GARUDA PUTIH
Dening :
Suparto Brata
Garuda Putih
yaiku durjana kang kondhang ing Surabaya. Akeh kadurjanan kang wis dilakokake.
Ananging angel banget dicekel dening para polisi. Garuda Putih wis suwe dadi
buronane polisi. Nanging dhweke julig, tansah nduweni cara kang cerdhik nalika
gawe tindak kadurjanan
Kadurjanan
keri dewe kang dilakokake dening Garuda Putih yaitu kasus Abisuna kang mati
diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing
Surabaya, dadi maling ana ing toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya.
Dheweke bisa njukuk bandha kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok
Garuda Putih ninggal pesen kang tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana
ing serbet hotel ajeneng Hotel Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali
layang kaya ngono dening Garuda Putih. Karepe polisi nyekel Garuda Putih saya
memba-memba.
Kasus
kadurjanan ing toko rajabranane Pak Suryapringga durung beres, teka meneh
kadurjanan dening Garuda Putih kang kasil mrejaya wong selingkuh ana ing
Hotel Tretes ajeneng Abisuna. Polisi digawe budreg maneh. Garuda Putih ra
kecekel.
Abisuna
yaitu salah sawijining pejabat pamrentah kang lagi tugas ana ing dhaerah cedhak
Tretes. Abisuna pamit marang bojone arep lunga kaprelu tugas kepara seminggu,
ananging malah nggawa wong wadon liya turu ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong
wadon iku jenenge Emi. Wong wadon langganan kang wis biasa dikontrak gawean
ngancani turu wong liya. Ananging bojone Abisuna wis kongkon marang Bagus
Pamutih supaya ngawat-awati tindak-tanduke Abisuna ana ing Hotel Argadalu.
Bagus Pramutih uga dadi sasaran wong sing mrejaya Abisuna amarga pas mati,
dheweke lagi nginep neng hotel kono kanthi kaprelu ngawat-awati Abisuna.
Abisuna
katemokake mati dikendhat ana ing ngara-ara mburi hotel dening Manik lan
Wicaksana, kang padha-padha dadi tamu hotel. Ana ing njero klambine Abisuna ana
pesen kang tulisane “Paukumane kanggo wong slingkuh”. Tulisane iku persis karo
tulisan ana ing pesene Garuda Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak
Suryapringga. Iku ngapa sebabe kang disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih.
Pihak
kepolisian kang dipimpin Kapten Muhajir digawe budreg maneh anggone ngrampungke
perkara iki merga bukti kang diduweni ya mung padhane tulisan kang dinggo
ngirim layang ana ing kadurjanane Garuda Putih. Pihak kepolisian kang
ngrampungke perkara iki diewangi dening detektip kondhang, yaiku Detektip
Handaka kang wasis anggone mbedhah perkara-perkara kadurjanan.
Detektip
Handaka nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu Guritno. Rara Sumarni yaiku
penakane Suhud kang nduweni hotel Argadalu. Perangane persis Garuda Putih
sanajan jenenge disamar dadi Guritno. Detektip Handaka nyujani yen anggone
nglakokake tindak kadurjanan Garuda Putih kui liwat Rara Sumarni kang cedhak
karo wong-wongane hotel Argadalu.
Ananging kui
mau mung lagi dadi sujanane pihak kepolisian lan Detektip Handaka. Ceritane
gumantung amarga durung ana bukti kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.
Dening : Fadhilah
Nur Amini
Tidak ada komentar:
Posting Komentar