Wedang Secang Kanggo Kasarasan
Wis akeh wong sing ngerti menawa secang mono
salah sawijining omben-omben sing bisa kanggo njaga kasarasan. Awak ora
kepenak, rada masuk angin, yen diombeni wedang secang anget-anget bisa seger
waras. Saiki wis ana produk wedang secang wujud sirup lan bubukan,
pangombene luwih praktis lan gampang.
Secang urip ing
sadhengah papan, bisa ing pegunungan utawa dataran rendah. Yen ing padesan
kanggo pager utawa urip ing kebon lan pategalan. Dhuwure watara 5-10 meter, wit
lan pange kebak eri tempel sing bengkong. Wite gilig wernane ijo semu soklat.
Godhonge majemuk kaya godhong lamtara, wohe polong dawane 8-10 cm ambane 3-4
cm., pucuke kaya cucuk manuk. Yen wis mateng wijine ireng, saben polong ana 3-4
wiji. Kayune bisa diundhuh yen wite wis umur 1-2 taun. Kayu secang yen digodhog
wernane banyu malih abang, bisa kanggo bahan cet (pewarna), kayata wernane
jajan, inuman, anyaman, lan sapanunggalane.
Secang bisa kanggo
ngobati lara diare, disentri, watuk getih (TBC), tatu sing nemen, sifilis,
malaria, radang selaput lendir mata lan nyeri merga ganggan sirkulasi getih.
Kayu secang ngandhut asam galat tanin, resorsin, brassilin, brasilein,
d-alfa-phellandrene, ascimene, minyak atsiri sing kasiyate bisa ngendhegake
perdarahan, pembersih darah, penawar racun, lan antiseptik.
Carane gawe minuman saka
secang, njupuk kayu secang sacukupe, ditambah gula pasir, sere, jahe, lan banyu
sacukupe. Bahan-bahan mau didheplok (diselep) dadi siji banjur diperes. Lan
disaring. Terus digodhog suwene telung jam. Yen wis adhem diwadhahi ing botol
sing wis dikumbah resik (steril). Siap diunjuk. Kajaba kanggo sirup, secang
bisa ngobati sawetara peyakit.
kapethik saka majalah djaka lodang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar