TELUNG TAUN KEPUNGKUR
Senin esuk wulan Oktober ing mangsa rendheng. Mendung
nggendhaweng nggawa hawa adhem. Udan grimis kang tanpa kendhat tumiba nelesi
bumi. Aku makgregah tangi banjur mbukak candela. Njaba isih peteng, nanging aku
banjur nekat adus. Aku uga wis nyiapake jaket kandel kanggo ngilangi adhem ing
awakku. Jam enem pas, aku mlangkah saka lawang. Udan grimis ngancani anggonku
mangkat kuliah. Nadyan udan, aku tetep mangkat menyang kampus. Amarga dina iki
ana seminar jurnalistik. Aku banjur mlaku saka gang cilik, menyang dalan gedhe
kang adohe rongatus meter.
Aku lungguh ana ing halte bus ngarep kantor Koramil. Aku
ngerti cah wadon uga nunggu bis. Dheweke nyekel buku ing tangan tengene. Tangan
kiwane nyangking kresek sing isine sepatu. Merga ngerti kaya ngono, aku dadi
kelingan apa kang daklakoni telung taun kepungkur. Aku isih kelingan saben esuk
aku lungguh jejer karo Sinta ing halte iki. Nyegat bis mini nomer 11 jurusan
kampus sinambi maca buku lan gojekan bareng. Dheweke kerep nyilihi aku buku.
Amarga kuwi, aku bisa ngerti apa kang diarani mind map iku. Aku bisa seneng
maca novele Andrea Hirata, JK Rowling lan CS Lewis lan novel liya-liyane. Lan
aku uga bisa weruh, kepriye carane masak roti bolu, masak gule utawa nggawe
rujak. Nganti aku bisa apal nggitar uga amarga Sinta. Kanca dolan kang wis tak
anggep kaya sedulurku dhewe.
Jenenge Sinta Auliasari, kanca dolanan wiwit aku isih
cilik. Bocahe ayu, irunge mancung, kulite kuning mbranyak. Rambute ireng
sepundhak, pawakane rada dhuwur. Saka SD, SMP lan SMA aku lungguh sebangku karo
dheweke. Ngandhi-andi tansah bebarengan, mula akeh sing padha ngarani menawa
aku karo Sinta kuwi kakang adhi. Ana uga sing ngrasani yen aku dadi pacare
Sinta. Kamangka ora, sedulur ya ora, pacar ya ora. Aku mung kekancan karo
Sinta.
Sejatine aku rumangsa menawa ana rasa kang sinimpen ing
atiku. Rasa tresna marang Sinta sangsaya gedhe sasuwene wektu iku. Rasa tresna
kang ngerti-ngerti njedhul ing telenging ati nalika dheweke nyekel tanganku.
Ananging, aku ora banjur percaya. Aku uga ngrumangsani, aku mung anake wong
tani utun. Saben dinane gluprut endhut sawah. Beda karo dheweke sing sugih
bandha. Saben dina mangan enak. Aku isin menawa Sinta ngerti yen aku tresna
marang dheweke. Aku uga wedi yen rasa tresna iki malah dadi ngrusak tali
kekancan antarane aku lan Sinta. Nalika mlaku bareng saka kuliah, Sinta tau
takon karo aku.
“Mas Andi, kowe kuwi diece kanca-kancamu lho.”
“Lha aku dirasani piye dhik?” pitakonku. Dheweke banjur
mangsuli.
“Ngene Mas. Ngapa Mas Andi seprana-seprene kok durung
duwe pacar. Kamangka kowe kuwi bagus, pinter tur gemati.”
Aku mung mesem krungu tembung iku. Banjur dheweke uga
mesem lan ngomong maneh marang aku. “Lha kowe kok mung mesem ta Mas? Wangsulana
pitakonku,” ucape sambi mbenakke tase.
“Apa wong kuwi mung anggere golek. Ya ora mung ditonton
saka njabane, ning ya njerone kudu dingerteni. Apik apa ora dhik.”
“Iya. Ning penginmu kuwi sing kepriye Mas?”
Aku meneng, kepengin ngomong yen “sing kaya kowe” aku ora
wani. Tutukku kaya dikunci, ilatku abot banget arep mangsuli. Sesek ambeganku,
aku wedi. Durung wayahe Dhik, suk menawa wis titi wancine aku bakal ngomong
karo kowe.
Nanging, pangarep-arepku banjur ilang. Telung sasi
sakbubare Sinta takok mengkono, ana prastawa kang nggawekake runtuking atiku.
Ing salah sawijining dina sabubare kuliah, dheweke ngandhani aku. Sinta katon
ora sumringah kaya biasane.
“Mas, aku kepengin matur marang kowe. Bapakku pikantuk
tugas ana Palembang. Wiwit minggu ngarep budhal mrana.”
“Ya syukur Dhik yen mengkono. Nanging kowe ora melu
Bapakmu ta?”
“Lha ya kuwi Mas…”
“Lha ya piye? Kowe uga melu menyang Palembang Dhik?”
pitakonku marang Sinta.
Dheweke among meneng wae. Deg-degan atiku nunggu
wangsulane Sinta.
“Dhik, wangsulana pitakonku. Sliramu uga melu menyang Palembang
ta?” aku takok maneh. Tanganku nggepleki pundhake. Kanthi lirih-lirih dheweke
mangsuli.
“Iya Mas. Aku sesuk-esuk budhal mrana, arep ngurus
pindhahe kuliahku ana kana.”
Krungu tembung kuwi, aku nratab. Peteng delenganku, kaya
ana bledheng ing mangsa ketiga. Aku sajak ora percaya yen bakal kaya ngene.
Kamangka suk minggu ngarep aku arep ngomong blaka. Yen aku tresna banget marang
dheweke. Aku bingung bakal kepriye maneh. Ora mungkin menawa aku nglakoni
pacaran jarah jauh. Ora mungkin menawa aku ya melu mrana, aku ora tega marang
wong tuwaku.
“Apa ora bisa diundur rong dina telung dina Dhik?”
pitakonku lirih-lirih, tanganku nyekel siset tangan tengene. Sinambi nyawang
kendharaan pating sliwer, dheweke ngomong.
“Ora bisa Mas. Aku kudu mangkat sesuk.” Tembunge Sinta
sinambi netesake luh. Aku ngerti yen Sinta wegah pindhah menyang Palembang.
Banjur dak usap luh dleweran ing pipine.
“Menawa iki wis dadi lakonmu, lakonana Dhik. Aku mung
memuji, muga-muga tansah lancar anggonmu ngangsu kawruh. Sing sregep sinau lan
aja lali ngibadah marang kang Maha Kuwasa.”
“Iya Mas. Menawa aku ana luput marang kowe, aku nyuwun
pangapura. Muga-muga tali paseduluran iki tansah rinaket nganti mbesuk. Aku uga
tansah ndedonga, muga-muga ndang rampung kuliahmu. Muga-muga awake dhewe bisa
kapethuk maneh ya Mas.”
“Iya dhik. Aku… aku…” aku banjur nangis kekejer. Aku ora
bisa ngomong apa-apa maneh. Dheweke banjur ngrangkul aku, nyoba nglipur aku.
Tangane kiwa ngelus-elus pundhakku. Aku kanthi kapeksa menggak apa kang ana ing
njero atiku. Aku getun, ngapa kok ora wiwit dhekemben aku ngomong marang Sinta.
Apa sing tak enteni? Tresnaku kang kadhung jero kudu dipunggel sadurunge mekar.
Sabubare kuwi aku pirang-pirang bengi ora bisa turu. Aku
sedhih banget, atiku kelara-lara amarga saka awakku dhewe. Aku mikir lan terus
mikir. Tengah wengi aku tansah tangi. Raine Sinta tansah mubeng-mubeng ing
sirahku. Aku angel nglalekake Sinta. Bareng sesasi sabubare kuwi, aku kelingan
apa kang dikandhakake kancaku. Menawa aku ngomong marang Sinta yen aku tresna,
mesthi aku ya bakalan pisahan karo Sinta. Nanging, aku uga mikir yen iki wis
dadi lakonku. Wis ginaris marang Gusti yen Sinta dudu jodhoku. Gusti maringi
pacoban kaya mengkene supaya aku ora cuwa sing luwih jero amarga ditinggal
Sinta. Dhuh Gusti, paringana sabar lan tawakal. Lamunanku ambyar amarga kancaku
nggeplek aku, dheweke ngajak munggah bis sing mandheg ana ngarepku. Aku mung
mesem lan aku krasa sumringah maneh nglakoni uripku.
Dening : Rury Arvianto
Tidak ada komentar:
Posting Komentar