Tradisi Buka Luwur ingkang Wonten
ing Sunan Kudus
Dening : Fifi Lia Rumita
Tradisi
Buka Luwur inggih menika tradisi ingkang wonten ing Sunan Kudus. Tradisi Buka
Luwur inggih menika upacara kangge mengeti dinten pejahipun Sunan Kudus utawi
saged dipunsebat kaliyan “khaul”. Buka Luwur menika dipunpengeti saben tanggal
10 Muharram utawi 10 Syura. Tradisi Buka Luwur dipunpengeti tanggal 10 Muharram
utawi 10 Syura amargi tanggal menika wau dipunyakini dening masyrakat bilih
ilmu saking Gusti Allah SWT mandap wonten ing bumi, saengga tanggal menika wau
dipunanggep tanggal ingkang keramat.
Menawi
kronologisipun, proses upacara Buka
Luwur menika wau dipunwiwiti saking penyucian pusaka ingkang arupa keris
ingkang dipunyakini gadhahipun Sunan Kudus. Padatanipun toya ingkang tilas
menika wau dipunsebat kaliyan “kolo”, ingkang dipunsuwun kaliyan masyarakat
kangge nyucinipun keris
piyambak-piyambak amargi menika wau sami percados bilih samangke angsal berkah
saking Sunan Kudus.
Sabibaripun
upacara menika wau lajeng tanggal 1 Syura wonten acara pencopotan kelambu utawi
kain warni petak tilas punutup kangge makam ingkang sampun setaun dipun-ginakaken.
Kelambu utawi kain petak menika wau ingkang dipunsebat kaliyan Luwur. Kelambu
utawi kain petak menika wau samangke ingkang dados rebutan masyarakatipun
supados angsal berkah.
Lajeng
tanggal 9 Muharram utawi Syura dipunwaosaken berjanjen, sabibaripun sholat
subuh dipunwontenaken khataman Al-Qur’an kaliyan ndamel bubur suro. Bubur suro
wau dipunyakini saged dados obat kangge maneka warna penyakit.
Ing
wekdal samenika ugi dipunwontenaken penyembelihan kewan kang arupa wedus utawi
kebo. Lajeng dalunipun inggih menika tanggal 10 Muharram salajengipun sholat
subuh dipunwiwiti bikak klambu kairing kaliyan maos Al-Qur’an lan tahlil.
Lajeng sekul ingkang sampun dipunmasak wau dipunbagikaken kaliyan masyarakat.
Masyarakat percados bilih sekul menika wau nggadhahi berkah lan nggadhahi
khasiat saged kangge obat maneka warna penyakit. Sekul menika wau ingkang
dipunwastani “sego mbah sunan”.
Makna
Buka Luwur inggih menika ekspresi utawi kapicadosan akal kangge mahami realita
ingkang leres antawisipun setunggal tiyang kaliyan sejarah sarta kalbu ingkang
dipun-ginakaken kangge mahami firman-firman saking Gusti ingkang murba jagad.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar