Senin, 15 Desember 2014

Tembang Grimis Esuk



Tembang Grimis Esuk

Angin dolanan rambute jagung
Iwak-iwak jogedan banyu kalen-adhuh endahe
Ewadene, wong manis, andika kelalen
Ah, bokmenawa rembulan moblong wis ora sengsem
Tumrap kangen batinmu. Selagine jaman banget ngungun
Marang kahanan wengi sing banget panas-banget panas
Merga kaobong nepsu lan angas

Tembang grimis esuk, tembange para tani
Sing urun marang kaprasajan. Sumeleh sapa sing dirasa
Tanpa kudu katut iline ombak
Tanpa ngrasa mlinder pikulan ing pundhak
Kabeh linakonan sakadare
Binareng tembang grimis nyusu marang bumine

Kapethik saka “Bledeg Segara Kidul”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar