Senin, 15 Desember 2014

Keblinger



Keblinger
Dening : Fifi Lia Rumita

Anakku ngger cah ayu lan cah bagus
Delengen ngger, sawangen jagat iki rak wis sansaya cumlorot
Cumlorote katon abyor kerlap-kerlip
Kerlap-kerlipe jaman saiki wis owah
Owah-owahane ngrembaka ing pasulayan kang ala

O, saiki jamane wis moderen,
Lampu kang asale saka sentir saiki wis gumanti karo neon
Sawah kang asale katon ijo royo-royo,
Saiki kabeh wis kasulap dening mantra jampine para panggedhe
E lhah dalah, jebul bener
Keblinger, keblinger tenan anak putuku
Ngger gus cah ganteng lan cah ayu,
Coba elingana jaman nalikane awakmu isih ngangsu ilmu
Kabeh rak ya padha lugune ta ngger?
Nanging saiki apa?
Bareng awakmu wis dadi wong pinter, banjur mlayu nututi laler
Njur kepiye nasipe bangsa kang jejer mager
Mager gumantung peprentahan kang ora bener
Duh gusti…
Keblinger, keblinger tenan awakmu ngger


Tidak ada komentar:

Posting Komentar