Tembang Buruh
Kringet manjilma getih wis bali marang
kasajaten
Ngemonah saplinthi napas sadawane tampar nasip
Kareben perangan kebak kaendahan saka
urip iki
Bisa tumelung marang tanduran kebak
kasangsayan
Tumrap nasip getir sing kudu
digulawenthah sarana esem
Lan kala mangsanae beja sumelip tangis
kabungahan
Saka anak bojo sing kulina wawuh lawan
rerintih
Linambaran pengetan marang pandum sing
wis ginaris
Najan sapira ngungune rasa pangrasa ati
Anane satetes rejeki sing tetep
digemateni
Dala-dalan panas diambah kanthi jangkah
kebak donga
Kareben kagetiran iki ora pait lamun
kudu dilangga
Kapetik
saka ”Bledheg Segara Kidul “
Ambal
Kebumen, September 1995
(Jaya
Baya, No. 8-Tgl. 22 Oktober 1995)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar