik. Pancen aneh
manawa manuk kang ora ngerti kenthang-kimpule melu-melu disalahke. Kamangka
bisa wae mbok manawa camar-camar kuwi satemene ngerti marang apa kang lagi dirasakake.
Saora-orane sekarep gawe lelipur. Ananging sajake dheweke ora rumangsa kelipur.
Malah kaya-kaya manuk-manuk mau nggeguyu dheweke. Pancene ing wektu kuwi
pikirane lagi goreh ora bisa nampa kahanan kanthi wening, malah kepara
nggedheke rasa cubriya lan emosi-emosi.
Ndhewe
ing papan sepi katone pas kanggo dheweke. Jroning meneng dheweke bisa ngrangke
umpama-umpama kang ora bisa ditampa dening pikirane wong waras. Apa dheweke
saiki wis edan? Nanging, yen ora gemblung geneya dheweke kok golek jawaban ing
pesisir? Ananging yen wis kepara edan, geneya dheweke isih duwe pengarepan?
Najan pengarep-arep mau mbuh ora genah dununge.
Dheweke
isih setya mecaki dawaning pesisir kanthi rasa ati kang ora bisa digambarake.
Rasa sumpeg lan judheg campur dadi siji ngrajam ngudhet-udhet pikiran sehat.
Apa dheweke bakal nemu jawaban kang bisa maremake? Mung wektu kang bakalan
njawab.
Ing wektu-wektu kepungkur, dheweke
kerep ngentekake wektu ing pesisir sinambi nyawang langit sing sulak abang karo
calon bojone. Calon bojo? Ya, bisa diarani ngono awit nyatane dheweke karo Yan
klakon tunangan. Najan sasuwene kuwi ora nate ana rasa istimewa sing
mlebu ing atine.
Awit
dheweke ora prenah duwe pikiran apa maneh duwe pengarep-arep dadi bojone
wong kang sasuwene iki wis dianggep kaya dene kadang tuwa. Ora ana rasa jroning
ati kajaba: kadang!
Nanging,
nalika krungu kabar manawa tanah Aceh banjir bandhang marga disapu gelombang
tsunami kang newasake atusan ewon manungsa, kabeh kenangan ing pesisir iku
malih dadi rasa nelangsa kang banget nabet ati. Antarane rasa salah lan
kangen dadi nyawiji. Antarane pengarep-arep lan kenangan dina-dina kepungkur
rinonce kekembangan kang ngambarake rasa kangen.
Sauntara kuwi wis suwe dheweke nyoba
ngubungi mawa handphone (HP). Nanging, ora ana jawaban saka
sebrang. Keluarga lan sanak-kadange sansaya mojokake jroning swasana kang
salah. Sikepe kang sasuwene iki sajak lelewa dianggep minangka kebeneran manawa
Yan calon bojone katut dadi korban ing Aceh. Pancene pandakwa sing banget
keladuk. Jroning kahanan kang kaya mangkono ora ana pilihan kajaba ngesok
marang pesisir kang ninggalake kenangan, kaya sing dilakoni ing wektu sore iki.
”Rungokna ombak, wong-wong saomah wis
ora mrecayani aku. Kabeh wis nganggep aku mutusake sesambungan karo Mas Yan.
Tenan, sasuwene iki aku wis kerep nyoba ngubungi Mas Yan. Nanging saben-saben
dak telpon, mung veronica sing njawab”.
Sore
iki mbuh sing kaping pira wis ora ketung maneh. Swasana meh padha. Ing
sandhuwure segara manuk-manuk camar isih ngiteri langit. Ombaking segara kidul
sing sagunung-gunung kaya-kaya arep nguntal dheweke. Jan-jane dheweke duwe
pengarep-arep supaya disaut dening glombang iku. Nanging, dudu nglalu.
Dheweke kepengin ketemu karo Yan lantaran ombak mau. Manawa Gusti pancen
ngarepake dalan kuwi, mula tekoa he ombak gedhe, ngono atine kandha.
Katone
iki mujudage keputusan pungkasan. Dheweke wis ora pengin bali mulih. Dheweke
bakal ngenteni kabar saka calon bojone. Dheweke rumangsa salah marang wong
lanang iku. Sasuwene iki ora tau nggateke kawigatene. Sasuwene iki mung
nganggep sedulur marang dheweke. Nanging kabeh rasa mau saiki malik satus
wulung puluh drajat. Rasa sepa kang ngukuhi jroning atine, saiki mleleh dadi
rasa kangen lan kebak ing penganti-anti.
Ananging
rasa kangen mau kanggo sapa? Kabeh wong wis ngerti menawa tanah Aceh wis ora
wujud maneh? Kamangka nalika kedadeyan glombang tsunami kuwi Yan lagi tugas ing
kono. Wiwit kuwi ora ana komunikasi. Lan kabeh mau wis lumaku luwih saka
sesasi. Dheweke nyoba golek jawaban ing pesisir segara kidul. Apa ana
gegambaran kang bisa gawe pepadhang? Apa ana tipak-tipak kang bisa nuntun
lakune amrih bisa ketemu marang calon bojone?
Dheweke lungkrah. Semonoa sikile
tetep jumangkah. Saiki lakune ora mung ana sapinggire pesisir. Wis sawates
dhengkul dheweke mlebu ing banyune segara. Panyawange ngener tengahe segara
sing ados lan blawur. Pikirane wis ora bisa diajak kompromi. Mbok menawa ya dalan iki sing bakal bisa
nuntun jroning sapatemon. Ngono dheweke mupus.
Srengenene
meh angslup. Candikala katon ngregemeng. Nanging dalan mau katon jembar lan
padhang. Lakune tansaya adoh kanthi langkah alon nanging manteb. Rasa nekad iku
luwih nyata nalika banyune segara wis nelesi perangan awake. Ora ana suwarane
sato kewan maneh. Kaya-kaya kabeh ngurmati lakune sing mecaki jerone segara
kidul.
Dheweke
kaya sang ratu lumaku ing sandhuwure permadani abang nuju ing dhampar nalika
sang raja wis suwe anggone ngenteni. Pandulune manther mangarep nyawang sang
dasih kang ngawe-ngawe marang dheweke. Saiki banyune segara wis sewates
dhadha. Saka kadohan katon gumulunge alun kang dhuwure sauwit klapa.
Ananging ujug-ujug HP-ne muni.
Dheweke kaget lan tanpa sadhar ngangkat HP-ne. “Mas Yan! Piye kabarmu, Mas…?!”
Kaya thathit dheweke mbalik jangkahe.
Swara
saka sebrang njawab kanthi kebak rasa tresna lan kangen. Swara mau ora liya Yan
pacangane sing sasuwene iki diarep-arep kabare. Swarane iki panggah kaya
biyen-biyen kae. Gumbira lan uga kebak pengarep-arep marang dheweke.
Wanita
enom mau saiki wis ana ing pesisir. Ana rasa gumbira kang ora bisa digambarake
nalika dheweke jumangkah ninggalake pesisir kidul kuwi. Kabar tsunami sing
klakon ngrenggut atusan ewon kadang kita ing Aceh pranyata isih nyisake
sawijining uwong kang banget dianti-anti. Nanging ana siji sing ora bisa diapusi,
yaiku rasa jroning atine kandha manawa antarane dheweke karo Yan ora luwih
mung rasa peseduluran. Wanita mau banjur mecaki dawaning pesisir.
Penulis adalah Parpal Poerwanto, Guru SDN Wonomulyo, Wonogiri
Tidak ada komentar:
Posting Komentar