Becik
Ninggal Lurik
Dening
Fifi Lia Rumita
Aku
iki manungsa,
Manungsa
kang dilairake saka manungsa uga
Aku
iki manungsa,
Manungsa
kang dilairake ana ing tanah Jawa
Jarene
tanah Jawa?
Tanah
kang anduweni tindak tanduk saha solah bawa kang prasaja
Lha
kok kaya mangkene kahanane?
Apa
saiki jamane wis bubrah?
Jaman
becik dadi jaman lurik?
Lurik
ya lurik kaya jarik
Ya
kaya jarik kang motipe lurik-lurik
Lurik
kang dak ibaratake tumindak ala kang mawarna-warna
Nyang
ndi persatuan kang wis cumepak ana ing sajroning sila 3 pancasila?
Nyang
ndi rasa pasedulurane bangsa kita?
Nyang
ndi rasa karukunane wong jawa?
Oo,
Saiki jamane wis jaman edan
Bocah
ingon ora weruh jeneng karukunan
Saiki
wis ambyar kabeh tatakrama lan tata susila
Tindak
tanduk, solah bawa lan sapunggalane wis pating slengkrah
Wis
ora ana pangrasa kurmat kinurmatan bocah cilik marang wong tua
Wis
ora ana pangrasa kurmat kinurmatan para tangga teparo
Wis
ora ana pangrasa kurmat kinurmatan ana ing antarane babu lan priyayi
Becike
kepriye ngger?
Kahanane
sansaya ajur mumur
Jiwa
karukunane wis ilang katerak angin kang sumilir
Apa
iya dheweke iki kudu anggugahi siji-siji?
Banjur
pada tangi yen ana ing dina iki karukunane wis muspra?
O,
manungsa ayo pada rawe-rawe rantas malang-malang putung
Ayo
pada nyawiji bebarengan
Ninggalake
kalurikan kanggo kabecikan
Ninggalake
pangrasa kang anggawe bubrahe karukunan
Saengga
mung ana rasa katresnan marang liyan
Saengga
mung ana rasa kabecikan lan katentreman
Tidak ada komentar:
Posting Komentar