Minggu, 30 November 2014

Tradisi Buka Luwur ingkang Wonten ing Sunan Kudus

Tradisi Buka Luwur ingkang Wonten ing Sunan Kudus
Dening : Fifi Lia Rumita

Tradisi Buka Luwur inggih menika tradisi ingkang wonten ing Sunan Kudus. Tradisi Buka Luwur inggih menika upacara kangge mengeti dinten pejahipun Sunan Kudus utawi saged dipunsebat kaliyan “khaul”. Buka Luwur menika dipunpengeti saben tanggal 10 Muharram utawi 10 Syura. Tradisi Buka Luwur dipunpengeti tanggal 10 Muharram utawi 10 Syura amargi tanggal menika wau dipunyakini dening masyrakat bilih ilmu saking Gusti Allah SWT mandap wonten ing bumi, saengga tanggal menika wau dipunanggep tanggal ingkang keramat.
Menawi kronologisipun, proses upacara  Buka Luwur menika wau dipunwiwiti saking penyucian pusaka ingkang arupa keris ingkang dipunyakini gadhahipun Sunan Kudus. Padatanipun toya ingkang tilas menika wau dipunsebat kaliyan “kolo”, ingkang dipunsuwun kaliyan masyarakat kangge  nyucinipun keris piyambak-piyambak amargi menika wau sami percados bilih samangke angsal berkah saking Sunan Kudus.
Sabibaripun upacara menika wau lajeng tanggal 1 Syura wonten acara pencopotan kelambu utawi kain warni petak tilas punutup kangge makam ingkang sampun setaun dipun-ginakaken. Kelambu utawi kain petak menika wau ingkang dipunsebat kaliyan Luwur. Kelambu utawi kain petak menika wau samangke ingkang dados rebutan masyarakatipun supados angsal berkah.
Lajeng tanggal 9 Muharram utawi Syura dipunwaosaken berjanjen, sabibaripun sholat subuh dipunwontenaken khataman Al-Qur’an kaliyan ndamel bubur suro. Bubur suro wau dipunyakini saged dados obat kangge maneka warna penyakit.
Ing wekdal samenika ugi dipunwontenaken penyembelihan kewan kang arupa wedus utawi kebo. Lajeng dalunipun inggih menika tanggal 10 Muharram salajengipun sholat subuh dipunwiwiti bikak klambu kairing kaliyan maos Al-Qur’an lan tahlil. Lajeng sekul ingkang sampun dipunmasak wau dipunbagikaken kaliyan masyarakat. Masyarakat percados bilih sekul menika wau nggadhahi berkah lan nggadhahi khasiat saged kangge obat maneka warna penyakit. Sekul menika wau ingkang dipunwastani “sego mbah sunan”.
Makna Buka Luwur inggih menika ekspresi utawi kapicadosan akal kangge mahami realita ingkang leres antawisipun setunggal tiyang kaliyan sejarah sarta kalbu ingkang dipun-ginakaken kangge mahami firman-firman saking Gusti ingkang murba jagad.

TRADISI BULUSAN SUMBER KUDUS


TRADISI BULUSAN SUMBER KUDUS
Dening Fifi Lia Rumita
Legenda bulus sumber ing Dukuh Sumber, Desa Hadipolo, Kecamatan Jekulo, Kabupaten Kudus dereng dipunmangertosi pasti, nanging miturut juru kuncinipun ingkang nomer sekawan inggih menika ibu Sudasih lan bapak Sirojudin menika legenda bulus sumber ingkang sampun dipuncariyosaken turun temurun kaliyan simbah buyutipun. Wontenipun cariyos legenda kasebat saged dipuncariyosaken kados mekaten.
Konon dukuh Sumber saged madeg dening kyai ingkang anggadahi nama Mbah Dudo. Piyambakipun dipunkenal dados ahli nujum Syeikh Subakir saking Arab. Ahli nujum inggih menika tiyang ingkang ahli ing ilmu perbitangan kangge ngramalaken nasipun tiyang sanes lan mangertosi sedaya jagad. Sanesipun ahli nujum, piyambakipun inggih menika tiyang bangsawan saking kerajaan Mataram Islam. Mbah Dudo konon dipunutus dening gurunipun Syeikh Subakir kangge nyebaraken agama Islam ing tlatah pantai lor jawa. Sesanesipun menika, piyambakipun remen ngulandara nyambi nyebaraken agama Islam wonten ing maneka warni wilayah.
Perjalanan mbah Kyai Dudo saking kerajaan Mataram ngantos dumugi ing wilayah Kudus menika radi dangu sanget. Nglewati medan ingkang cekap awrat, kadosta alas, semak-semak belukar, kali-kali, rawa-rwa. Gunung-gunung lan perbuktan terjal. Mbah kyai Dudo walaupun nglewati dalan ingkang sanget awrat lan tebih sanget nanging piyambakipun taksih semangat lan ikhlas. Menika dipunlampahi atas dasar pangraos patuh lan kurmat dating gurunipun kangge nglampahi utusan nyebaraken agama islam lan nglampahi tugas saking raja saking kerajaan Mataram kangge membina hubungan kaliyan daerah pesisiran ingkang dados wilayah kerjaan Maratam.
Perjalanan ingkang tebih menika dadosaken kyai dudo kaliyan santrinipun ingkang anggadahi nama Umara lan Umari singgah (istirahat sakedap) wonten ing papan panggenan saderengipun angsal namadaerah ingkang dipunutus saking gurunipun. Mbah kyai dudo sesampunipun nglampahi perjalanan ingkang tebih lajeng angsal papan panggenan lan dipunparingi tanda wit maja.  Wit maja menika nedahaken wilayah kasebat inggih menika wilayah kekuasaan majapahit. Sesampunipun angsal wit menika, mbah kyai dudo lajeng istirahat lan miwiti mbabat alas ingkang taksih awujud semak belukar, alas belantara, lan daerahpin rawa. Menika ngebuktikaken wontenipun nama dukuh kadosta ngrau lan pulo. Wilayah menika jaman menika angker. Boten wonten setunggal tiyang ingkang wanton njamah bahkan mbabat alas amargi taksih satru galaknlan ugabangsa alus seangga mbiyenipun dipunarani jalmo moro jalmo mati (sinten ingkang rawuh bakal mati). Tetapi mbah kyai dudo ngewantunaken piyambakipun kangge mbabat alas lan ngadekake pasanggrahan wonten mriki lan nyebaraken agama Islam. Ingkang dados lambang dipunbikak pedukuhan enggal dening mbah kyai dudo kaliyan cara nanamaken wiji duku ingkang dipunbekta saking kerajaan Mataram. Kelak wonten ing dukuh sumber menika bakal terkenal kaliyan buah dukunipun ingkang dipunkenal gadha raos paling eco wonten ing seluruh Indonesia.  Ngantos semanika taksih dereng kabukti kaleresanipun. Menika saged dipunditingali saking arangipun wit duku ingkang wonten ing dukuh menika.
Berita menika ngantos mireng ing Sunan Muria (Raden Umar Said). Saengga wonten ing malam Nuzulul Qur’an (17 Ramadhan) kanjeng Sunan Muria badhe ngawontenaken perjalanan kanggge nrawuhi pepanggihan walisongo wonten ing tlatah pati kaliyan dipunikuti santrinpun mampir ing pesanggrahan Mbah Kyai Dudo kangge istirahat sakedhap nyambi silaturhim.
Wonten ing mrika kanjeng Sunan sami ngrembag babagan keagamaan, pemerintahan lan pertanian. Wonten ing mriku Kanjeng Sunan mirengaken swanten krubyuk-krubyuk, lajeng kanjeng Sunan micanten kados mekaten “iku swara apa kok krubyuk-krubyuk, wong malam nuzulul Qur’an ora ngaji kok malah ndaud ning sawah. Kaya swarane bulus”. Boten dangu lajeng tiyang kalih wau (umara lan umari) dados bulus saestu. Sesampunipun kanjeng sunan mangertosi bilih tiyang kalih wau dados bulus, piyambakipun kaget sanget.  Menika wau ingkang ndadosaken legenda papan panggenan ingkang wonten ing Dukuh Sumber, Desa Hsadipolo, Kecamatn Jekulo, Kabupaten Kudus. Ngantos dinten menika nalika kupatan (seminggu sesampunipun dinten riyaya idul fitri) papan panggenan menika wonten acara rame-rame kangge mengeti cariyos menika wau.
Saben seminggu sesampunipun riyaya idul Fitri mesti kathah tiyang-tiyang ingkang sami ngunjungi papan panggena wau kaliyan bekta kupat, lepet lsp kangge dipunparingaken ing bulus menika wau.

Kamis, 27 November 2014

Naskah Drama Berbahasa Jawa "Pandhekaring Bangsa"



Pandhekaring Bangsa
Dening : Fifi Lia Rumita

Esok iki sang bathara surya wis jumedul ana ing langit. Peksi-peksi uga pada micara bebarengan nganggo swara kang endah dirungokake. Angin sumilir kaiber-iber ngebaki jagad bumi pertiwi sing bisa gawe tentreme ati. Ing wektu iki uga, ana kaluwarga kang urip sederhana, sanajan uripe sederhana apa anane nanging uripe ayem tentrem.
(ibu lagi ngudhang anake karo nyanyi “Tak Lela Ledhung”)
Ibu Tukiyem    : cep meneng anakku sing ayu dhewe (banjur nyanyi)
“Tak lela lela lela ledhung
 Cep meneng aja pijer nangis
Anakku sing ayu rupane
Yen nangis ndhak ilang ayune
Tak gadhang bisa urip mulya
Dadiya wanita utama
Ngluhurke asmane wong tuwa
Dadiya pandhekaring bangsa”
                        Sssstttt.. wis menengo cah ayu.. cup cup cup..
Ora let suwe ana 2 kompeni belanda sing marani Pariyem karo ekspresi wajah sing serem. (sadurunge iku bisa diwenehi lagu, joget karo mlayu alon2/slow motion)
Kompeni 1      : sstt bro, delengen kae si Tukiyem bayine anyar (nuding pariyem). Pamer dekne
Kompeni 2      : ndi tah ndi? Udak kitok aku (ekspresi penasaran)
Kompeni 1      : eheh paijan, kae lho kae bayine di gedhong jarik
Kompeni 2      : heleh paling kuwi golekan sing regane telung ewu, sing dituku ning pasar mbrayung ndek mau
Tukiyem          : sstttt, aja banter-banter mengko yen krungu penonton.. penonton..?? etok-etoke ceritane iki bayi urip ngono ya..
Kompeni 1      : yawis2 manut.. yo po ra?
Kompeni 2      : yo’i mamen.. ayo marani Tukiyem, hwahahaha (guyu angkuh)

(Tukiyem keweden)
Kompeni 2      : heh kowe pariyem, kita orango diutuso samo Letnan Ketuo untuk mengambilo your child.
Tukiyem          : awakmu iki jan-jane ngomong apa ta? Nyonge ora mudeng. Ana basa sing unine your child your child mau artine apa? Mecicil ngono?
Kompeni 1      : oh iya ding, dekne iki wong mbareng, dadi ora mudeng nek diomongi carane wong landa (bisik2 karo kompeni 2)
Kompeni 2      : your child iku nek carane wong mbareng artine “anakem” utawa “bayinem”
Tukiyem          : bayiku mung siji dudu enem, piye sih!
Kompeni 2      : heh lha kuwe kok ngeyelan, lha wong ning njero skenario kuwe iku berperan dadi wong sing menengan koo. Hare malah trogelan kaya ngene..
Tukiyem          : oh iya ya, ning njero skenario aku dadi wong sing duweni watak meneng lan pasrah. Saiki aku tak dadi wong sing menengan wis.. (akting dilanjutkan kembali)
Kompeni 1      : kene diutus karo Letnan ketua kanggo nyingkirake saben bayi sing lagi lair ana ing desa iki!
Tukiyem          : ora isa, iki anakku.. aku sing nglairake lan aku dhewe sing bakal ngrumati. Dadi awakmu ora duwe hak kanggo misahke aku lan bayiku sing ora duwe dosa apa-apa iki.. (ndekep bayine lan nglindungi bayine)
Kompeni 2      : kudune gelem !! yen ora, wong sadesa bakal cilaka lan kena akibate!!
Tukiyem          : apa akibate? Aku ora wedi..
Kompeni 1      : wong sadesa bakal diseksa banjur dikon kerja rodi sing abot panggaweyane lan ora diopahi !
Tukiyem          : terus apa hubungane karo bayiku? Bayiku ora salah apa-apa.. (nangis mingseg-mingseg)
Kompeni 2      : konon kandhane bayimu bakal dadi pandhekaring bangsa sing bisa ngalahake para kompeni belanda. Wis, manuto !! lurugo bayimu kuwi ana ing kali yen kuwe kapengin wong sadesa selamet !! hahahaha
Tukiyem          : emoh..
Para kompeni mau banjur ngrebut bayi iku saka tangane pariyem, nanging pariyem nyoba sekuat tenaga kanggo nglawan.
(adegan iki terjadi eneng-enengan bayi, bisa digawe versi lucu)
Tukiyem          : ajaaaaaaa……… wenehi aku wektu sawengi kanggo sing terakhir kaline aku nggendong bayiku (nangis mingseg-mingseg)
Kompeni 1      : ya, bakal tak wenehi wektu sewengi! Nanging yen nganti sesok bayimu isih urip,    bakal tak gorok lan tak bedil urip-urip ! wis ayo lunga !
Kompeni mau banjur lunga saka ngarepane pariyem.

Tukiyem bingung, amarga yen ora nyingkirake bayine wong sadesa bakal kena akibate.
Tukiyem          : ndhuk anakku, ngapurana ibumu iki.. awakmu kudu tak lurug ana ing kali, supaya wong sadesa ora ana sing cilaka.. yen pancene Gusti Allah maringi umur dhawa, awakmu bakal slamet nganti dewasa mengko. Lan banjur dadi wong kang bisa nulungi wong sadesa iki..
(banjur nglurug bayine ana ing kali)

(Tukiyem ana swara anak mau)
Srikandhi         : ibuuuuuuuuu……
Kena apa panjenengan nglurug anakmu dhewe bu? Anakmu sing mbok lairake saka guwa garbamu dhewe. Anakmu sing mbok andhut 9sasi sepuluh dina. Anakmu sing isih arupa bayi, sing isih putih suci ora duwe dosa apa-apa. Apa sejatine salahku bu? Apa sejatine luputku….? (swarane lantang, nanging sedhih)
Bareng krungu swara mau pariyem nyesel amarga wis nglurug bayine ana kali, ora suwe Tukiyem ninggalake papan panggonan iku mau.

Sawijining dina ing wanci esuk ana ibu-ibu sing pada umbah-umbah menyang kali.
Ibu 1    : wah seger tenan ya hawane, esuk-esuk wis menyang kali..
Ibu 2    : seger apane, coba aku dadi wong sugih. Uripku rak ya bakale ora kaya ngene iki. Esuk-esuk wis adhang sega, ngrumati anak, ngrumati bojo, banjur menyang kali umbah-umbah. Coba nek dadi wong sugih, mesti manicure pedicure ana salon, shopping lan liya-liyane..
Ibu 3    : kuwi isih mending, daripada aku saben dina mlitur, ngambril, nyincimi, nggrinda, wis makno sumpyoh ngurusi gaman (gaya centil)
Mbok randa     : uwis uwis, aja padha ngono. Urip iki kudune disyukuri isih diwenehi sehat kewarasan megar-megar kaya ngene..
Ibu 1    : iya mbok randa, kuwi bener..
Mbok randa     : ssstt, nyoba meneng sadhela. Krungu swara kae ora?
Ibu 2    : oalah, mbok mbok.. wis esuk, ora mungkin ana weden. Hem delengen padang njingglang kaya ngene.
Ibu 3    : kuwi ora weden, kayane swarane bayi nangis..
Ibu 1    : wah iya, anake sapa esuk2 wis nangis? Jajal ndang di luru..
Ora suwe bayi mau banjur dientuk mbok randa. Mbok randa seneng banget..
Mbok randa     : Ya Allah Gustii.. anake sapa iki ayune kaya ngene? Walah dalah sapa ndhuk sing tegel ngguwak awakmu iki..
Ibu 3    : mbok, aja dijupuk bayine. Mengko yen ketangkep karo kompeni mbok.. awake dhewe bakal cilaka.
Mbok randa     : ora, bayi iki ora salah apa-apa. Bayi iki bakal tak rumati lan bakal tak gulawentah nganti ngancik dewasa mengko..
Ibu 2    : ya wis sakarepmu mbok, aku ora melu-melu. Ayo pada bali mengko yen ketangkep kompeni..
Ibu-ibu            : iya ayo ayo..
Mbok randa banjur dhewekan, bayi mau malih dadi wanita dewasa kang duweni paras sing ayu rupane, dedege gedhe dhuwur, duweni sifat ksatriya kang bakal bisa numpas para walanda.
[mbok randa dan Srikandi saling tatap menatap muka (diiringi dengan sepenggal gurit kaya ing ngisor iki)]
Srengenge kang panjer jumedul ana ing antarane mega putih
dak antu-antu uga mekare Kenya kang awujud bisa dadi pandhekaring bangsa.
Lumampah sesigaring manah kang prayoga, jejiwa ksatriya kang ayodya.
Langit kang ngalap-alap sesumbar hawa adem tetes trintim saka sang bathara bayu,
mujudake titi wanci obahing jemparing panah kang ora mokal tumancep ana ing sigaraning jejiwa kang ala.
Srikandi           : aku srikandi, aku srikandi. Aku digulawentah dening mbok randa. Sanadyan mbok randa ora sapa-sapaku nanging ngluwihi wong tuwaku dhewe. Aku Srikandi, sinekseni bumi lan langit (menunjuk ke langit dengan jari telunjuk, penuh semangat yang berkobar) aku janji marang awakku dhewe bakal numpas para walanda sing duweni sifat kang keji marang bangsaku. Aku bakal merjuangke nasipe wong cilik supaya bisa ngrasakake kamardikan sing sakbenere. Duh Gusti kang maha kuwasa uga jagad lan saisine, nyuwun pangestumu ! (banjur metu saka panggung nanging selendang utawa sampure ketinggalan)

#Di sisi lain
Ora let suwe ana pangeran Pandu (putra Jendral kolonial Belanda) sing lagi liwat ana ing dalan iku. Banjur dheweke nemokake selendange Srikandi.
Pangeran Pandu          : apa iki? Apa iki!(raut wajah penuh dengan tanda tanya dan penasaran) (selendange banjur diambung) yen tak sawang-sawang selendang iki dudu sembarang selendang. Selendang iki mesthi duweke wanita kang duweni jiwa ksatriya. Duh Gusti sapa wanita kang duwe selendang iki bakal tak pinang lan tak dadekake permaisuriku.
(ora suwe pandu entuk telepon langsung ngangkat telepon iku mau, bisa digawe sing nyeleneh. Bar iku langsung bali menyang negarane) halo? Oh pak jokowi? Halo? Sinten? Oh pak prabowo? (bingung amarga sekali ngangkat telepon 2) apa? Ngopi? Siaapp.. apa? Dolanan bal-balan? Siap.. lha kepiye iki bingung dhewe aku sekali 2 sing ngejak..

Srikandhi bali maneh ana ing papan panggonan iku mau golekki selendhange sing ilang. Dheweke kebingungan.
Srikandhi         : duh nang ndi slendhangku? Tiba nang ndi? Yen aku bali ora gawa slendhang mesthi didukani simbok..
P. Pandu          : ehem,
Srikandhi         : (kaget) panjenengan sinten?
P. Pandu          : aja wedi cah ayu, aku Pangeran Pandu
Srikandhi         : apa awakmu kuwi anakke Jendral saka kolonial Belanda sing keji kuwi?
P. Pandu          : iya bener, nanging sifatku beda karo bapakku. Satemene aku iki wong becik, wong sing malah kapengin mbebasake rakyat2 ing desa iki.
Srikandhi         : aku ora percaya !
P . pandu         : terserah yen awakmu ora percaya, nanging bakal tak buktekake yen aku iki duwe niat kanggo merjuangke bangsamu.. apa slendhang iki duwekmu cah ayu?
Srikandhi         : (ngrebut slendhange, banjur lunga)
P . Pandu         : lho lho lho.. lha kok malah mlayu? Aku durung ngerti sapa jenengmu cah ayu.. (metu saka panggung)

Nalika ing wektu iku uga ana sakomplotan letnan jendral lan rombongane menyang alas niliki para rakyat sing lagi dikon kerja rodi lan diseksa.
(adegan menyiksa rakyat, dipukul, ditendang, dicaci maki dll)
Rakyat             : ampun tuan ampuunn.. (kesakitan)
Letnan             : tidak ada ampun-ampunan ! kerjakan semuanya !
Rakyat             : ba baik tuan..
(rakyat2 ketakutan)
Jendral lan letnan pada kekancan akrab tur wis raket banget, niate arep padha besanan.
Jendral             : kito sudah biso menjajah negeri ini, hahahaha
Letnan             : yo kito orango hebat.. kito sikso budak-budak ini, haha
Jendral             : kito sudah lamo berteman, kito jugo punyo anak sudah dewaso lantas kenapo kito orang tak menjodohkannyo?
Letnan             : ide yang baguss.. haha (tidak lama letnan segera memanggil putrinya) Noni.. Noni putri cantikku, haha
(tidak lama Noni datang dihadapan ayahnya)
Noni                : yes deydii.. what’s happen deydi?
Jendral             : Noni, mau kah kau  menjadi putri permaisuri untuk putra pangeranku?
Noni                : OMG Helloo.. Aku gelem dadi mantune jendral, ya po ra penonton? Dadi bojone pangeran Pandu, sing giagah awake gedhe dhuwur dowuuuu.. (gaya kecentilan)
Letnan             : huss, saru. Apane sing dowu?
Noni                : ikune.. ikune lho pak pak’e, ikune lhoo..
Letnan             : apane? Aja gawe wong tuwa penasaran
Jendral             : sstt aja padha geger, disensor wae digawe PR. Sing penting awakmu rak ya gelem dadi mantuku ta ndhuk?
Noni                : ya mestine gelem ta ya, iya po ra penonton? Sapa sing ora gelem dadi mantune jendral?
Letnan             : iku kena diurusi mburi. Wis ayo padha bali..
(akhire kabeh padha bali)

#di sisi lain
Ana 2 kompeni sing lagi jaga, ning kono ana Srikandhi sing arep nyusun strategi kanggo merdekakake bangsane. Srikandhi banjur konangan karo Kompeni 2 mau. Srikandhi lan kompeni mau ajak-ajakan (isa diiringi gawa musik)
Srikandhi         : wektu iki aku kudu bisa mbebasake rakyat-rakyatku saka siksaane para kompeni sing keji ! harus ! kudune isa. (ngatur tak tik sambil mlaku mondar-mandir)
Ora let suwe banjur konangan karo kompeni. Kompeni arep nangkep Srikandhi nanging ora isa. (ning kene terjadi puncak masalah, perang)
Kompeni 1      : ana suara apa iki kok kresak-kresek?
Kompeni 2      : hawane anak wong liya sing wani mlebu ana markase kene
Kompeni 1      : wah iya (karo gaya ngembus-ngembus)
(ana suara mak glodak)
Kompeni 2      : wah rupane kuwe ngger cah ayu sing wani wanine tanpa ijin mlebu markas iki?!
Srikandhi         : iya, aku !
Kompeni 1      : sapa sejatine awakmu ndhuk cah ayu
Srikandhi         : aku? Aku Srikandhi. Srikandhi sing bakal numpas kejine kelakuane para walanda !
Kompeni 2      : hahaha ora usah ndagel awakmu, ora isa lan ora bakal isa ! wis nyahono nyahene ora ana ko sijio wong sing bisa ngalahake Sang Jendral.
Srikandhi         : aja kok anggep remeh, sinekseni bumi lan langit aku bakal mbuktekake !
Kompeni 1      : haahh rasakno iki !
(tukaran lan gelut, banjur mlayu ajak-ajakan. Digawe sing lucu)
Kompeni 1      : wis stop kesel aku (menggos2)
Kompeni 2      : iya padha.. bocah lair lagi ndek wingi sore wani-wanine ngejak dolanan wong tuwa.
Srikandhi         : haha, wis? Semono tok kekuatanmu? Cemen wuuuu.. yeyeye lalala

Gang sadhela ana Jendral, Letnan, Noni dll sing padha mara ning papan kekadeaan iku mau.
Jendral             : ah? Sapa sing wani mateni prajuritku ! adepi akuu !
Srikandhi         : aku !
Jendral             : duweni niat apa awakmu iki
Srikandhi         : aku? Aku nang kene duweni tujuan mung siji yaiku numpas kelakuan sing keji marang wong cilik sing ora salah apa-apa. Mbelani  bangsaku sing duweni hak kanggo mardika.
Jendral             : oo yen niatmu pancen kaya mangkono, coba adepi dhisik aku ! langkahi mayitku
!
(Gang sadhela ana pangeran pandu sing niate arep ngewangi Srikandhi.)
P . Pandu         : aku sing bakal ngrewangi Srikandhi.
Jendral             : sajake kuwe iki anakku kenapa kok mbelani sebangsa wong-wong cilik iki?! Hee?!
P . pandu         : aku ora sudi duwe bapak sing keji lan seneng nyeksa manungsa liyane
Jendral             : oo ngono? hiyyaaaaakkk
(perang)
Srikandhi         : rasake iki ! (nuncepke jemparing ning dadane Jendral)
Jendral             : aarrrgghhhhhhhh……..
Srikandhi         : dudu salahku yen wis dadi kaya mangkene kahanane
Kabeh wong-wong padha tunduk marang Srikandhi. Pasukan kompeni bisa dikalahake dening Srikandhi
Rakyat2           : hidup Srikandhi.. hidup Srikandhi..
P . Pandu         : srikandhi, sasuwene iki aku nyimpen rasa tresna marang sliramu..
Noni                : hah? Apa? OMG heloo.. terus aku piye? Huhh (sebel, terus metu saka panggung)
(endinge pangeran pandu lan Srikandhi gandengan tangan tur metu saka panggung. Rakyat sing liyane sorak-sorak)

Akhire saiki nasipe rakyat sadesa wis mardika lan bebas saka jajahane walanda.