Pambagyaharja pengetan dinten
kamardikan wonten ing dusun
dening : Fifi Lia Rumita
Assalamualaikum Wr. Wb.
katentreman, kawilujengan saha kamulyan mugi kajiwa kasarira wonten ing jiwangga kula dalah panjenengan sedaya waradin sagung dumadi.
Nuwun, kawula nuwun.
Bapak
Kepala Desa inggih menika Bapak Roni Al-imron ingkang satuhu kula bekteni, Bapak
Ketua Rt 1/1 inggih menika Bapak Subiyanto ingkang satuhu kinurmatan, saha para
warga ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur
Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami
taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan
taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara Pentas
akbar dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia ingkang kaping 69
tahun.
Sepisan
kula ngaturaken matur nuwun dumateng para rawuh ingkang sampun rawuh wonten ing
adicara Pentas akbar dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia
ingkang kaping 69 tahun. Ingkang kaping kalih kula ugi ngaturaken matur nuwun
kagem panitia ingkang sampun nyengkuyung adicara menika kanthi lancar.
Mugi sedaya acara punika saged kalampahan kanthi gancar li
ring sambikala.
Pramila kula minangka Ketua Panitia
menawi wonten kekirangan anggenipun ngrancang kegiyatan ingkang boten jumbuh
semangat kamardikan, kula sakanca nyuwun panyaruwe ingkang tundhonipun saged
damel mindhak saenipun sesrawungan ing madyaning panitia.
Kula kinten boten prayogi manawi
kula matur kathah-kathah awit taksih kathah asara ingkang badhe kagelar ing
ndalu punika, pramila menawi anggen kula matur kathah kekiranganipun kula
nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaiykum Wr. Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar