Senin, 15 Desember 2014

Sing Kudu Dipilih



Sing Kudu Dipilih

Antarane ambane dalan-dalan sidhatan
Lan kumelipe lampu-lampu neon dalanan
Sapa sing kudu dipilih
Sing lumaku nyangking slendhang lan nggendhong rinjing
Kanthi obor klari lan oncor pring
Ngoyak misteri pnguripan
Utawa mobil-mobil dhines
Sing nyongklang mburu wektu
Awit kudu nekani rapat koordhinasi
Sing wis mulur setengah jam?

Ana sing kudu dipikir
Senajan penyair meneng, bisu kebak wening
Nanging sapa sig kudu dipikir
Antarane kuli-kuli panggul
Lan prawan ayu sing tansah nyidham endahe gurit!
Mula penyair asring ngelih
Nalika sawijine wektu
Kudu milih melek utawa milik!

Kapetik saka “Bledeg Segara Kidul”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar