TRADISI BULUSAN SUMBER KUDUS
Dening Fifi Lia Rumita
Legenda bulus sumber ing Dukuh Sumber, Desa Hadipolo,
Kecamatan Jekulo, Kabupaten Kudus dereng dipunmangertosi pasti, nanging miturut
juru kuncinipun ingkang nomer sekawan inggih menika ibu Sudasih lan bapak
Sirojudin menika legenda bulus sumber ingkang sampun dipuncariyosaken turun
temurun kaliyan simbah buyutipun. Wontenipun cariyos legenda kasebat saged
dipuncariyosaken kados mekaten.
Konon dukuh Sumber saged madeg dening kyai ingkang anggadahi
nama Mbah Dudo. Piyambakipun dipunkenal dados ahli nujum Syeikh Subakir saking
Arab. Ahli nujum inggih menika tiyang ingkang ahli ing ilmu perbitangan kangge
ngramalaken nasipun tiyang sanes lan mangertosi sedaya jagad. Sanesipun ahli
nujum, piyambakipun inggih menika tiyang bangsawan saking kerajaan Mataram
Islam. Mbah Dudo konon dipunutus dening gurunipun Syeikh Subakir kangge
nyebaraken agama Islam ing tlatah pantai lor jawa. Sesanesipun menika,
piyambakipun remen ngulandara nyambi nyebaraken agama Islam wonten ing maneka
warni wilayah.
Perjalanan mbah Kyai Dudo saking kerajaan Mataram ngantos
dumugi ing wilayah Kudus menika radi dangu sanget. Nglewati medan ingkang cekap
awrat, kadosta alas, semak-semak belukar, kali-kali, rawa-rwa. Gunung-gunung
lan perbuktan terjal. Mbah kyai Dudo walaupun nglewati dalan ingkang sanget
awrat lan tebih sanget nanging piyambakipun taksih semangat lan ikhlas. Menika
dipunlampahi atas dasar pangraos patuh lan kurmat dating gurunipun kangge
nglampahi utusan nyebaraken agama islam lan nglampahi tugas saking raja saking
kerajaan Mataram kangge membina hubungan kaliyan daerah pesisiran ingkang dados
wilayah kerjaan Maratam.
Perjalanan ingkang tebih menika dadosaken kyai dudo kaliyan
santrinipun ingkang anggadahi nama Umara lan Umari singgah (istirahat sakedap)
wonten ing papan panggenan saderengipun angsal namadaerah ingkang dipunutus
saking gurunipun. Mbah kyai dudo sesampunipun nglampahi perjalanan ingkang
tebih lajeng angsal papan panggenan lan dipunparingi tanda wit maja. Wit maja menika nedahaken wilayah kasebat
inggih menika wilayah kekuasaan majapahit. Sesampunipun angsal wit menika, mbah
kyai dudo lajeng istirahat lan miwiti mbabat alas ingkang taksih awujud semak
belukar, alas belantara, lan daerahpin rawa. Menika ngebuktikaken wontenipun
nama dukuh kadosta ngrau lan pulo. Wilayah menika jaman menika angker. Boten
wonten setunggal tiyang ingkang wanton njamah bahkan mbabat alas amargi taksih
satru galaknlan ugabangsa alus seangga mbiyenipun dipunarani jalmo moro jalmo
mati (sinten ingkang rawuh bakal mati). Tetapi mbah kyai dudo ngewantunaken
piyambakipun kangge mbabat alas lan ngadekake pasanggrahan wonten mriki lan
nyebaraken agama Islam. Ingkang dados lambang dipunbikak pedukuhan enggal
dening mbah kyai dudo kaliyan cara nanamaken wiji duku ingkang dipunbekta
saking kerajaan Mataram. Kelak wonten ing dukuh sumber menika bakal terkenal
kaliyan buah dukunipun ingkang dipunkenal gadha raos paling eco wonten ing
seluruh Indonesia. Ngantos semanika
taksih dereng kabukti kaleresanipun. Menika saged dipunditingali saking
arangipun wit duku ingkang wonten ing dukuh menika.
Berita menika ngantos mireng ing Sunan Muria (Raden Umar
Said). Saengga wonten ing malam Nuzulul Qur’an (17 Ramadhan) kanjeng Sunan
Muria badhe ngawontenaken perjalanan kanggge nrawuhi pepanggihan walisongo
wonten ing tlatah pati kaliyan dipunikuti santrinpun mampir ing pesanggrahan
Mbah Kyai Dudo kangge istirahat sakedhap nyambi silaturhim.
Wonten ing mrika kanjeng Sunan sami ngrembag babagan
keagamaan, pemerintahan lan pertanian. Wonten ing mriku Kanjeng Sunan
mirengaken swanten krubyuk-krubyuk, lajeng kanjeng Sunan micanten kados mekaten
“iku swara apa kok krubyuk-krubyuk, wong malam nuzulul Qur’an ora ngaji kok
malah ndaud ning sawah. Kaya swarane bulus”. Boten dangu lajeng tiyang kalih
wau (umara lan umari) dados bulus saestu. Sesampunipun kanjeng sunan mangertosi
bilih tiyang kalih wau dados bulus, piyambakipun kaget sanget. Menika wau ingkang ndadosaken legenda papan
panggenan ingkang wonten ing Dukuh Sumber, Desa Hsadipolo, Kecamatn Jekulo,
Kabupaten Kudus. Ngantos dinten menika nalika kupatan (seminggu sesampunipun
dinten riyaya idul fitri) papan panggenan menika wonten acara rame-rame kangge
mengeti cariyos menika wau.
Saben seminggu sesampunipun riyaya idul Fitri mesti kathah
tiyang-tiyang ingkang sami ngunjungi papan panggena wau kaliyan bekta kupat,
lepet lsp kangge dipunparingaken ing bulus menika wau.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar