Geguritan Kanggo Bocah
apa sliramu uga ora pengin methiki
kembang mlathi
ngronce-ronce dadi kalung barleyan
banget endah
banjur dikalungake ing potrete ibumu
kang banget aking?
lemah padhas saya ora nate kambon
banyu
lan kringet sing netes malah nuwuhake
hawa sangar
pancakara mbaka pancakara ngowahi lakune
sejarah
gilir gumanti bebendu lan pageblug
nibani plataran iki
apa maneh tembang alas gunung. sedheng
anak-anak
kepodhang banget kewuhan nemokake
pang-pang eyub
kanggo ajar lelompatan lan jejogedan
ah, mbok menawa pangarep-arep iki mung
pantes semi jroning angen-angen.
sedhela surem sedhela maneh kerem
utawa ilang bareng musnane guyu grapyak
bocah-bocah angon sing kekidungan
sesulingan
merga ambu suket ing kalane grimis
tumiba
kebuncang angin tumuju poncoting
kangungunan
padhang rembulan sing lagi salingir kae
sing biyen setya tuhu nunggoni kembang
desa adus ing kalia
sinambi rengeng-rengeng nembang kidung
mangsakala
semune lagi martakake anane tangis
nelangsa
bumi sing saya tuwa, bumi sing saya wuda
o, wis ora ana maneh tembang-tembang
dolanan
apa maneh jejaka nglamar kekasihe
nganggo guritan
wis ilang gandane rambut wangi merga
ayese banyu kali
wis ilang sumerbae lulur warangan saka
wanita pingitan
saiki ana sagagang sing durung kapethik
bokmenawa kowe bisa nggoleki dununge
nanging bokmenawa uga ora bisa, awit
salawase kenangan lan kenangan tansah lunga teka
lan kabeh mung gumantung mrang
kekudangan
lumantar benunge ocehe kukila
Kapethik
saking “Bledeg Segara Kidul”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar