Jumat, 26 Desember 2014

Kancil Lan Merak



Kancil Lan Merak

Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”
Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”
Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil
wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu
wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing
wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing
wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.
Sing ndongeng: Bagong Soebardjo

kapethik saka majalah djaka lodang

Sranane Wong Nandur Pari

Sranane Wong Nandur Pari

Yen disawang sagebyaran pari sing
wis kuning ing sawah iku katone mung sarupa. Nanging yen ditliti kanthi permati ana warna loro. Pari sing ubet lamene nengen diarani pari wadon utawa Sri Sedana. Dene pari sing ubet lamene ngiwa diarani pari lanang utawa Jaka Sedana. Lha yen miturut budaya Jawa, srana lan urut-urutane wong nandur pari kuwi kaya kang kasebut ing ngisor iki.Mbukak Sawah: sadurunge njegur nggarap sawah lumrahe luwih dhisik slametan. diarani slametan mbukak sawah utawa nyambung tuwuh. Nyebar Winih: panyebare winih milih dina sing becik, tegese aja dina was, dina kubur, ringkel gejig lsp. Wiwit Tandur: sawise winihe umur, miwiti tandur enggal katindakake. Tandur iki kawiwitan dening sing duwe sawah, kanthi ngencepake winih 7 utawa 9 ceblokan ing poncode sawah. Sajrone ngencepake winih mau dibarengi maca mantra. Panutupe mantra unine mangkene: Oyota kawat, wite wesi, godhong tembaga, gulu selaka, wohe kemate. Meleng-meleng tan ana godha sengkalane. Ngentas-ngentasi: sawise sawah meh katanduran kabeh, banjur dianakake slametan, sing diarani slametan ngentas-entasi. Ambengane mung prasaja, yaiku jenang sungsum lan bubur.Ider-ider Walangan: yen parine
wis njebul kabeh, banjur diideri walangan. Dina sing dipilih kanggo ider-ider iki dina Jemuah esuk. Sranane dringo lan bawang didheplok dadi siji. Dibundhelake ing poncote sawah. Diwiwiti saka lor wetan, ubenge nengen. Panutupe mantra: lor wetan panggonanmu, glagah alang-alang panggonanmu. Sorene gawe dhiyang ing pinggire sawah. Larahan sing diobong merang lembut lan godhong kluwih, sokur yen diwenehi lirang.Ngisen-iseni: seminggu sawise diideri walangan, banjur diisen-iseni. Sranane klapa diparut dicampur gula abang, disembur-semburake parine mubeng sawah.Ider-ider Tuwa lan Methik: yen parine
wis tuwa kabeh banjur diideri lan dipethik. Yen ider-ider sranane cokbakal, sega kokoh lan bundhel janur. Dene yen methik, kejaba kaya kasebut ing ndhuwur isih ana tambahe yaiku: tarub cilik sing dipasang ing tengah kedhokan, papane manten pari sing arep dipethik. Orek-orek, papan kanggo nyeleh sega kokoh/purihan. Piranti liyane kayata: jarit cacah loro, pugut sura, lenga wangi, suri, boreh lsp.Yen
wis rampung olehe methik, mantene
wis dipacaki, banjur digendhong digawa mulih. Kabehe manten ana sangang jodho. Tekan ngomah sing nampani mbokne thole. Mantene diturokake ing amben tengah. Lemeke klasa anyar, bantale tetel jadah lan tetel jenang. Cawisane cokbakal, sega kokoh, parem lly.Sawise iku banjur dianakake slametan: kanthi ngundang tangga teparo. Bengine diterusake jagongan sangantuke. Malah ana sing ditanggapake jedhor nganti sewengi muput.

Wedang Secang Kanggo Kasarasan



Wedang Secang Kanggo Kasarasan

Wis akeh wong sing ngerti menawa secang mono salah sawijining omben-omben sing bisa kanggo njaga kasarasan. Awak ora kepenak, rada masuk angin, yen diombeni wedang secang anget-anget bisa seger waras. Saiki wis ana produk wedang secang wujud sirup lan bubukan, pangombene luwih praktis lan gampang.
Secang urip ing sadhengah papan, bisa ing pegunungan utawa dataran rendah. Yen ing padesan kanggo pager utawa urip ing kebon lan pategalan. Dhuwure watara 5-10 meter, wit lan pange kebak eri tempel sing bengkong. Wite gilig wernane ijo semu soklat. Godhonge majemuk kaya godhong lamtara, wohe polong dawane 8-10 cm ambane 3-4 cm., pucuke kaya cucuk manuk. Yen wis mateng wijine ireng, saben polong ana 3-4 wiji. Kayune bisa diundhuh yen wite wis umur 1-2 taun. Kayu secang yen digodhog wernane banyu malih abang, bisa kanggo bahan cet (pewarna), kayata wernane jajan, inuman, anyaman, lan sapanunggalane.
Secang bisa kanggo ngobati lara diare, disentri, watuk getih (TBC), tatu sing nemen, sifilis, malaria, radang selaput lendir mata lan nyeri merga ganggan sirkulasi getih. Kayu secang ngandhut asam galat tanin, resorsin, brassilin, brasilein, d-alfa-phellandrene, ascimene, minyak atsiri sing kasiyate bisa ngendhegake perdarahan, pembersih darah, penawar racun, lan antiseptik.
Carane gawe minuman saka secang, njupuk kayu secang sacukupe, ditambah gula pasir, sere, jahe, lan banyu sacukupe. Bahan-bahan mau didheplok (diselep) dadi siji banjur diperes. Lan disaring. Terus digodhog suwene telung jam. Yen wis adhem diwadhahi ing botol sing wis dikumbah resik (steril). Siap diunjuk. Kajaba kanggo sirup, secang bisa ngobati sawetara peyakit.

kapethik saka majalah djaka lodang

Selasa, 16 Desember 2014

cerkak "Pagupon Kanggo Mbah Pon"



PAGUPON KANGGO MBAH PON
”Ya wis aku lila yen omah iki arep mbok rebut, aku lila yen awakku sing wis tuwa iku mbok singkang-singkang, mbok ambrukke! Mbok singkirke…”
Ora ngira swara sing gawe geter dhadha mau ngreyot saka tutuke Mbah Poniman utawa Mbah Pon sing wis kisut. Blas ora keprungu klepas-klepuse rokok diimbuhi pega kaya biyasane. Aku gage-gage nemplekake kuping ana sela-selane papan kayu sengon.
Papan sing misahake aku karo keluwargane Mbah Pon sing wis kepetung patang puluh tahun. Yen ora kleru ngetung, kawit umurku sepuluh tahun lan Mbah Pon patang puluh tahunan.
Aku dadi gojag-gajeg ing antarane duwe karep misah regejegane Mbah Pon karo anak kuwalone utawa ngenengake wae. Nanging, mikirake dhadhane Mbah Pon sing sansaya keprungu seseg, aku ora tegel. Gage-gage lawang tak jebleske kepara banter banjur njenggirat nemoni Mbah Pon.
”Wonten prekawis menapa, Mbah Pon,” tembungku alus.
”Ya ngene iki nasibe wong, yen lagi duwe uwuh diundhuh, yen lagi gothang ditendhang,” ukarane ngelingake jaman dadi tentara.
Salah sijine anak kuwalon nyingkir saka kamar tamu. Jumangkah mlebu omah. Sajak rikuh, wong atase anak kok ora nate nyenengake wong tuwa nanging malah ngrusohi. Sanadyan iku kepetung anak kuwalon.
Sak dhet! Aku magrok ana kamar tengah. Ndeleng cagak gunggung papat sing nyangga omahe Mbah Pon ketangkep ora jejeg. Kusen-kusen pating plengkung. Lawange padha njerit inepe nalika dibukak utawa ditutup. Pyan saka kepang yang padha jamuren. Durung reng usuk sing ana ndhuwure, mbok menawa wis kanggo rebutan rayap.
Mbah Pon banjur mapanake bokongku ana kursi gapuk. Tak sawang mripate katon suthup. Sajake nyimpen rentengan sejarah sing amoh nggembol gumoh.
”Nak Buwah pirsa dhewe… Aku nikahan karo ibune bocah-bocah meh seprapat abad. Statusku dudha merga ditinggal mati bojo. Anakku loro-lorone wis mentas. Kango nyambung urip tak rewangi dodolan pitik. Bathine ora sepira, nanging kena kanggo tuku bubur bocah-bocah,” ukarane runtut. Isih ngemu rasa nelangsa.
”Eee, bareng bocah-bocah wis gedhe kok nasibku kaya mangkene, percuma olehku gawe eyub-eyuban kanggo bocah-bocah,” rasa nelangsa kaulur dawa.
Omah sing ora kerumat mau pancen duweke Mbah Pon kanthi wutuh. Bojone saiki karo anak kuwalon gunggunge loro–siji dadi tukang parkir siji calo omah–durung nduweni pametu sing lumintu. Loro-lorone malah kejiret utang. Manak-kumanak sisan. Pungkasane karep, omahe Mbah Pon dicoba ditawakake menyang Pak RT.
Mbah Pon mung bisa muntab. Yen omah sida payu, terus arep ngeyup menyang ngendi? Sedulur-sedulur ndesa ora bisa diarep-arep. Tali paseduluran kaya-kaya wis pedhot nalika Mbah Pon ora duwe ragat bali ndesa. Sanadyan setaun pisan. Sak hebat-hebate bakul pitik sak ukuran Mbah Pon, isih kalah karo bakul bakmi jawa, bakso lan jamu gendhong. Kanggo mangan wae Senin-Kemis. Tuku obat herbal asam-urat ya ora kuwat.
Swara gludhug sing nyamber-nyamber ana ndhuwur wuwungan kaya-kaya menehi ganepe pratandha yen keluwargane Mbah Pon pancen lagi gonjang-ganjing. Saben dina sansaya tambah dawa wong-wong sing padha takon omahe Mbah Pon. Yen Akad wingi ana sing wani mbayar seket yuta rupiyah, saiki ana sing ngundhaki seket siji yuta rupiyah. Biyasa, iki strategine bara bakul liwat para entul.
”Mboten pun culaken Mbah, kangge nyaur utang pun meh sepuluh yuta hle. Mangka manak malih dados welasan yuta. Saking pundi badhe mbayar?” Prawiro Punjul sing kedhapuk dadi Ketua RW kaya-kaya nyegati pikirane Mbah Pon.
Siji loro tangga sing nyawang polatane Mbah Pon padha ora tegel. Mesakake mantan pejuwang sing nate ngrasakake nganggo kathok bagor mau dhik jaman Jepang. Urip pancen kewaca cetha kaya rodha kereta. Mbiyen, sakdurunge Mbok Pon dadi bojone Pak Pon nate duwe bojo asmane Pak Mantri.
Sanadyan kerep nyunati bocah, jebule melu keserang diabetes. Bola-bali golek tamba ora mari-mari. Mbuh piye mula bukane, hla kok bojone Pak Mantri banjur kecanthol Mbah Pon. Ana sing duwe praduga Mbah Pon nalika isih timur pancen pinter narik kawigatene wanodya. Malah ana sing nudhuh Mbah Pon duwe ilmu aji pengasihan.
Nanging gandheng rasa tresnane Mbah Pon katon sekonyong kodher, ora wurung nambah seseke urip Pak Mantri,  krasa diklewung. Pak Mantri ora kuwat nampa pacoban  mau lan bacute ora bisa diopeni maneh.
Omahe Mbah Pon saiki wis payu. Dhuwit sing cupet dirajang-rajang lan Mbah Pon mung entuk sangu sepuluh yuta rupiyah. Serik ora serik Mbah Pon nampa dhuwit  mau. Arep dienggo usaha apa maneh dhuwit sing gunggunge mepet iki? Mangkono pitakon sing sajak tumancep kenceng ana bathuke Mbah Pon.
Wong sak kampung banjur padha nyawang mendah abote sanggane Mbah Pon. Kabeh iki bisa kadeleng saka tindak-tanduke Mbah Pon sing beda kaya adat saben. Bola-bali tangga teparo padha diajak rembugan karo ngrasani polah tingkahe anake kuwalon mau.
”Panjenengan kantun mutuske Mbah Pon, badhe setunggal omah malih kaliyan Bu Pon lan putra-putra, napa piyambakan,” Pak Giman, sing isih mambu sedulur karo Mbah Pon, aweh dalan. Mbah Pon klisikan. Ora ana wektu kanggo udut. Ukara mau dadi bahan rembugan ana sawijining regol tengah kampung.
”Kepengine ngono karo Bu Pon, ora karo bocah-bocah..,”semaure blaka suta.
”Hla putrane dereng mentas, taksih perlu gulawentah,” selane Giman.
”Nggih Mbah, kedah setunggal paket,” guyone Rochani.
”Wadhuh, mbok padhakke paket hemat, iki paket mahal, Ni,” imbuhe Tris dadi tambah gayeng. Mbah Pon kaya tambah kesodhok. Para tangga banjur menehi wektu supaya Mbah Pon diaturi mikir sewengi. Idhep-idhep mikir luwih lantip. Para tangga yakin yen mikir keluwarga ora sakruwet mikir regejegane partai politik ing negara iki.
***
Esuk uthuk-uthuk Mbah Pon wis katon nggasrit. Rambute klimis merga pomidan. Guyune plengah-plengeh. Kabeh tangga padha ngebyukke sawangan marang praupan riya sing kudune leren mikir bab donya mau.
”Pripun Mbah, keputusanipun kados pundi?” pitakone Lik Karyo, mantan kades, mancing.
”Aku tak balik ndesa wae,” semaure tanpa irama.
”Hlo, panggenanipun sinten?” Lik Marjo melu kepengin ngerti.
”Ndesane adhiku, ana Wonogiri. Kebeneran ing kana isih ana sak cuwil sawah, aku bisa angon bebek uga, ya idhep-idhep gawe pagupon,” ukarane mantep.
Hla Mbah Pon putri pripun?” Sarijo, dhalang karbitan, melu  nylethuk.
”Ya tetep melu aku. Kebeneran bocah-bocah padha ora gelem mbalik ndesa,”
”Sampun kulina gesang wonten kitha, Mbah,” Lik Mardigu melu ngomentari. Mbah Poniman manthuk-manthuk sarujuk. Sajake wis keconggah kabeh karepe. Mula telung dina bacute, pas dina Setu, sebagian tangga sak-RT banjur nyewa kendharaan sing regane patang atus ewu rupiyah. Wong wolu nyangga  bareng-bareng.
Mantene tuwa (Mbah Pon lanang lan wadon) dipanggonake ana ngarep. Satus telung puluh kilometer adohe lurung bakal katempuh kanthi rasa kesel. Paling ora awak ngethopyok wong sing melu rata-rata wis umur sak ndhuwure seket. Nanging piye maneh wong jenenge tangga?
Apa maneh Mbah Pon kepetung minangka warga sing asring gawe guyon nalika ana arisan. Kabeh mengko padha ngrasakake kangen marang Mbah Pon, utamane nalika pas arisan piyambake mesthi mbengok ”Kopyoook! Kopyooook!” Banjur kabeh nuruti usulan ngopyok merga padha-padha ngantuk.
Durung menawa malem tirakatan sing tumiba ing malem 17 Agustus, sakwise gendurenan, Mbah Pon ditanggap kon dongeng jaman melu perang. Mesthi gayenge ora karuwan. Critane durung mandheg yen pirang-pirang bungkus rokok sengaja dicepakake ana sak ngarepe.
”Mbah Pon, kula dereng nate ngrekam dongeng heroik pengalaman perang panjenengan hlo,” ujug-ujug Tikno nggodha Mbah Pon.
”Hahaha… Wani pira?” gayane melu-melu iklan. Kabeh padha nyekekeh.
Kendharaan sing ditumpangi mlaku terus ana aspal alus. Ora krasa bokong tuwa dipres ana lungguhan luwih saka petungan telung jam.
”Taksih tebih, Mbah?” Suradi ora  kuwat nahan gringgingen.
”Kari sithik, munggah gunung, mburi gunung kuwi hlo, sawahe subur. Panjenengan nginep kene kabeh paling ora seminggu,” ramahe pol. Kendharaan banjur tumuju plataran alon-alon nlesih dalan aspal sing rada bodhol. Limang menit bacute menggok ana latar amba.
”Hla kuwi lho, paguponku wis dadi!” drijine Mbah Pon nuding sawijining bangunan.
”Lumayan Mbah, kok diarani pagupon. Pagupon ki lak ya kandhang dara,” Pak RT nyemoni. Ora ana petungan limang menit banjur jumedhul wong wadon sing umure seketan. Praupane sumringah. Isih ana sisa-sisa rupa ayu katon lamat-lamat tumempel ana praupane wanita mau.
Darjo gage-gage ora sabar anggone nyedhak. Mbisiki pitakon ana kupinge Mbah Pon sing kisut kaya pring apus tegoran telung dina.
”Niku sinten malih, Mbah Pon?”
Kanthi rasa mongkog Mbah Pon mangsuli.
”Kuwi tilas sindhen kondhang. Telung pulung tahun kepungkur tahu tak sir. Ora kelakon. Bareng tahun wingi dadi randha… ya wis klepek-klepek. Tak tandangi wae!” senenge kaya entuk lotre.
Kabeh sing krungu padha gedheg-gedheg.
”Hla yen makaten, istrine Mbah Pon kalih?” Pak RT ndheseg.
Pak Pon mung njegeges. Ora nyebut…! Mangkono batine kanca-kanca sing adoh-adoh ngeterake…

Budi Wahyono, Guru SMK N 7 Semarang

cerkak "Ing Pesisir Wayah Sore"


ING PESISIR WAYAH SORE
Alun segara kidul pancen ngedap-edapi. Jumlegure banget rinasa saengga ngremukake swasana ati.   Wiwitane kabar saka sabrang nalika kadang-kadang kita sing pating jlerit memelas ilang kesapu ombak tsunami. Ya amarga saka kabar tsunami kuwi pikirane saiki tansaya kaco, ora jenjem.
Pikiran nglambrang sansaya mbabra nalika wong-wong saomah ndadekake dheweke minangka paran pitakonan. Dudu jawaban sing kudu dipikir nanging kepriye carane nakyinake jawaban sing pancen angel tenan. Malah dheweke kerep muring-muring marang jawabane dhewe.
Kabeh  jawaban iku satemene ya mung kanggo nyenengake wong-wong kuwi, geneya aku kudu ngomong jujur yen wong-wong kuwi ora nate gelem percaya lan marem marang jawabanku?
Ngono atine kandha kaya-kaya nyalahake awake dhewe. Mula kanggo sumingkir saka pitakonan-pitakonan konyol kuwi dheweke kerep ngesok rasa sumpeke marang pesisir ing wayah sore. Manuk-manuk camar dolanan ombak sandhuwure segara kang sedhela-sedhela mabur mudhuk-mandhuwur ora bisa nglipur dheweke saka rasa goreh.
Malah dheweke nggusah manuk-manuk mau kanthi disawat nganggo gesik. Pancen aneh manawa manuk kang ora ngerti kenthang-kimpule melu-melu disalahke. Kamangka bisa wae mbok manawa camar-camar kuwi satemene ngerti marang apa kang lagi dirasakake. Saora-orane sekarep gawe lelipur. Ananging sajake dheweke ora rumangsa kelipur. Malah kaya-kaya manuk-manuk mau nggeguyu dheweke. Pancene  ing wektu kuwi pikirane lagi goreh ora bisa nampa kahanan kanthi wening, malah kepara nggedheke rasa cubriya lan  emosi-emosi.
Ndhewe ing papan sepi katone pas kanggo dheweke. Jroning meneng dheweke bisa ngrangke umpama-umpama kang ora bisa ditampa dening pikirane wong waras. Apa dheweke saiki wis edan? Nanging, yen ora gemblung geneya dheweke kok golek jawaban ing pesisir? Ananging yen wis kepara edan, geneya dheweke isih duwe pengarepan? Najan pengarep-arep mau mbuh ora genah dununge.
Dheweke isih setya mecaki dawaning pesisir kanthi rasa ati kang ora bisa digambarake. Rasa sumpeg lan judheg campur dadi siji ngrajam ngudhet-udhet pikiran sehat. Apa dheweke bakal nemu jawaban kang bisa maremake? Mung wektu kang bakalan njawab.
Ing wektu-wektu kepungkur, dheweke kerep ngentekake wektu ing pesisir sinambi nyawang langit sing sulak abang karo calon bojone. Calon bojo? Ya, bisa diarani ngono awit nyatane dheweke karo Yan klakon tunangan. Najan sasuwene kuwi ora nate ana rasa istimewa sing mlebu ing atine.
Awit dheweke ora  prenah duwe pikiran apa maneh duwe pengarep-arep dadi bojone wong kang sasuwene iki wis dianggep kaya dene kadang tuwa. Ora ana rasa jroning ati kajaba: kadang!
Nanging, nalika krungu kabar manawa tanah Aceh banjir bandhang marga disapu gelombang tsunami kang newasake atusan ewon manungsa, kabeh kenangan ing pesisir iku malih dadi  rasa nelangsa kang banget nabet ati. Antarane rasa salah lan kangen dadi nyawiji. Antarane pengarep-arep lan kenangan dina-dina kepungkur rinonce kekembangan kang ngambarake rasa kangen.
Sauntara kuwi wis suwe dheweke nyoba ngubungi mawa handphone (HP). Nanging, ora ana jawaban saka sebrang. Keluarga lan sanak-kadange sansaya mojokake jroning swasana kang salah. Sikepe kang sasuwene iki sajak lelewa dianggep minangka kebeneran manawa Yan calon bojone katut dadi korban ing Aceh. Pancene pandakwa sing banget keladuk. Jroning kahanan kang kaya mangkono ora ana pilihan kajaba ngesok marang pesisir kang ninggalake kenangan, kaya sing dilakoni ing wektu sore iki.
”Rungokna ombak, wong-wong saomah wis ora mrecayani aku. Kabeh wis nganggep aku mutusake sesambungan karo Mas Yan. Tenan, sasuwene iki aku wis kerep nyoba ngubungi Mas Yan. Nanging saben-saben dak telpon, mung veronica sing njawab”.
Sore iki mbuh sing kaping pira wis ora ketung maneh. Swasana meh padha. Ing sandhuwure segara manuk-manuk camar isih ngiteri langit. Ombaking segara kidul sing sagunung-gunung kaya-kaya arep nguntal dheweke. Jan-jane dheweke duwe pengarep-arep supaya disaut dening glombang iku. Nanging, dudu  nglalu. Dheweke kepengin ketemu karo Yan lantaran ombak mau. Manawa Gusti pancen ngarepake dalan kuwi, mula tekoa he ombak gedhe, ngono atine kandha.
Katone iki mujudage keputusan pungkasan. Dheweke wis ora pengin bali mulih. Dheweke bakal ngenteni kabar saka calon bojone. Dheweke rumangsa salah marang wong lanang iku. Sasuwene iki ora tau nggateke kawigatene. Sasuwene iki mung nganggep sedulur marang dheweke. Nanging kabeh rasa mau saiki malik satus wulung puluh drajat. Rasa sepa kang ngukuhi jroning atine, saiki mleleh dadi rasa kangen lan kebak ing penganti-anti.
Ananging rasa kangen mau kanggo sapa? Kabeh wong wis ngerti menawa tanah Aceh wis ora wujud maneh? Kamangka nalika kedadeyan glombang tsunami kuwi Yan lagi tugas ing kono.  Wiwit kuwi ora ana komunikasi. Lan kabeh mau wis lumaku luwih saka sesasi. Dheweke nyoba golek jawaban ing pesisir segara kidul. Apa ana gegambaran kang bisa gawe pepadhang? Apa ana tipak-tipak kang bisa nuntun lakune amrih bisa ketemu marang calon bojone?
Dheweke lungkrah. Semonoa sikile tetep jumangkah. Saiki lakune ora mung ana sapinggire pesisir. Wis sawates dhengkul dheweke mlebu ing banyune segara. Panyawange ngener tengahe segara sing ados lan blawur. Pikirane wis ora bisa diajak kompromi. Mbok menawa ya dalan iki sing bakal bisa nuntun jroning sapatemon. Ngono dheweke mupus.
Srengenene meh angslup. Candikala katon ngregemeng. Nanging dalan mau katon jembar lan padhang. Lakune tansaya adoh kanthi langkah alon nanging manteb. Rasa nekad iku luwih nyata nalika banyune segara wis nelesi perangan awake. Ora ana suwarane sato kewan maneh. Kaya-kaya kabeh ngurmati lakune sing mecaki jerone segara kidul.
Dheweke kaya sang ratu lumaku ing sandhuwure permadani abang nuju ing dhampar nalika sang raja wis suwe anggone ngenteni. Pandulune manther mangarep nyawang sang dasih kang ngawe-ngawe marang dheweke. Saiki banyune segara wis sewates dhadha.  Saka kadohan katon gumulunge alun kang dhuwure sauwit klapa.
Ananging ujug-ujug HP-ne muni. Dheweke kaget lan tanpa sadhar ngangkat HP-ne. “Mas Yan! Piye kabarmu, Mas…?!” Kaya thathit dheweke mbalik jangkahe.
Swara saka sebrang njawab kanthi kebak rasa tresna lan kangen. Swara mau ora liya Yan pacangane sing sasuwene iki diarep-arep kabare. Swarane iki panggah kaya biyen-biyen kae. Gumbira lan uga kebak pengarep-arep marang dheweke.
Wanita enom mau saiki wis ana ing pesisir. Ana rasa gumbira kang ora bisa digambarake nalika dheweke jumangkah ninggalake pesisir kidul kuwi. Kabar tsunami sing klakon ngrenggut atusan ewon kadang kita ing Aceh pranyata isih nyisake sawijining uwong kang banget dianti-anti. Nanging ana siji sing ora bisa diapusi, yaiku rasa jroning atine kandha manawa antarane dheweke karo Yan ora luwih mung  rasa peseduluran. Wanita mau banjur mecaki dawaning pesisir.

Penulis adalah Parpal Poerwanto, Guru SDN Wonomulyo, Wonogiri

cerkak "Telung Taun Kepungkur"



TELUNG TAUN KEPUNGKUR

Senin esuk wulan Oktober ing mangsa rendheng. Mendung nggendhaweng nggawa hawa adhem. Udan grimis kang tanpa kendhat tumiba nelesi bumi. Aku makgregah tangi banjur mbukak candela. Njaba isih peteng, nanging aku banjur nekat adus. Aku uga wis nyiapake jaket kandel kanggo ngilangi adhem ing awakku. Jam enem pas, aku mlangkah saka lawang. Udan grimis ngancani anggonku mangkat kuliah. Nadyan udan, aku tetep mangkat menyang kampus. Amarga dina iki ana seminar jurnalistik. Aku banjur mlaku saka gang cilik, menyang dalan gedhe kang adohe rongatus meter.
Aku lungguh ana ing halte bus ngarep kantor Koramil. Aku ngerti cah wadon uga nunggu bis. Dheweke nyekel buku ing tangan tengene. Tangan kiwane nyangking kresek sing isine sepatu. Merga ngerti kaya ngono, aku dadi kelingan apa kang daklakoni telung taun kepungkur. Aku isih kelingan saben esuk aku lungguh jejer karo Sinta ing halte iki. Nyegat bis mini nomer 11 jurusan kampus sinambi maca buku lan gojekan bareng. Dheweke kerep nyilihi aku buku. Amarga kuwi, aku bisa ngerti apa kang diarani mind map iku. Aku bisa seneng maca novele Andrea Hirata, JK Rowling lan CS Lewis lan novel liya-liyane. Lan aku uga bisa weruh, kepriye carane masak roti bolu, masak gule utawa nggawe rujak. Nganti aku bisa apal nggitar uga amarga Sinta. Kanca dolan kang wis tak anggep kaya sedulurku dhewe.
Jenenge Sinta Auliasari, kanca dolanan wiwit aku isih cilik. Bocahe ayu, irunge mancung, kulite kuning mbranyak. Rambute ireng sepundhak, pawakane rada dhuwur. Saka SD, SMP lan SMA aku lungguh sebangku karo dheweke. Ngandhi-andi tansah bebarengan, mula akeh sing padha ngarani menawa aku karo Sinta kuwi kakang adhi. Ana uga sing ngrasani yen aku dadi pacare Sinta. Kamangka ora, sedulur ya ora, pacar ya ora. Aku mung kekancan karo Sinta.
Sejatine aku rumangsa menawa ana rasa kang sinimpen ing atiku. Rasa tresna marang Sinta sangsaya gedhe sasuwene wektu iku. Rasa tresna kang ngerti-ngerti njedhul ing telenging ati nalika dheweke nyekel tanganku. Ananging, aku ora banjur percaya. Aku uga ngrumangsani, aku mung anake wong tani utun. Saben dinane gluprut endhut sawah. Beda karo dheweke sing sugih bandha. Saben dina mangan enak. Aku isin menawa Sinta ngerti yen aku tresna marang dheweke. Aku uga wedi yen rasa tresna iki malah dadi ngrusak tali kekancan antarane aku lan Sinta. Nalika mlaku bareng saka kuliah, Sinta tau takon karo aku.
“Mas Andi, kowe kuwi diece kanca-kancamu lho.”
“Lha aku dirasani piye dhik?” pitakonku. Dheweke banjur mangsuli.
“Ngene Mas. Ngapa Mas Andi seprana-seprene kok durung duwe pacar. Kamangka kowe kuwi bagus, pinter tur gemati.”
Aku mung mesem krungu tembung iku. Banjur dheweke uga mesem lan ngomong maneh marang aku. “Lha kowe kok mung mesem ta Mas? Wangsulana pitakonku,” ucape sambi mbenakke tase.
“Apa wong kuwi mung anggere golek. Ya ora mung ditonton saka njabane, ning ya njerone kudu dingerteni. Apik apa ora dhik.”
“Iya. Ning penginmu kuwi sing kepriye Mas?”
Aku meneng, kepengin ngomong yen “sing kaya kowe” aku ora wani. Tutukku kaya dikunci, ilatku abot banget arep mangsuli. Sesek ambeganku, aku wedi. Durung wayahe Dhik, suk menawa wis titi wancine aku bakal ngomong karo kowe.
Nanging, pangarep-arepku banjur ilang. Telung sasi sakbubare Sinta takok mengkono, ana prastawa kang nggawekake runtuking atiku. Ing salah sawijining dina sabubare kuliah, dheweke ngandhani aku. Sinta katon ora sumringah kaya biasane.
“Mas, aku kepengin matur marang kowe. Bapakku pikantuk tugas ana Palembang. Wiwit minggu ngarep budhal mrana.”
“Ya syukur Dhik yen mengkono. Nanging kowe ora melu Bapakmu ta?”
“Lha ya kuwi Mas…”
“Lha ya piye? Kowe uga melu menyang Palembang Dhik?” pitakonku marang Sinta.
Dheweke among meneng wae. Deg-degan atiku nunggu wangsulane Sinta.
“Dhik, wangsulana pitakonku. Sliramu uga melu menyang Palembang ta?” aku takok maneh. Tanganku nggepleki pundhake. Kanthi lirih-lirih dheweke mangsuli.
“Iya Mas. Aku sesuk-esuk budhal mrana, arep ngurus pindhahe kuliahku ana kana.”
Krungu tembung kuwi, aku nratab. Peteng delenganku, kaya ana bledheng ing mangsa ketiga. Aku sajak ora percaya yen bakal kaya ngene. Kamangka suk minggu ngarep aku arep ngomong blaka. Yen aku tresna banget marang dheweke. Aku bingung bakal kepriye maneh. Ora mungkin menawa aku nglakoni pacaran jarah jauh. Ora mungkin menawa aku ya melu mrana, aku ora tega marang wong tuwaku.
“Apa ora bisa diundur rong dina telung dina Dhik?” pitakonku lirih-lirih, tanganku nyekel siset tangan tengene. Sinambi nyawang kendharaan pating sliwer, dheweke ngomong.
“Ora bisa Mas. Aku kudu mangkat sesuk.” Tembunge Sinta sinambi netesake luh. Aku ngerti yen Sinta wegah pindhah menyang Palembang. Banjur dak usap luh dleweran ing pipine.
“Menawa iki wis dadi lakonmu, lakonana Dhik. Aku mung memuji, muga-muga tansah lancar anggonmu ngangsu kawruh. Sing sregep sinau lan aja lali ngibadah marang kang Maha Kuwasa.”
“Iya Mas. Menawa aku ana luput marang kowe, aku nyuwun pangapura. Muga-muga tali paseduluran iki tansah rinaket nganti mbesuk. Aku uga tansah ndedonga, muga-muga ndang rampung kuliahmu. Muga-muga awake dhewe bisa kapethuk maneh ya Mas.”
“Iya dhik. Aku… aku…” aku banjur nangis kekejer. Aku ora bisa ngomong apa-apa maneh. Dheweke banjur ngrangkul aku, nyoba nglipur aku. Tangane kiwa ngelus-elus pundhakku. Aku kanthi kapeksa menggak apa kang ana ing njero atiku. Aku getun, ngapa kok ora wiwit dhekemben aku ngomong marang Sinta. Apa sing tak enteni? Tresnaku kang kadhung jero kudu dipunggel sadurunge mekar.
Sabubare kuwi aku pirang-pirang bengi ora bisa turu. Aku sedhih banget, atiku kelara-lara amarga saka awakku dhewe. Aku mikir lan terus mikir. Tengah wengi aku tansah tangi. Raine Sinta tansah mubeng-mubeng ing sirahku. Aku angel nglalekake Sinta. Bareng sesasi sabubare kuwi, aku kelingan apa kang dikandhakake kancaku. Menawa aku ngomong marang Sinta yen aku tresna, mesthi aku ya bakalan pisahan karo Sinta. Nanging, aku uga mikir yen iki wis dadi lakonku. Wis ginaris marang Gusti yen Sinta dudu jodhoku. Gusti maringi pacoban kaya mengkene supaya aku ora cuwa sing luwih jero amarga ditinggal Sinta. Dhuh Gusti, paringana sabar lan tawakal. Lamunanku ambyar amarga kancaku nggeplek aku, dheweke ngajak munggah bis sing mandheg ana ngarepku. Aku mung mesem lan aku krasa sumringah maneh nglakoni uripku.
Dening : Rury Arvianto