Dunak Jamu Gendhong Mbah Pah
Dening : Fifi Lia
Rumita
Sumilir angin ana ing padesan kang
rineksa gawa ademe ati. Jejibahan nyawiji karo hawa katentreman lan
kawilujengan kang wus katandur ana ing saperangane saben manungsa. Peksi-peksi
padha ngayaruwe mbengok ngatonake swara kang gemleger alus. Gegodhongan padha
nglawe-awe nirokake menyang ngendi lumakune angin. Bathara surya wus arep
angslup ana ing lumangit pojok kulon kang mawarna kuning semu abang.
Mbah Ngatipah iku jenenge. Dedege
gedhe dhuwur, ayu, pakulitane kuning langsat, rambute ngandhan-andhan. Nanging
kuwi kabeh wis katutup karo sasuwene jaman. Mbah Pah, ya kuwi wong-wong padha
ngundang. Saben wong tangga teparo padha seneng karo sipat kang di duweni Mbak
Pah. Grapyak lan seneng tetulung marang liyan, kuwi wis nyawiji karo ragane
Mbah Pah. Mula ora gumun yen Mbah Pah saben dina kerep ditiliki karo
tangga-tanggane kang menehi panganan sing maneka warna.
Wis pitulikur taun Mbah Pah urip
dadi randha amarga ditinggal mati karo bojone sing jenenge Mbah Jon. Nalika
Mbah Jon isih urip, Mbah Pah uripe ayem tentrem ora kurang sandhang lan
pangane. Akeh kenangan sing ora bisa dilalekake Mbah Pah nalika isih bebojoan
karo Mbah Jon, momong lan gulawentah Prapto saben dina wis dilakoni bebarengan.
Prapto yaiku anake Tukiyem tilas kancane Mbah Pah nalika isih manggon ana ing
desa Ngablak. Nalika wektu iku Tukiyem ora saguh ngrumati Prapto amarga
kekurangan biaya kanggo mangan lan duweni niyat kanggo dadi TKW ana ing mancanegara.
Mula saka iku, nalika Prapto isih arupa bayi cenger kapeksa dititipake marang Mbah Pah. Ora let suwe
keprungu kabar yen Tukiyem mati amarga diseksa majikane. Kuwi sing gawe Mbah
Pah ora tegel marang Prapto. Prapto wis dianggep kaya anak dhewe.
Sawise ditinggal Mbah Jon, uripe
Mbah Pah dadi rekasa. Ora ana gaweyan liya sakliyane dodol jamu gendhong kanggo
nyekolahke Prapto lan nyambung urip. Mbah Pah mung saguh nyekolahke Prapto
nganti tamat SMEA, sarampunge iku Mbah Pah wis ora kuwat maneh mbiayai. Akhire
Prapto entuk panggilan saka pamarentah yen Prapto bakal dikuliahake karo Negara
ana ing Universitas nomer siji sak Indonesia. Mbah Pah seneng lan sedhih krungu
kabar iki. Senenge amarga anak lanange bakal dadi calon sarjana Hukum, lan
sedhihe amarga siji-sijine anak lanange bakal urip adoh saka Mbah Pah.
“Wis mak, iklaske anakmu iki kanggo
ngangsu kawruh ana Jakarta, anakmu janji bakal bali menyang omah karo gelar
Sarjana lan bakal dadi wong sing sukses” mangkono janjine Prapto marang Mbah
Pah.
“Yen pancene kudu mangkono, mak’e
lila legawa ngger yen kudu urip adoh marang anak lanangku siji-sijine, mak’e
ora bisa menehi sangu apa-apa sakliyane donga lan restu” mangkono ujare Mbah
Pah karo luhe kang tumiba pating dlewer nelesi pipine sing wis kisut.
“Anakmu iki ora butuh sangu arupa
duwit mak, sing tak jaluk mung donga lan restune.”
“Iya ngger anakku, mengko enteni
dhisik..”
Banjur ngendhika ngono kuwi mau Mbah
Pah banjur mlebu ing njero omah, ora let suwe Mbah Pah metu karo nggawa
buntelan barang segenggem. Jebul isine kalung lan gelang emas sing mbiyene
diwenehi Mbah Jon. Barang iku mau siji-sijine barang tilas wekasane Mbah Jon.
Nanging wis kepiye maneh, kahanane wis kaya mangkene. Prapto butuh sangu kanggo
ngangsu kawruh ana ing Jakarta, dasarane Mbah Pah kuwi ora tegelan mulane
barang iku mau diwenehke Prapto.
“Ngger, iki ana gelang lan kalung
emas, iki barang siji-sijine tilasane Bapakmu nalika isih urip. Sing sakbenere
barang iki kudu disimpen, nanging mak’e ngerteni yen awakmu mestine mbutuhake
sangu, gawa gawaa ngger. Sing ati-ati urip ana ing kutha.” Mangkono mau
pituture Mbah Pah marang Prapto karo mingseg-mingseg.
“Inggih, matur nuwun mak, Prapto
janji bakal dadi anak sing sholeh lan sukses, mengko yen wis sukses mak’e ora
perlu dodolan jamu gendhong maneh” jawabane Prapto karo nyuwun pangestu Mbah
Pah.
Sedina rong dina, seminggu rong
minggu, sesasi rong sasi nganthi patang taun wis lumaku. Mbah Pah saben bengi
sholat karo donga kanggo Prapto supaya dadi wong sing sukses donya lan akirate,
supaya Prapto uripe ayem, ora ana alangan apa-apa nalika ing kutha. Supaya
Prapto duweni gelar Sarjana Hukum lan supaya anak lanange bisa bali menyang
omah. Mangan lan ngumpul bareng Mbah Pah. Mbah Pah krungu kabar yen Prapto wis
wisudha lan wis duweni gelar Sarjana Hukum. Prapto uga wis nyambut gawe ana ing
pengadilan negeri sing terkenal ing Jakarta. Mbah Pah senenge ora jamak, apa
maneh minggu iki Prapto bakal bali. Kabar iku mau wis bisa gawe ayem atine Mbah
Pah.
Dina selasa paing esok ana mobil
werna ireng klemis sing mandek ing pekarangan ngarep omahe Mbah Pah. Wektu kuwi
Mbah Pah lagi nyapu latar, sakseretan sapu Mbah Pah langsung mandek olehe nyapu
banjur mliriki mobil apik iku mau. Ana ing njero atine Mbah Pah gumun,
kadingaren ana mobil ireng klemis apik sing mandek ing latare Mbah Pah. Ora
biasane pegawe utawa pejabat medun langsung ing desa. Mbah Pah sansaya tambah
mlongo nalika ana wong lanang lan wong wadon metu saka njero mobil iku mau.
“Mak….. ” wong lanang kuwi ngomong
mangkono karo nyedhaki Mbah Pah
Mbah Pah mlongo lan pangling amarga
wis patang taun ora ketemu karo anak lanange. Awake Mbah Pah lemes nalika
ngerteni wong lanang sing dedege gedhe dhuwur, bagus lan klemis kuwi anak
lanange.
“Gusti Allah ngger anakku” sautane
Mbah Pah karo ngelus-elus rambute Prapto sing lagi sungkeman ana ngarepe Mbah
Pah.
“Alhamdulillah sae mak, iki Prapto
gawa bojone Prapto sing bakale ngancani mak’e. coba dhik kenalke awakmu marang
si makku” omongane Prapto karo nggandeng tangan tengen bojone.
“Kula Rita bu, kula garwane mas
Prapto saking Jakarta nanging kula aslinipun saking Jogja” mangkono ujare Rita
karo ramah
“Oalah, anakku lanang pinter olehe
milih bojo kok ayu tenan, ayo ayo padha
mlebu ana njero omah” mangkono ajakane Mbah Pah karo guyu sing sumringah.
Nalika urip ing Jakarta lan nalika
Prapto wis rampung kuliah, Prapto langsung ketemu Rita ing kantor anggone
Prapto nyambut gawe. Akhire ora suwe Prapto nglamar Rita.
Iki wayah preinan para pegawe dinas,
mula Prapto lan bojone anggone preinan ing desa rada suwe. Rong minggu wis
kaliwat. Mantune Mbah Pah wis ora kerasan urip bebarengan karo Mbah Pah amarga
dheweke isin yen maratuwane tukang jamu gendhong.
Ing liya dina nalikane Prapto lagi
lunga dinas ing luar kota, Rita ngomong menyang Mbah Pah yen dheweke wis ora
betah lan isin duwe maratuwa sing mlarat lan ora duwe apa-apa kaya Mbah Pah.
Mbah Pah kaget karo apa sing diomongake mantune iku mau. Mbah Pah ora ngira yen
mantune bakal duweni sipat kang ala, wis arep kepiye maneh rata-rata yen wong
kutha pancen sipate kaya mangkono. Mung isa diitung karo driji wong sing duweni
sipat kang becik. Mbah Pah wis sepuh mulane Mbah Pah mung meneng lan
kelunta-lunta atine, amarga omongan mantune sing kasar.
“Aku wis bosen duwe maratuwa sing
isane mung dodol jamu gendhong, aku isin bu, aku isin”
“Iki pancen wis dadi penggaweyanku
ndhuk, wis arep mbok apake maneh iki pancen wis dadi kahananku.. saka dodolan
jamu gendhong iki aku bisa nyambung urip lan nyekolahke Prapto. Yen pancene
awakmu isin, aku lila nyingkir saka uripmu ndhuk mantuku” kuwi mau pituture
karo ngusap eluhe nggawa slendhang sing biasane digawe nggendhong jamu.
“Ya, pancen kuwi sing tak karepke
buk. Nisih, nisiha saka ngarepku !” kuwi mau karo nyadhuk dunak jamu gendhong
nganti kabeh gendhule pada pecah.
Ora suwe Mbah Pah lunga saka
ngarepan mantune karo ati kang kalunta-lunta.
Wis rong dina iki Mbah Pah manggon
ana ing lurung, lan wis rong dina iki uga Mbah Pah wis ora katon dodolan jamu
gendhong. Kabeh tangga teparo padha gumun amarga ora biasane Mbah Pah prei
olehe dodolan jamu gendhong. Mantune Mbah Pah wis bombing, amarga dheweke ngira
yen Mbah Pah wis nuruti omongane supaya mandek olehe dodolan jamu gendhong.
Awan iki Prapto wis bali menyang
omah. Prapto klimpungan goleki nyang ndi Mbah Pah kok ora katon. Banjur Prapto
takon marang bojone
“Dhik, mak’e ning ndi ta kok
dingaren sedina aku ora ngerti” pitakone Prapto karo swara sing alus
“Lha kuwi manggon ana lurung mburi
omah mas”
“lha kok bisa mak’e manggon ana
lurung? Ana apa sing sakbenere iki?” Prapto gumun
“Aku isin mas, aku isin karo
kanca-kancaku sing wis padha ngerteni yen maratuwaku iku tukang dodolan jamu
gendhong !”
“Oh, terus awakmu ngusir mak’e saka
njero omah iki ngono dhik? Kebangeten tenan awakmu dhik wis wani-wanine ngusir
wong tuwa!” pituture Prapto karo ngelus dhadha.
Prapto banjur menyang lurung nemoni
mak’ane. Nanging ing kono jebul sepi, ora ana wong sing semaur karo omongane
Prapto. Prapto tambah kwatir lan ora tenang atine, akhire dheweke mlebu ana ing
lurung pol pojok mburi. Ora suwe Prapto langsung ambruk lan lemes awake, luhe
wis pating dleweran meruhi Mbah Pah gumlethak turu sembujung pucet banget ing
sanding dunak. Prapto nyedhaki Mbah Pah karo mbrangkang ibarate wis ora duwe
daya. Di undang-undang nanging Mbah Pah ora nyauri. Didumuk tangane, jebul wis
ora ana denyute. Nalika iku rasane kaya ana kilat sing nyamber ing ndhuwur
sirahe Prapto. Nanging wis kepiye maneh, iki wis dadi takdire karo sing gawe
urip. Ing njero atine Prapto kuciwa banget marang bojone sing wis ngusir Mbah
Pah saka njero omah. Saiki wis ora ana maneh sing jenenge Mbah Pah tukang dodol
jamu gendhong, mung dunak kuwi sing dadi saksi bisu lan sejarah kahanan Mbah
Pah nalika isih urip ana ing alam donya.
like this Fiii :)
BalasHapusbanyakin karyanya ya fii :D
BalasHapus