Minggu, 19 April 2015

Gurit Kajujuran



Katresnan kang Ambyar

Dak sawang lumakumu jejeg mengarep
Ngrembaka bisa open atiku
Ayem tentrem nalikane sliramu nggandheng tanganku
Nalikane isih dadi pangayom ana sisih tengenku
Bebungah sauntara kaya kumerlape kartika ing angkasa

Ananging, lamat-lamat dakdeleng sansaya mabur rasamu
Prasasat awakku kaya ngoyak playune angin
Dakturut ngalor lakumu ngidul
Dakcegat wetan sliramu ngulon
Oalah dalah, jebul rasa tresnamu wus ambyar
Ambyar katerak angin kang wis ngadang atimu
Jebul sliramu wus nglirik puspita ayu kang ana sisih kae?
Saiki aku wus mudeng kang mas…
Aku mung bisa mesem nyawang polahmu
Mesem kang daklambari eluh kang tiba tumetes ing pipiku
Prasasat aku kaya wis kelangan srengenge sing biasane madangake atiku
Peteng ndhedet sakeplasan
Kaya kena kilat bledeg ing tengahing segara

Alon aku jumangkah
Ninggalake gandhane kringet sing maune bening dadi buthek
Rasane awakku wus kesel ngundha kangen
Yen dideleng prasasat nganti kaya wong lara ora ketamban
Lamat-lamat keprungu tembangmu
Lirih wiramane ngalentrih
Apa pancen aku mung wenang ngrungokake tembangmu
Sing wiramane ngalentrih iku
Sing marakake tatu ing sajroning dhadhaku sansaya jeru


Gela, gela tenan awakku
Gela tenan yen ngelingi janjimu marang sliraku
Nang ndi ta janjimu kae?
Apa mung lamis wae kang?
Apa ya melu ambyar bebarengan angin mau?
Ambyar, ambyar tenan rasa tresnamu
Nyang ndi bakal daktemokake maneh
Sapa ngerti isih ana sacuwil katresnan kang bisa dakkukut
Banjur daklarung bebarengan rasa kuciwaku iki


Wus dak ikhlasake awakmu nututi Kenya ayu kae
Tutugna olehmu mlayu
Awakku ora bakal nggondheli lumakumu maneh
Sanadyan ta atiku ajur muwur, delengen aku isih bisa mesem
Mesthine kabeh iki mau wis ginaris
Wis dadi kodrat kang tinakdir saka sing kuwasa





Sabtu, 10 Januari 2015

Cerita Rakyat "Keong Mas"



Keong Mas

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
 “Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
 “Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.

Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.




Cerita Rakyat "BAWANG ABANG LAN BAWANG PUTIH"



BAWANG ABANG LAN BAWANG PUTIH

Bawang Putih yaiku bocah wadon kang wis ora duwe bapak lan ibu. Deweke urip karo ibu tirine sing duwe anak wadon kang umure padha karo Bawang Putih. Saben dina Bawang Putih dikongkon nyambut gawe sing abot-abot, umpamane ngangsu nyang sumber sing jarake adoh seko omah.
Kosok baline si Bawang Abang ora tau dikongkon ngrewangi ibune. Gawean sing gampang, umpamane makani ayam, nyapu latar, ngguwang resak, kabeh kudu ditindakne Bawang Putih, padahal Bawang Abang ora nyambut gawe opo-opo.
Bawang Putih ugo dikongkon golek kayu bakar kanggo masak. Nanging Bawang Putih ora tahu ngresula. Bawang Putih nglakoni urip kanthi tabah, sanajan ibu tirine ora adil. Amargo saben dina nyambut gawe mula awake Bawang Putih katon seger lan singset. Rupane ayu tur kulite resik.
Bawang Abang saben dina gaweane mung dandan lan mangan. Bawang Abang ora trima yen kalah ayu lan kalah menarik tinimbang Bawang Putih.
Sak wijining dina, Bawang Putih dikongkon ngumbahi ana ing kali. Sak suwene umbah-umbah, Bawang Putih dibantu karo iwak emas ajaib. Saben klambi sing reget dicelupne ana ing kali langsung resik. Mulane Bawang Putih cepet rampung anggone umbah-umbah.
Ngerti yen olehe ngumbahi cepet rampung, ibu tirine dadi curiga. Terus ngakon si Bawang Abang ngetutke Bawang Putih nek umbah-umbah.
Liya dina Bawang Abang, kandha karo ibune yen arep ngumbahi menyang kali. Nanging sak temene mung arep nyekel iwak mas ajaib sing gawene ngewangi ngumbahi Bawang Putih. Bareng wis dicekel, iwak mas kuwi banjur digawa mulih lan digoreng karo ibuke.
Sak banjure iwak mas goring mau dipangan Bawang Abang lan ibune, nganti meh entek. Sing diturahke mung endas karo balung erine. Nanging Bawang Putih ora gelem mangan, malah turahan kuwi dikubur ana ing latar omahe. Ora suwe, papang sing dingo ngubur mau tuwuh tanduran sing wujud kembang sing elok rupane.
Sak wijining dina ana Pangeran sing liwat ing sak ngerepe omahe Bawang Putih. Banjur Pangeran mau mudun seko jarang lan takon sapa sing nandur kembang kuwi. Bawang Abang ngaku yen deweke sing nandur. Pangeran mau malah gedeg, nandakake yen dudu Bawang Abang sing nandur. Sejatine Pageran wis ngerti sing nandur kuwi Bawang Putih. Mulane Bawang Putih diboyong menyang kerajaan arep didadekne garwane.

Legenda "Tangkuban Perahu



Legenda Tangkuban Perahu

Dicaritakake nak Raja Sungging Perbangkara lunga berburu. Ning tengah hutan sang Raja buang pipis sing ditadahi ono ing godhong caring. Ono babi hutan jenenge Wayung sing isih topo pengen dadi manungsa ngombe banyu pipis iku, Wayung sing meteng lan nglahirke bayi ayu. Bayi iku digawa neng keratin karo bapake lan diparingi jeneng Dayang Sumbi alias Rarasati.
Akeh Raja sing pengen minang, naming rak ono sing ditampa.
Akhire kathah raja ingkan saling perang. Dayang Sumbi banjur ngasingke awake dhewe ono ing bukit dikancani asu lanang, jenenge Tumang. Nembe asik nenun, torak sing dienggo nenun kain tiba ing ngisor. Dayang Sumbi merga ngrasa males, ngucap tanpa dipikir dawa, deweke ngucap barang sapa iso mbalikke torak sing tibo mau, nak wong lanang bakal dijadike bojone. Tumang mbalikke torak lan diparingke marang Dayang Sumbi. Dayang Sumbi akhire nglahirke putra sing diparingi jeneng Sangkuriang.

Pas Sangkuriang berburu ono ing hutan, Tumang dikongkon ngoyak babi wadon Wayung. Marga Tumang ora manut banjur dipateni dening Sangkuriang. Atine Tumang diparingke marang Dayang Sumbi, banjur dimasak lan dipangan. Sakwise Dayang Sumbi ngerti nak sing dipangan iku atine si Tomang, Dayang Sumbi dadi murka lan ngepruk sirahe Sangkuriang karo sendok sing digawe seko tempurung kelapa nganti gawe bekas lecet.
Sangkuriang banjur lunga ngembara muteri dunia. Saksuwine mlampah menyang wetan akhire tekan daerah kulon meneh lan ora sadar wes balik ono ing panggonane Dayang Sumbi, panggone ibune. Sangkuriang orak ngenali nak putri ayu sing ditemoni iku Dayang Sumbi – ibune dewe. Merga padha rak ngertine banjur kedadean padha saling tresna. Ora sengaja Dayang Sumbi ngerti nak Sangkuriang iku putrane dewe, merga anane tandha lecet ing sirahe Sangkuriang. Nanging Sangkuriang rak gelem terimo lan ngeyel njaluk rabi karo Dayang Sumbi. Banjur Dayang Sumbi nyuwun marang Sangkuriang supadhos digawekke perahu lan tlogo kanggo mbendung kali Citarum , diparingi wektu sewengi. Sangkuriang nyanggupi.
Banjur digawe perahu seko wit sing tukul ono ing wetan, tunggul/pokok wit iku malih dadi gunung Ukit Tanggul. Rantinge dikumpulke ono ing kulon lan dadi Gunung Burangrang. Dibantu karo guriang , bendungan iku wes meh dadi. Tapi Dayang Sumbi nyuwun marang Sang Hyang Tunggal supadhos maksude Sangkuriang iku rak kedadean. Dayang Sumbi banjur nyebarke irisan boeh raring (kain putih tenunane), pas iku srengenge metu saka wetan. Sangkuriang jadi wedhi, ing angkara murka bendungan sing ono ng Sanghyang Tikoro dijebol, sumpelan aliran kali Citarum dibalangke marang wetan lan dados awujud Funung Manglayang. Banyu Talogo Bandung akhire asat meneh. Prahu sing digawe karo susah payah iku dipancal menyang lor lan malih wujud dados Gunung Tangkuban Prahu.
Sangkuriang trus ngoyak DAYANG Sumbi sing mendadak ngilang ono ing Gunung Putri lan malih wujud jadi kembang jaksi. Sangkuriang dhewe sakbare tekan ono ing panggonan sing diarani Ujung berung akhire banjur ngilang marang alam ghaib (ngahiyan



Cerita Rakyat "RORO JONGRANG"



RORO JONGRANG
Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.
Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
“Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?” Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso “Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate.”
“Apa iku syarate?” Jare Bandung Bandowoso.
“Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!” Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.
Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.
Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.