Katresnan
kang Ambyar
Dak
sawang lumakumu jejeg mengarep
Ngrembaka
bisa open atiku
Ayem
tentrem nalikane sliramu nggandheng tanganku
Nalikane
isih dadi pangayom ana sisih tengenku
Bebungah
sauntara kaya kumerlape kartika ing angkasa
Ananging,
lamat-lamat dakdeleng sansaya mabur rasamu
Prasasat awakku kaya
ngoyak playune angin
Dakturut ngalor
lakumu ngidul
Dakcegat wetan
sliramu ngulon
Oalah dalah, jebul
rasa tresnamu wus ambyar
Ambyar katerak angin
kang wis ngadang atimu
Jebul sliramu wus
nglirik puspita ayu kang ana sisih kae?
Saiki aku wus mudeng
kang mas…
Aku mung bisa mesem
nyawang polahmu
Mesem kang daklambari
eluh kang tiba tumetes ing pipiku
Prasasat aku kaya wis
kelangan srengenge sing biasane madangake atiku
Peteng ndhedet
sakeplasan
Kaya kena kilat
bledeg ing tengahing segara
Alon aku jumangkah
Ninggalake gandhane
kringet sing maune bening dadi buthek
Rasane awakku wus
kesel ngundha kangen
Yen dideleng
prasasat nganti kaya wong lara ora ketamban
Lamat-lamat
keprungu tembangmu
Lirih wiramane
ngalentrih
Apa pancen aku
mung wenang ngrungokake tembangmu
Sing wiramane
ngalentrih iku
Sing marakake tatu
ing sajroning dhadhaku sansaya jeru
Gela, gela tenan
awakku
Gela tenan yen
ngelingi janjimu marang sliraku
Nang ndi ta janjimu
kae?
Apa mung lamis wae
kang?
Apa ya melu ambyar
bebarengan angin mau?
Ambyar, ambyar tenan
rasa tresnamu
Nyang ndi bakal daktemokake
maneh
Sapa ngerti isih ana
sacuwil katresnan kang bisa dakkukut
Banjur daklarung
bebarengan rasa kuciwaku iki
Wus dak ikhlasake
awakmu nututi Kenya ayu kae
Tutugna olehmu mlayu
Awakku ora bakal
nggondheli lumakumu maneh
Sanadyan ta atiku
ajur muwur, delengen aku isih bisa mesem
Mesthine kabeh iki
mau wis ginaris
Wis dadi kodrat kang
tinakdir saka sing kuwasa